WorksheetsSOAL Ujian Genap B. JAWA KLS XII 26
Total questions: 40
Worksheet time: 1hrs 11mins
Adicara mantu sing ora klebu upacara panggih yaiku ....
hanontoni
kacar-kucur
ngidak tigan
sindur
dulangan
Aja grusa-grusu anggone nanggepi masalah. Pranyatan iki jumbuh karo filosofine ....
sabuk
timang
jarik
bebed
wiru
Serat Wedhatama uga ngemot surasa yaiku babagan falsafah panguripan, kajaba ....
dumadi manungsa kang sejati
wewatake kesatriya
tepa slira
nganut agama kanthi wicaksana
tundhuk marang nepsu
Piwulang Serat Wedhatama Pupuh Kinanthi sing katujokake kanggo wong tuwa yaiku ....
tansah nganut kabecikan kang wis diwulangake
milah-milah babagan ngelmu kang bener
ora ngunggulake hawa nepsu
waspadha kanggo mangerteni pengalamane urip
ngilangake iri dengki
Sesorah punika saking wiwitan ngantos pungkasaning atur saenipun katindakaken kanthi runtut supados ingkang mirengaken langkung gampil nampi. Bab-bab ing ngandhap punika kasusun boten urut.
(1) Isi
(2) Pangarep-arep
(3) Pamuji
(4) Pambuka
(5) Panutup
Urut-urutanipun sesorah ingkang leres inggih menika ....
(4), (3), (1), (2), lan (5)
(2), (3), (5), (1), lan (4)
(4), (2), (1), (3), lan (5)
(4), (1), (3), (2), lan (5)
(1), (4), (2), (3), lan (5)
Sajroning filosofi Jawa, bebed maknane ....
jero urip iki, awake dhewe kudu nggunakne dheweke karo nggoleki kawruh sing ngguna
manungsa kudu tlaten lan sregep sing nyambut gawe golek pangan
ben awake dhewe nyembah lan batin mung ning sukunipun Gusti
manungsa nduweni pamikiran sing kenceng, ora gampang terombang-ambing
manungsa nek tumindak kudu dipikir, aja grusa-grusu
Panulis geguritan sing dadi aktivis lingkungan ing pagaweyane, geguritane bakal kawuwuhan kesan eloking alam lan cara njagane.
Saka pranyatan kasebut, geguritan ngemu unsur ekstrinsik ....
biografi
sosial
lingkungan
latar kahanan
gambaran pangindran
Wong kang nganggo beskap iku pancen gawe pandhangane kedhep tesmak.
Tembung sing kacithak kandel tegese ....
nyirah dhingkluk
pedhes ing mata
kedhep-kedhep anggone nyawang
plingak-plinguk
nyawang tanpa kedhep
Makin mandha mandhekanang teja mawa.
Purwakanthi sing kadhapuk sajrone pethilan geguritan yaiku purwakanthi guru ....
swara
rima
sastra
dhong-dhing
basa
Unsur intrinsik sing ora kadhapuk sajrone geguritan yaiku ....
purwakanthi
alur
rima
dhiksi
amanat
Teks deskripsi yaiku teks kang nggambarake sawijine objek, gagasan, papan, utawa, prastawa kanthi ....
fiksi
padhet
ringkes
rinci
lugas
Tali mustaka sing kawentuk angrupa kupluk dadine wentuke bisa nutupi mustaka diarani ....
undheng
iket
rasukan
bebed
epek
Piranti kang ditabuh migunakake tabuhan kang atos banget lan biyasane kagawe saka sungu kebo yaiku ....
kenong
slenthem
peking
demung
saron
Keris Jawa sampun gadhah wujud ingkang sampurna nalika jaman Krajan Majapahit. Ing jaman menika keris dadi ....
piranti berburu
uba rampe upacara
lambang kepangkatan
nyeluk arwah gaib
buwang mala
Perangan baku kanggo gawe warangka keris, kajaba ....
mendhak
pendhok
ladrak
watu meteor
gandar
Gatekna pratelan saka pranatacara iki!
Para rawuh sedaya, reroncening adicara ing dalu punika sedaya sampun kaleksanan kanthi lancar. Kula minangka pranata adicara hangaturaken sugeng kondur sarta hambokbilih wonten tetembungan ingkkang boten mranani ing penggalih, nyuwun agunging samodra sih pangaksami. Nuwun.
Ukara kang trep yaiku diarani ....
pambuka
salam
isi
surasane basa
penutup
Setitikna ing ngisor iki!
a) Maca teks deskripsi
b) Ngrembakake cengkorongan
c) Nemtokake topik
d) Nyunting
e) Gawe cengkorongan
Urutan kang trep anggone nulis teks deskripsi yaiku ....
e),c), b), a), d)
a),c), e), b), d)
c), e), b), d), a)
c), a), e), d), b),
a), d), e), b), c)
Crita rakyat iku akeh perangane. Saben perangan duweni titikan dhewe-dhewe. Dene crita kewan-kewan kang bisa ngomong kaya manungsa diarani ....
mite
babad
legendha
fabel
sage
"Dhumateng Bapak Kepala Sekolah SMA Suryo Suminar ingkang dhahat kinurmatan, Bapak wakil kepala sekolah bidang kesiswaan, Bapak/Ibu guru , karyawan, saha para siswa ingkang tansah winantu ing suka basuki.
Tembung "basuki" tegese ....
alangan
diajeni
slamet
diormati
sambekala
Ukara ing ngisor iki sing ngemu lelewaning basa eufimisme yaiku ....
Mas, aku tukokna tiket numpak Garuda
mangga pinarak dhateng gubuk kula
dhug..dhug..dhug keprungu swara bedhug
angin wengi ngaras pipiku iki
sawise ditinggal pati, tanggaku owah pikire
Bambang Sumantri bisa didadekake patuladhan, amarga ....
ngurbanake jiwa raga kanggo bela negara
mbela kakange dhewe senajan tumindak luput
perang lawan sedulure dhewe kanggo bela negara
setya ing janji lan males kabecikane liyan
ngleksanakake kabeh emban saka rajane
Guru lagu tembang Dhandhanggula yaiku ....
i,u, a, i, u, u, a, o, i, a
a, i, u, i, u, a, u, a, i, i
i, a, e, u, i, a, u, a, i, a
a, e, i, a, e, i, u, a, a, u
i, a, u, e, i, u, a, a, e, i
Jinis pangrembakan paragrap ing sajrone wacan kang nduweni ancas ngandharake, njlentrehake, menehi pangerten, lan menehi kawruh babagan salah sawijining bab diarani ....
sesorah
eksposisi
argumentasi
ilustrasi
pawarta
Ing ngisor iki dhalang wayang kulit, kajaba ....
Ki Nartosabdo
Ki Manteb Sudarsono
Thio Tiong Gie
Ki Anom Suroto
Ki Timbul Hadiprayitno
Saben paraga wayang utamane kang pinangka satriya mesthi duweni gaman utawa pusaka kang dadi andalane. Malah akeh sing duweni gaman luwih saka siji, tuladhane Werkudara. Dudu gaman utawa kadigdayane Werkudara ing ngisor iki yaiku ....
Lukitasari
Lembur Sakethi
Pasopati
Kuku Pancanaka
Gada Rujakpala
Wewaler lelungan Setu Pahing, nyitakake sawijine bupati sing dipateni, yaiku ....
Rara Sukartinah
Rahutama
Ki Demang Toyareka
Wirasaba
Gumalem
Nalika guneman supaya ora nuwuhake panyakrabawa sing neko-neko, becike nganggo ....
basa manca
subasita
swara sing banter
paribasan
parikan
Nalika omong, aja waton ngomon.
Ngomong nganggo waton tuladhane ....
ngrasani uwong ing saburine
nyatur alane liyan
nggunakake unggah-ungguh basa
basa lan trapsilane cengkah
nuwuhake panyakrabawa sing kleru
Ukara ing ngisor iki sing klebu wewaler yaiku ....
sega sak kepel dirubung laler
ana gula ana semut
aja cedhak kebo gupak
bot ginawa entheng, theng ginawa abot
ora ana banyu mili mendhuwur
Anggone nulis teks eksposisi bibar nemtokake tema, salajenge yaiku ....
nggawecengkorongan
nemtoake ancas panulisan
penjlentrehan karangan
menehi dudutan
nglumpukake bahan tulisan
Ngisor iki kang ora klebu wulangan Serat Wedhatama yaiku ....
Ngudi kawruh lair batin supaya panguripane ora ngalami karusakan
kawruh bener bisa saka wong kang hina
sembah raga, sembah cipta, sembah jiwa, lan sembah rasa
nglakoni ajaran agama kanthi tuntunane pamahamane dhewe
ngekang hawa nepsu yen pengen ngresepi kawruh
Tokoh ing crita duweni karakter sing kudu dimangerteni dening pamaca utawa pamireng. Ing sajroning crita karakter tokoh digambarake kanthi cara dramatik utawa analitik. Kanthi cara dramatik, tokoh digambarake kanthi maneka cara, nanging ora kanthi cara ....
tindak tanduke
langsung dening pengarang
laku pikirane
lingkungan kauripan
dening tokoh liyane
"Asal-usul Rawa Pening" lan "Asal-usul Desa Grantung" kalebu perangane crita rakyat, yaiku ....
fabel
dongeng
legendha
hikayat
mite
Piranti sing duweni makna apa wae sing ditindakne aja nganti ngrugekne wong liya yaiku ....
stagen
benik
curiga
jarik
rasukan
Crita rakyat bisa menehi lelipur. Nanging crita rakyat uga bisa menehi piguna kang luwih gedhe. Amarga crita rakyat duweni mupangat rekreatif, didaktif, estetis, moralitas, lan religius. Dene crita rakyat kang bisa menehi nilai kaendahan ateges duweni mupangat ....
moralitas
religius
rekreatif
didaktif
estetis
Ing jaman modern iki, musik gamelan wiwit akeh sing ngremeni mligine para mudha.
Pagelaran gamelan biyasane ditindakake ing acara ....
pengaosan
pagelaran wayang
pertandingan futsal
paresmenan gedhong
pangiring lelayon
Nalika dimainke, gamelan bisa gawe tentreming jiwa. Babagan kasebut jalaran ....
bahane piranti gamelan sing kagawe saka kuningan
wentuke ana sing datar ana sing pencu
irama musik kang alus lan bisa anggugah jiwa
gamelan kaperang dadi patang golongan
kolaborasi bonang barung lan panerus
Gong kang ditabuh kanggo tandha akir babagan musik kang umum diarani gongan yaiku gong ....
ageng
pencon
suwuk
tengahan
bedhug
Piranti kang ditabuh migunakake tabuhan kang atos banget lan biyasane kagawe saka sungu kebo yaiku ....
kenong
slenthem
peking
demung
saron
Crita rakyat iku kawangun saka unsur intrinsik lan ekstrinsik. Miturut panemumu panggonan, wektu, lan kahanan kalebu perangane salah siji unsur intrinsik ing crita kang ingaran ....
alur
sudut pandang
tema
latar
penokohan
