wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Drama Modern

Total questions: 20

Worksheet time: 20mins

Name
Class
Date
1.

Para paraga dikenalake watake uga pandhapuke ing drama, ing perangan iki kalebu struktur teks drama . . . .

a)

orientasi

b)

komplikasi

c)

resolusi

d)

kodha

2.

Para paraga diadhepake ing prakara (konflik) dhewe-dhewe kang ruwet nganti tumekane klimaks, ing perangan iki kalebu struktur teks drama . . . .

a)

orientasi

b)

komplikasi

c)

resolusi

d)

kodha

3.

Manut isine, pethikan teks drama modern ing dhuwur kalebu bageyan struktur teks . . . .

a)

orientasi

b)

komplikasi

c)

resolusi

d)

kodha

4.

Pesen utawa nilai-nilai moral kang disampekake marang pamiyarsa ing sawijine teks drama iku diarani . . . .

a)

orientasi

b)

komplikasi

c)

resolusi

d)

kodha

5.

Setting wayah lan panggonan crita drama ing dhuwur yaiku . . . .

a)

esuk, ing ruwang tamu

b)

esuk, ing ruwang dhahar

c)

siyang, ing ruwang tamu

d)

siyang, ing ruwang dhahar

6.

Tembung wisuh tegese padha karo . . . .

a)

ngumbah

b)

wijik

c)

ngelap

d)

nyeka

7.

Pesen moral saka crita drama ing dhuwur yaiku:

a)

Tansah eling pesen Ibu nalika wayah pandemi.

b)

Tansah njagi karesikan ing babagan apa wae nalika wayah pandemi.

c)

Tansah manut marang pituture wong tuwa

d)

Tansah akeh mangan supaya sehat.

8.

Manut wacan drama ing dhuwur, Tomi bingung merga arep ngadhepi ujian praktik mata pelajaran ....

a)

agama

b)

olah raga

c)

prakarya

d)

basa Jawa

9.

Ukara kang isine prentah marang wong liya supaya nindakake pakaryan manut apa kang diprentahake diarani ukara . . . .

a)

agnya

b)

pitakon

c)

andharan

d)

sambawa

10.

Ukara kang isine ngemu teges pangarep-arep, senajan, utawa upama, diarani ukara . . . .

a)

sambawa

b)

agnya

c)

pitakon

d)

andharan

11.

Ayo turua dhisik supaya sesuk ora kariban!

Ukara kasebut kalebu ukara ....

a)

sambawa

b)

agnya

c)

pitakon

d)

amdharan

12.

“Nggarapa tugas yen sambat wae ya ora bakal mlebu ilmune!”

Ukara ing dhuwur nduweni teges ....

a)

ngongkon nggarap

b)

muga-muga nggarap

c)

upama nggarap

d)

senajan nggarap

13.

Drama iku sawijining aksi solah bawa kang dipentasake ing panggung. Ing bebrayan Jawa drama uga diarani . . . .

a)

sandhiwara

b)

opera

c)

sinetron

d)

kethoprak

14.

Paraga drama iku ana sing duwe watak/karakter becik lan ora becik utawa ala. Paraga drama sing duwe watak becik diarani paraga ....

a)

antagonis

b)

tritagonis

c)

protagonis

d)

figuran

15.

Ing teks drama iku lumrahe nyritakake sawijine papan panggonan lan wektu rikala crita kasebut dumadi. Panggonan lan wektu dumadine crita drama diarani . . . .

a)

setting

b)

casting

c)

akting

d)

editing

16.

Wong sing tugase mimpin lan ngatur lumakune drama diarani . . . .

a)

Produser

b)

Sutradara

c)

Aktor

d)

Fotografer

17.

Sinaua mau bengi aku bisa nggarap soal ulangan iki kanthi gampang.

Ukara kasebut kalebu ukara sambawa kang ateges ....

a)

upama sinau

b)

ngongkon sinau

c)

muga-muga sinau

d)

senajan sinau

18.

Runtute crita ing drama iku ana kang lumakune maju uga ana kang mundur. Urut-urutane prastawa ing crita drama wiwit saka prolog, puncake masalah (klimaks) nganti tekan pangudhare prakara lan pungkasan crita diarani . . . .

a)

amanat

b)

tema

c)

alur

d)

musikalitas

19.

Ukara kang nduweni pola Jejer-Wasesa-Lesan yaiku ...

a)

Adhiku ngguyu nyekakak.

b)

Rudi tuku buku.

c)

Ibu masak ing pawon.

d)

Bapak tindak dhateng Malang.

20.

Sinta sinau basa jawa ing kamar.

Ukara kasebut nduweni pola ....

a)

Jejer-wasesa-lesan-katrangan

b)

Katrangan-jejer-wasesa-lesan

c)

Jejer-wasesa-katrangan-lesan

d)

jejer-lesan-wasesa-katrangan