WorksheetsUlangan bahasa rinengga kelas x
Total questions: 38
Worksheet time: 19mins
jinis-jinis tembung basa rinengga kuwi ana loro, yaiku tembung..... lan tembung........
(a)
Tembung loro sing nduweni teges padha digandheng dadi siji digunakake bebarengan kanggo mbangetake surasane. ukara kasebut minangka teges saka tembung (a)
Tembung camboran yaiku tembung loro sing digandheng dadi siji banjur nuwuhake (a)
ana rong jinis tembung camboran, yaiku (a)
tembung loro utawa luwih sing digandheng dadi siji banjur nduweni teges siji. teges saka tembung camboran (a)
tembung loro kang digandheng panulisane saka sebageyan wandane. ukara kasebut minangka teges saka tembung camboran (a)
Urip ing ndesa iku pancen adhem ayem.
ukara kasebut minangka tuladha saka tembung.....
Camboran wutuh
Camboran Tugel
Saroja
dhelik, dubang, kagolong tuladha saka tembung....
camboran wutuh
camboran tugel
saroja
abot entheng disangga bareng-bareng.
ukara kasebut kalebu tuladha saka tembung....
camboran wutuh
camboran tugel
saroja
BASA Rinengga yaiku basa sing ngemu surasa kaendahan. endhahe amarga (a)
paragraf kang gunakake tetembungan basa rinengga yaiku
UKS-e kudu lengkap isine sokur ana dhokter pengawas sing kalamangsa nunggoni UKS, kader kesehatan uga kudu ana supaya ana calon-calon penerus tenaga medis
ing area sekolah kudu akeh wit-witan kang cukup gedhe, syokur ngasilake uwoh. wit-witan ditandur ing plataran ngarep antarane gedhang karo gedhung mburi lapangan.
Mbiyen ora ana sing nglirik saiki dadi rebutan. kepopulerane saya tambah merga tanduran kang beracun iki paedahe akeh banget. wiiwt minangka bahan baku biodisel, tanduran obat tradhisional, pakan ternak lan sumber pupuk.
saiki rumangsa donya kekurangan bahan bakar minyak, merga cadangan minyak sansaya entek, manungsa bali gunakake bahan baku jarak minangka bahan bakar disel. Yen dibanding karo BBM lenga jarak luwih nguntungake merga sumbere ora bakal entek angger gelem nandur.
Sawise pikirane kagelar kagulung, Dewi Sedhah Merah wis manteb nedya nduwa kersane ramane yen nganti dheweke arep kadhaupake klawan patih Jatasura.
Ukara ing ngisor iki kang ngemu teges basa rinengga yaiku ....
He, lungguhmu aja jigang kaya ngono kuwi ora sopan, tur ora pantes disawang
Sapa sing rumangsa salah, wis samestine kudu gelem ngakoni salahe, becike banjur njaluk pangapura.
Nalika tekan papan kang dituju, bocah wadon mau gage-gage mudhun, terus mlebu omah cet biru.
Pancen pantes yen dadi patuladhan, dhasar ayu rupane, sumunar cahyane, gandhes luwes solah bawane.
Cahyane lampu sokle cumlorot madhangi dalan sing diliwati, lan papan sakiwa tengene, nganti katon watu gedhe-gedhe kang njegreg kaya tugu.
Lha wong wis genah ora nggawa SIM lan uga ora nganggo helm, e lha kok tetep liwat dalangedhe. Wusana ya ketangkep pulisi tenan. Iku rak jibles karo unen-unen:
ula marani gepuk
Kutuk marani sunduk
Iwak kalebu wuwu
Wangsulan a lan b bener
Belo melu seton
Sejatine Pak Sulis iku ora pati pinter lan isih durung pengalaman babagan nernak sapi perah, kena apa soban-saben ketemu wong mesthi crita ngayawara, kamangka ora ana sing takon. Nanging ya geg kok tansah kepingin ditakoni liyane wae. Mangakane iki kena ingaranan...
Gong lumaku tinabuh
sumur lumaku tinimba
mikul dhuwur mendem jero
bathok bolu isi madu
wangsulan a lan b bener
Dadi bocah iku mbokyo aja seneng wadul wadul! Omongane wong kene digawa mrana,omongane wong kana digawa mrene. Iku rak jeneng...?
tumbak cucukan
criwis cawis
legan golek momongan
rembuge peret beton
guneme mencla-mencle
ewi Sedhah Merah kaya-kaya pupus atine kanggo mecaki dina-dina ing lembaraning uripe. Senajan wis ora kurang-kurang anggone adipati Siung Laut nggedhekake atine putrine, nanging sekaring kadhaton kadipaten Blambangan kuwi kaya-kaya saya kelem jroning panulangsa. Temtembungan kang ngemu surasa ora salugune ing pethikan teks kasebut yaiku …
Dewi Sedhah Merah kaya-kaya, pupus atine, kadipaten Blambangan
Pupus atine, lembaraning uripe, nggedhekake atine
Wis ora kurang-kurang, sekaring kadhaton, kelem jroning panulangsa
Pupus atine, adipati Siung Laut, kadipaten Blambangan
Wis ora kurang-kurang, sekaring kadhaton, jroning panulangsa
Sing lumrah cinandra ngombak banyu iku apane?
lembehane wanita
swarane wanita
playune wanita
rambute wanita
mlakune wanita
Pakulitane kuning langsep, kalebu candrane ....
tandang gawe
lingkungan
rasane buah
solah bawa
perangan awak
lambene mblarak sempal, kalebu candrane
rasane ati
pakulinan
solah bawa
manungsa
tetukulan
bedane basa kang dianggo ing teks sastra lan teks non sastra yaiku
teks sastra akeh gunakake tembung entar lan simbol-simbol dene teks non sastra gunakake tembung kang tegese lugas lan faktual
teks sastra akeh gunakake tembung denotatif lan simbol-simbol dene teks non sastra gunakake tembung kang tegese lugas lan faktual
teks non sastra akeh gunakake tembung multi tafsir dene teks sastra gunakake tembung sing ditegesi sapa wae pada
teks sastra akeh gunakake basa resmi lan simbol-simbol dene teks non sastra gunakake basa kang ora resmi
teks sastra rakitane tembung lumrah wae dene teks non sastra rakitane tembung nuwuhake wirama
Kang dudu kalebu dasanamane pranatacara yaiku...
panata adicara
pambiwara
pranata laksitaning adicara
panata sasmitaning adicara
pranata adicara
Kang dudu kalebu sarat dadi pranatacara yaiku...
olah raga
olah basa lan sastra
pawiyatan
olah swara
wiraga lan busana
Mangan tebu, arep banyune emoh ampase. Tegese paribasan kasebut yaiku ....
ora pamrih marang apa wae
gelem enake ora gelem rekasane
ngapusi wong liya
ragu marang apa wae
ngakali wong liya kanggo golek bathi
Jinising basa rinengga kang titikane utawa ciri-cirine nganggo tembung kaya, lir, kadya, pindha, lan liya-liyane kang ngemu teges kaya diarani....
Purwakanthi
Bebasan
Saloka
Pepindhan
Paribasan
Basa rinengga yaiku....
Basa sing dipaesi utawa basa kang endah
Basa Jawa kang alus banget
Basa kang angel dingerteni
Basa Jawa kulonan
Basa Jawa kang nduweni teges akeh
Ayu lan baguse pawongan ora dideleng saka rupane, nanging tyas kang suci.
Tyas kalebu tembung kawi, kang tegese....
Jiwa
Kabecikan
Bandhane
Kapinterane
Ati
Biyasane basa rinengga digunakake ana ing ngisor iki, kajaba....
Geguritan
Artikel
Panyandra Manten
Lagu utawa tembang
Parikan
Ana dina, ana upa
Ana awan, ana pangan
Unen-unen ing ndhuwur kalebu purwakanthi guru....
Swara
Lagu
Lumaksita
Sastra
Basa
Ancik-ancik pucuking eri
Unen-unen kasebut kalebu....
Pepindhan
Wangsalan
Bebasan
Paribasan
Saloka
Tangane Ratih aluse kaya sutra.
Ukara ing ndhuwur kalebu....
Paribasan
Pepindhan
Entar
Saroja
Wangsalan
Tembung saroja nduweni fungsi kanggo....
Menehi rasa endah
Njelasake teges
Nambahi rasa mbangetake
Nambahi rasa cetha
Nggambarake kahanan
Purwakanthi kang ana tembung dibaleni diarani purwakanthi guru....
Lagu
Swara
Sastra
Lumaksita
Wilangan
"Pak Tarno adus kringet kanggo nguripi kulawargane lan nyekolahake putrane"
Tembung adus kringet kalebu tembung....
Entar
Saroja
Wangsalan
Paribasan
Bebasan
Sampun sawatawis dangu sri pinanganten lenggah ing sasane kursi rinengga kinebutan dening elaring manyura, kongas gandhane kadya bethari supraba.
Teks pranata adicara ing ndhuwur ditujokake kanggo nyandra....
Manten putri
Manten kakung
Bapak lan Ibu
Bapak lan Ibu Besan
Prosesi temu manten
Majas kang isine "nguwongake" barang utawa kewan utawa makhluk urip, yaiku diarani....
personifikasi
hiperbola
ironi
metafora
litotes
Unen-unen iki sing kalebu paribasan yaiku ....
esuk dele sore tempe
becik ketitik ala ketara
ngubak-ngubak banyu bening
cincing-cincing meksa klebus
njagakne endhoge pithik blorok
