NEW
Font size
WorksheetsBima Bungkus
Total questions: 15
Worksheet time: 8mins
1. Paraga baku sing ana ing sajroning crita Bima Bungkus yaiku… .
a. Bathara Narada
b. Gajah Sena
c. Bathara Indra
d. Bratasena
e. Duryudana
2. Miturut crita Bima Bungkus paraga sing lagi nandhang susah yaiku… .
a. Prabu Pandhu Dewanata lan Dewi Kunthi
b. Gajah Sena
c. Permadi
d. Bratasena
e. Kurawa
3. " Kurawa uga melu cawe-cawe arsa mecah bungkus, sanadyan amung lelamisan, bakune arsa nyirnakake si bungkus. "
Tembung lelamisan sing ana ing pethikan teks ing dhuwur tegese… .
a. tenanan
b. ethok-ethok
c. temenan
d. nyata
e. ngegla
4. Paraga sing bisa ngruwat utawa mecah marang si Bungkus miturut teks ing dhuwur yaiku … .
a. Bathara Brama
b. Bathara Endra
c. Bathara Guru
d. Gajah Sena
e. Gajah Mada
5. Saka crita Bima Bungkus relevansine karo jaman saiki yaiku… .
a. nglakoni samubarange kuwi ora kudu dipikir disik
b. aja isin kanggo tumindhak ala ing jaman saiki
c. aja padha congkrah antarane sedulur
d. kudu sabar ngadhepi sanak sedulur aja njur ngawur
e. aja grusa grusu nalika entuk pacoban urip banjur tumindhak nekat
6. Ibu saka paraga Bungkus yaiku… .
a. Dewi Sukesi
b. Dewi Gandari
c. Dewi Kunthi
d. Dewi Larasati
e. Dewi Madrim
7. “Wong manawa pengin oleh pakurmatan iku kudu ngatonake luwih dhisik labuh labete marang wong liya.“
Pratelan iki cocok kanggo paraga ing crita Bima Bungkus, yaiku paraga… .
a. Bathara Guru
b. Pandhu Dewanata
c. Bratasena
d. Gajah Sena
e. Werkudara
8. Setting papan panggonan nalikane si Bungkus bisa ruwat / pecah yaiku ana ing… .
a. Praja Astina
b. Praja Amarta
c. Kayangan Suralaya
d. Alas Krendhawahana
e. Alas Wanamarta
9. Prabu Pandhu marang Werkudara iku kaprenah… .
a. bapa
b. putu
c. buyut
d. canggah
e. sedulur
10. “Kurawa uga melu cawe-cawe arsa mecah bungkus, sanadyan amung lelamisan, bakune arsa nyirnaaken si bungkus”
Pitutur kang kamot ing pethilan kasebut yaiku… .
a. samubarang kudu dilandhesi ati kang ala
b. tetulung iku kanthi ati kang iklas
c. aja mung ngandhelke gunem
d. urmat marang sedulur tuwa
e. tumandhang iku sing tenanan
11. "Gilir gumanti para dewa ngadhepi kridahaning Gajah Sena, kawiwitan Bathara Endra, bathara Brama lan Bathara Yamadipati, nanging kabeh padha asor ing yuda.”
Tembung asor iku duwe teges… .
a. menang
b. kalah
c. mudhun
d. ngisor
e. mlayu
12. “Wong urip iku aja seneng meksa kekarepane marang wong liya “
Pratelan iki cocok kanggo paraga ing crita Bima Bungkus, yaiku mapan ing paraga… .
a. Bathara Guru
b. Pandhu Dewanata
c. Bratasena
d. Gajah Sena
e. Werkudara
13. Pitutur luhur sing ana ing crita wayang lakon Bima Bungkus yaiku… .
a. wong yen pengin kepenak rasah nglakoni rekasa barang
b. dadi wong urip iku aja seneng tetulung marang sapadha-padha
c. menawa gelem nglakoni rekasa mesthi bakal nemu kamukten
d. kudu tansah tetulung marang wong liya, ngenani bab sing becik lan ora becik
e. urip bebrayan kuwi rasah nggagas marang wong liya
14. Bungkus sakwise bisa pecah wujud pawongan gedhe dhuwur prakosa banjur pinaringan jeneng Werkudara, Bratasena, Bimasena, Gandawastratmaja ya sang Bayusuta.
Bayusuta tegese dipundhut anak dening Bathara Bayu dewaning …
a. banyu
b. geni
c. angin
d. asmara
e. bumi
15. Ing ngisor iki kalebu dasanamane utawa jeneng liyane Bimasena yaiku …
a. Werkudara, Bratasena, Dananjaya
b. Bratasena, Haryasena, Dwijakangka
c. Bratasena, Bayusuta, Werkudara
d. Werkudara, Abilawa, Tangsen
e. Parta, Dananjaya, Haryasena
