wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

KELAS 6 BAHASA JAWA SEMESTER 1

Total questions: 20

Worksheet time: 9mins

Name
Class
Date
1.

Bocah-bocah lagi mloya-mlayu ing lapangan kidul desa.

Ukara ing dhuwur iku sing kalebu tembung dwilingga salin swara yaiku....

a)

bocah-bocah

b)

mloya-mlayu

c)

lapangan

d)

kidul desa

2.

Anak wedus jenenge cempe, yen anak sapi jenenge....

a)

bledug

b)

beyes

c)

pedet

d)

cemeng

3.

Bayu, braja, maruta, pawana lan samirana iku dasamanane ....

a)

langit

b)

geni

c)

angin

d)

bumi

4.

Gagasan pokok kang dadi dhasaran kanggo ngembangake carita diarani ....

a)

tema

b)

judul

c)

alur

d)

pacelathon

5.

Gamelan biasane kanggo ngiringi tarian, utawa seni pertunjukan kayata wayang kulit lan kethoprak. Gamelan biyasane kanggo ngiringi swara penyanyi Jawa. Nalika nuthuk gendhing kudu tansah nggatekake....

a)

mangsa

b)

titi swara

c)

titilaras

d)

titisastra

6.

Kinanthi

Mangka kantining tumuwuh,

Salami mung awas eling,

Eling lukitaning alam,

Dadi wiryaning dumadi,

Supadi nir ing sangsaya,

Yeku pangreksaning urip.

Tembang ing dhuwur guru lagu lan guru wilangane yaiku....

a)

8a, 8i, 8u, 8e, 8o,8i       

b)

8i, 8u, 8e, 8o, 8a, 8i    

c)

     

8u, 8a, 8i, 8u, 8a, 8i

d)

8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i

7.

Bapak wis teka, aku durung adus.

Basa kramane sing becik yaiku....

a)

Bapak sampun rawuh, kula dereng siram.

b)

Bapak sampun dugi, kula dereng adus.

c)

Bapak sampun rawuh, kula dereng adus.

d)

Bapak sampun kondur, kula dereng siram.

8.
a)

ana dina ana upa

b)

ana alangan mungkura

c)

ana catur mingkur

d)

ana catur mungkur

e)

mingkar-mingkuring angkara

9.

kang diarani pembarepe punakawan kuwi sapa?.........

a)

semar

b)

gareng

c)

pitruk

d)

bagong

10.

Tembang Pucung iku ana …

a)

3 gatra

b)

4 gatra

c)

5 gatra

d)

6 gatra

11.

Babagan sing ora perlu dilaporke nalika nulis laporan....

a)

sing diamati

b)

wektu ngamati

c)

panggonan ngamati

d)

bekal ngamati

12.

1) Kembang jagung arane sinuwun

2) Kembang lombok arane gleges

3) Kembang cengkeh arane polong

4) Kembang blimbing arane maya

Arane wit lan kembang sing bener ditunjukake nomer....

a)

1, 2, 3, 4

b)

2 lan 4

c)

1 lan 4

d)

1, 3, lan 4

13.

     Gatekna cuplikan geguritan iki!

Panase surya tan rinasa

Kesele awak tan ginubris

Kang diesti among makarya

Oleh karya

Kanggo putra

Isi pethikan geguritan iku ngemu rasa…

a)

Jengkel nalika nyambut gawe ing ngalas         

b)

Sabar, nalika nyambut gawe kanggo keluarga

c)

Ora trima amarga dadi wong kakeyan gawean

d)

Kangen marang wong kang nyambut gawe

14.

Gathekna data ing ngisor iki!

1.    Kendhang                  4.  Gitar

2.    Keybord                     5.  Kempul

3.    Kethuk                       6.  Kenong

Ing ngisor iki kang kalebu ricikane gamelan yaiku....

a)

3, 5, 6

b)

1, 3, 5

c)

4, 5, 3

d)

3, 2, 1

15.

Tuladha ukara tanggap ing ngusor iki yaiku....

a)

Adhi nangis gara-gara tiba.

b)

Budi dikongkon ibune tuku gula.

c)

Bayu numpak sepur seneng banget.

d)

Santi nyirami kembang ing pekarangan.

16.

Bocah kui lungguhe anteng kitiran.

Tegese sanepa ing ndhuwur yaiku....

a)

tansah anteng banget

b)

tansah polah ora bisa meneng

c)

tansah tengok-tengok nganti keturu

d)

tansah ajeg ora bisa obah

17.

Ukara ing ngisor iki sing kalebu krama inggil yaiku....

a)

Kula dipunsukani duwet kathah.

b)

Simbah dipunaturi sare wonten kamar

c)

Adik lagi dolanan ana ing plataran

d)

Bapak nembe kesah saking omah.

18.

Pakdhe nembe ngendikan kalian Mas Anas sing ana kutha Malang kanthi sarana ....

a)

televisi

b)

radio

c)

bis

d)

telepon

19.

Kembang kencur, ganda sedhep sandhing sumur.

Kudu jujur, ....

Lanjutane parikan ing ndhuwur yaiku....

a)

yen kepengen uripe ajur

b)

yen kepengen uripe makmur

c)

yen kepengen nduweni sumur

d)

yen kepengen tuku kasur

20.

Perangane layang kang nelakake unggah-ungguhe kang ngirim layang marang wong kang dikirimi diarani....

a)

adangiyah

b)

titi mangsa

c)

surasa basa

d)

wasana basa