Font size
Worksheetslatian ujian kelAS 9 KELIMA
Total questions: 89
Worksheet time: 2hrs 8mins
pambuka sesorah diarani....
surasa basa
purwaka basa
wasana basa
alihbasa
isine sesorah diarani....
wasana basa
surasa basa
purwaka basa
alihbasa
panutup sesorah diarani....
purwaka basa
wasana basa
surasa basa
alihbasa
Para sesepuh pinisepuh ingkang satuhu kinabekten, bapak-bapak/ ibu-ibu, sumrambah kadang wredha mudha ingkang pantes sinudarsana. Puji syukur konjuk mring Gusti ingkang Maha agung, awit paringipun sih nugraha, anjalari panjenengan dalasan kula saged kempal manunggal silaturrahim wonten ing papan punika.
teks sesorah ing nduwur kalebu perangan....
purwakabasa
surasa basa
wasanabasa
alihbasa
Para sesepuh pinisepuh ingkang satuhu kinabekten, bapak-bapak/ ibu-ibu, sumrambah kadang wredha mudha ingkang pantes sinudarsana. Puji syukur konjuk mring Gusti ingkang Maha agung, awit paringipun sih nugraha, anjalari panjenengan dalasan kula saged kempal manunggal silaturrahim wonten ing papan punika.
Isine teks sesorah kasebut yaiku....
atur pakurmatan lan atur puji syukur
atur panuwun marang Gusti kang Maha Agung
pikantuk kanugrahan satemah saged kempal
silaturrahim wonten ing satunggaling papan
Salajengipun kula sakanca kelas IX nyuwun donga pangestu dhumateng bapak/ibu lan para rawuh, supados pikantuk sekolah ingkang jumbuh kaliyan pepinginan ingkang sampun kapilih. Mekaten ugi kula sakanca dherek dedonga mugi-mugi adhik-adhik kelas VII lan kelas VIII saged kasil anggenipun sinau kanthi kasil ingkang maremaken, lan pawiyatan ngriki tansaya majeng mutunipun.
kang maragaake sesorah ing nduwur yaiku....
Kepala Sekolah
Ketua komite
wakil wali siswa kelas IX
wakil siswa kelas IX
Salajengipun kula sakanca kelas IX nyuwun donga pangestu dhumateng bapak/ibu lan para rawuh, supados pikantuk sekolah ingkang jumbuh kaliyan pepinginan ingkang sampun kapilih. Mekaten ugi kula sakanca dherek dedonga mugi-mugi adhik-adhik kelas VII lan kelas VIII saged kasil anggenipun sinau kanthi kasil ingkang maremaken, lan pawiyatan ngriki tansaya majeng mutunipun.
Isine pethikan sesorah kasebut babagan ….
panjurung lan pandonga saka kelas VII lan kelas VIII
caranipun sinau supados saged pikantuk kasil ingkang maremaken
nyuwun donga pangestu supados pikantuk sekloahan ingkang cocok kaliyan pepinginanipun
nyuwun donga pangestu marang para rawuh supados pawiyatan tansah tambah majeng
Salajengipun kula sakanca kelas IX nyuwun donga pangestu dhumateng bapak/ibu lan para rawuh, supados pikantuk sekolah ingkang jumbuh kaliyan pepinginan ingkang sampun kapilih. Mekaten ugi kula sakanca dherek dedonga mugi-mugi adhik-adhik kelas VII lan kelas VIII saged kasil anggenipun sinau kanthi kasil ingkang maremaken, lan pawiyatan ngriki tansaya majeng mutunipun.
Pisungsung dongane kelas IX tumrap sekolah kang ditinggal yaiku ….
siswa kelas IX kang lulus bisa sekolah maneh jumbuh karo pepinginane
siswa kelas VII lang kelas VIII bisa lulus kanthi biji ingkang sae
siswa kelas VII lan VIII bisa kasil anggenipun sinau lan mutu sekolah tansaya maju
siswa kelas IX tetep tresna marang guru lan sekiolah kang ditinggal
Tembung pawiyatan ing pethikan sesorah kasebut tegese yaiku ….
Para siswa
Sekolahan
guru lan siswa
guru lan karyawan
Wonten kalodhangan punika kula ugi ngaturaken gunging panuwun katur dhumateng Bapak/Ibu guru ingkang sampun nggulawenthah para siswa tanpa kendhat, namung kepingin supados para siswa saged lulus kanthi biji ingkang sae.semantena ugi marang para putra ingkang sampun nedahaken semangat kangge ngadhepi Ujian sekolah, ing pangajab muga-muga sliramu lulus kabeh kaya kang dadi pepinginanmu.
Andharan kang trep karo isining pethikan sesorah kasebut yaiku ….
Kepala sekolah wus mbudidaya kanggo ngadhepi ujian sekolah
para siswa anggone mbudidaya ngadhepi ujian sekolah gumantung guru
pambudidayane guru lan siswa amrih bisa lulus ujian kabeh kanthi biji kang apik
para guru duwe pangajab, sing penting para siswa bisa lulus kabeh
Wosipun piwulang basa Jawi boten saged kaanggep entheng, kepara malah nggadhahi guna paedah ingkang linuwih, tumrapipun para siswa lan generasi mudha. Piwulang ingkang kebak tuntunan lan tatanan punika saged paring usada dhateng risaking tata karma lan suba sita. Kanthi punika boten wonten lepat lan alanipun menawi basa Jawi dipunwulangaken wajib ing pendhidhikan formal.
Underaning rembug pethikan sesorah ing ndhuwur yaiku ….
Basa Jawa ora perlu disinau amarga para siswa wis bisa lan ngerti bab basa Jawa
piwulang ing basa jawa bisa ngrusak tata karma lan suba sita
Basa Jawa ora penting disinau ing pendhidhikan formal
wulangan basa Jawa ora bisa kaanggep entheng lan akeh guna pedahe
Wosipun piwulang basa Jawi boten saged kaanggep entheng, kepara malah nggadhahi guna paedah ingkang linuwih, tumrapipun para siswa lan generasi mudha. Piwulang ingkang kebak tuntunan lan tatanan punika saged paring usada dhateng risaking tata karma lan suba sita. Kanthi punika boten wonten lepat lan alanipun menawi basa Jawi dipunwulangaken wajib ing pendhidhikan formal.
Salah siji paedahe wulangan basa Jawa miturut andharan sesorah kasebut yaiku ….
wulangan Basa Jawa bisa nguri-uri kabudayan Jawa, minangka warsan para leluhur
wulangan Basa Jawa duwe kaluwihan ing babagan kabudayan Jawa
wulangan basa Jawa minangka wulangan kang wajib ing pendidikan formal
wulangan Basa Jawa bisa dadi tuntunan lan tatanan tumrap manungsa
Ukara ing ngisor iki kang kalebu tuladha panutuping sesorah yaiku ….
minangka purwakaning atur, sumangga panjenengan kula dherekaken ngaturaken puji syukur ingn ngarsaning Gusti
minangka purwakaning atur, mbokbilih kathah kalepatan, kula nyuwun agunging samodra pangaksama
wusananing atur, sumangga panjenengan kula dherekaken ngaturaken puji syukur ing ngarsaning pangeran
wusananing atur, mbokbilih kathah klenta-klentuning atur, kula nyuwun pangapunten
Ingkang dipunkersakaken Sultan nalika ing pisowanan, wonten teks kethoprak ing nginggil inggih punika ….
kasetyanipun para punggawa lan kawula marang praja
para tani lan para misaya mina saged gesang tentrem ayem tentrem tanpa rubeda
para kawula tansah mbekto glondhong pengarem-arem ingkang kathah
kawontenanipun para kawula ingkang pakaryanipun tani lan misaya mina
Para kawula tansah ayem tentrem gesangipun. Para tani saged tanem lan tuwuh kanthi sekeca. Para misaya mina tansah pinaringan slamet tanpa wonten rubeda.
Tegesipun tembung misaya mina inggih punika….
tiyang ingkang pakaryanipun damel gendhis
tiyang ingkang gesang kanthi ayem tentrem
tiyang ingkang pakaryanipun pados ulam(iwak)
tiyang ingkang gesangipun slamet tanpa rubeda
Kethoprak kang nggunakake gendhing pengiring saka lesung kang critane babagan olah tetanen ing daerah pademangan, paraga lan sandhang panganggone prasaja kang lumrahe dianggo masyarakat wektu iku.
Kethoprak kang kaya mangkono iku kalebu jinise kethoprak kang aran ….
kethoprak kuno
kethoprak Gamelan
kethoprak lesung
kethoprak modern
Piwulang kang bisa dijupuk saka teks kasebut yaiku….
reribed bisa dirampungi kanthi setiyar
dadi murid kudu seneng takon yen ora cetha
manawa duwe reribed enggal crita marang kancane
aja nglokro manawa nemoni masalah /reribed
Geguritan minangka salah siji wujude karangan/anggitan sing ora migatekake pathokan ...
Guru gatra, guru wilangan lan guru lagu
Basane endah, mentes lan mantes
Basa rinengga, mentes lan mantes
Guru swara, guru sastra lan guru basa
Purwakanthi, pepindhan lan paribasan
Maca geguritan kudu nggatekake wiraga, kang tegese…
Solah bawa nalika maca geguritan
Patrap, sikap, obahing awak lan pasemon nalika maca geguritan
Patrap, sikap, obahing awak lan pasemon sadurunge maca geguritan
Patrap, sikap, obahing awak lan pasemon sawise maca geguritan
Supaya katon endah lan ngresepake maca geguritan iku kudu nggatekake wirama.
Dene kang dikarepake wirama yaiku…
Gedhe cilik ukara
Rasa pangrasane pocapan
Munggah mudhune swara
Dawa cendheke tetembungan
Supaya bisa maca geguritan kanthi becik kudune ....
Bisa ngarang
Pinter nembang
Ngerti pengarange
Paham isine
Ing ngisor iki kang ora kalebu bab-bab sing kudu digatekake nalika maca geguritan yaiku ...
mangerteni isine geguritan sing arep diwaca
ngrasakake isi lan kekarepane geguritan
nggatekake pocapan lan wiramane
bisa maragakake kanthi mimik lan ekspresi sing trep
nggatekake asma lan latar belakang panggurite
Sing mbedakake geguritan lan tembang dijelasake kaya ing ngisor iki, yaiku ...
Geguritan cacahe wanda lan cacahe gatra ana tata aturane.
Geguritan iku olehe maca kudu ditembangake/ dilagokake
Geguritan iku ora kaiket guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu
Tembang macapat iku ora duweni guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu
Tembang iku nggunakake purwakanthi guru swara ab ab
Geguritan iku basane katon endah, bisa migunakake purwakanthi, dwipurwa, seselan lan liya-liyane. Tuladha purwakanthi basa
Aku mangkat turu
Aku tuku tahu telu
Aku melu kowe
Aku takon sapa
Aku bingung
mung tindake dhewe datan winaonan
ngrasa bener pribadi
sanadyan benera
yen tindake wong liya
pasti den arani sisip
iku wong ala
nganggo bener pribadi
Tembung winaonan tegese ...
konangan
diomong
dipuji
disalahake
Pitutur suing bisa dijukut sekang tembang Durma kasebut yakuwe....
Awake dhewek kon priatin kanthi cara ngurangi mangan lan turu kanggo ngurangi nepsu supaya lerem atine saengga bisa kasembadan kekarepane
Awake dhewek supaya mangan lan turu kanggo ngurangi nepsu dadi lerem atine, saengga bisa kasembadan kekarepane.
Awake dhewek kon priatin kanthi ngurangi nepsu supaya lerem atine, saengga bisa kasembadan kekarepane.
kanthi ngurangi mangan lan turu, bisa dadi ngurangi nepsu lan lerem atine, saengga bisa kasembadan kekarepane.
Ing pangawruh lair batin aja mamang,
yen sira wus udani,
ing sariranira,
yen ana kang amurba,
misesa ing alam kabir,
dadi sabarang,
pakaryanira ugi.
Tegese tembung "udani" ana ing gatra kaping kalih yaiku ....
jawah
paham
krungu
dhahar
Apan ana sesiku telung perkara
Nanging gedge pribadi Puniki lilira
Ya kang telung perkara
Poma ywa nggunggung sireki
Sarta lan aja nacad kepati pati
Saking serat wulangreh pupuh Durma ing nginggil wonten sesiku ingkang kedah dipun singkiri inggih punika :
nggunggung salahe wong liya
sengit banget karo wong liya
nggoleki salahe wong liya lan jumlah salahe wong liya
njumlah salahe wong liya lan nyacad wong liya
Cumanthaka aniru Pujangga...tembung cumanthaka nduweni teges....
Nekat
Niru
Lancang
Manut
mung tindake dhewe datan winaonan
ngrasa bener pribadi
sanadyan benera
yen tindake wong liya
pasti den arani sisip
iku wong ala
nganggo bener pribadi
Tembung winaonan tegese ...
konangan
diomong
dipuji
disalahake
Puji syukur kita aturaken ing ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun paring kanugrahan dhumateng kula lan panjenengan sedaya saha kawilujengan saengga kempal wonten acara menika.
Pambuka
Atur pakurmatan
Puji syukur
Surasa
Pangajeng-ajeng
Perangan panutup ing sesorah
pangajeng-ajeng, nyuwun pangapunten, salam panutup
surasa, pangajeng-ajeng, salam panutup
nyuwun pangapunten, salam pambuka
surasa, pangajeng-ajeng, pamuji syukur
pambuka, surasa, panutup
Ingkang kinabekten Bapak Kepala SMA N I Kutowinangun, ingkang kinurmatan Bapal/Ibu Guru saha Staf Tata Usaha SMA N I Kutowinangun, sarta kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Andharan kasebut klebu perangan ... ing pidhato
Salam pambuka
Pambuka
Wos
Salam panutup
Panutup
Dadi wong becike aja seneng Nggunggung dhiri, aja seneng nacat lan aja seneng memahoni wong liya.
Nggunggung dhiri tegese
ngrasa bodho dewe
ngroso sing bener lan pinter dewe
ngrasa wong liya pinter
ngrasa wong liya sing bener dhewe
Gatekna pethilan sesorah ing ngisor iki!
Kula namung asung pepenget dhumateng pengurus enggal, supados sami kersa lan saged nyonto pitedah-pitedah saking pengurus lami, pengurus enggal mugi tansah manunggal ing sedya, cipta, rasa, karsa, lan karyanipun.
Tembung asung tegese ....
Ngusung
Asok
Aweh
Piweling
Pituduh
Paraga ing sandiwara basa jawa kaperang dadi telu yaiku
Protagonis, prosigonis, lan kartogonis
Protagonis, antagonis lan tritagonis
Vertagonis, Irvigonis lan antagonis
Antagonis, fiksigonis, lan tritagonis
Kembang Mlathi
(R. Widiyati)
Daksebar kembang mlathi
Ing Taman Makam Pahlawan
Kusuma Bangsa kang sejati
Luhku tumetes... tes... netesi bumi
Aku rumangsa dosa
Durung bisa melu labuh negara
Amung sekar mlathi iki
Tandha setya lan janji
Bakal melu napak suci
Labuh nagri alelandhesan ati suci
Dadi pepenget Agustus iki dina mulya lan suci
Kembang sing disebar ing taman makam pahlawan arupa kembang...
Mlathi
Menur
Mawar
Kembang Mlathi
(R. Widiyati)
Daksebar kembang mlathi
Ing Taman Makam Pahlawan
Kusuma Bangsa kang sejati
Luhku tumetes... tes... netesi bumi
Aku rumangsa dosa
Durung bisa melu labuh negara
Amung sekar mlathi iki
Tandha setya lan janji
Bakal melu napak suci
Labuh nagri alelandhesan ati suci
Dadi pepenget Agustus iki dina mulya lan suci
Luhku tumetes...tes...nelesi bumi. Ukara ing ngarep nggambarake wong sing lagi...
Ngguyu
Nesu
Nangis
Geguritan uga diarani...
Parikan
Puisi Jawa
Purwakanthi
Seng sepisan kudu ditindakake nalika arep nulis geguritan yaiku...
Nemtokake irah-irahan
Nemtokake bakune gagasan
Nemtokake tema
Dawa cendhake swara nalika maca geguritan diarani...
Irama
Intonasi
Ekspresi
Sikap sing becik nalika ana kancane maca geguritan...
Gojegan
Nyimak kanthi permati
Omong dhewe
Bu Guru maca geguritan ing kelas. Tembung maca kudune sing bener...
Nyerat
Maos
Nyungging
Ingkang kalebu paugerane geguritan tradisional kajaba ...
Cacahe gatra sathithike 4 gatra
Saben gatrane runtut (guru lagu) mawa purwakanthi guru swara
lumrahe diwiwiti "Sun Gegurit"
Cacahe gatra bebas ora katemtokaken
cara maca endah gegurtian ing ngisor iki, kejaba...
diwaca alon kanthi iramane trep
maca karo kesuh-kesuh
macane aja gemrungsung
dhuwur cendheke swara manut ukara
Supaya bisa maca geguritan kanthi becik, kudu...
Mangerteni isine
Mangerteni wujude
Mangerteni tulisane
Mangerteni macane
makna geguritan ing dhuwur
Ibu seng sabar
ibu seng gak sabar
ibu seng nesunan
salah kabeh
Kang ora kalebu titikane geguritan yaiku ....
Isine mentes
Nganggo basa padinan
Cacahe larikan ora katemtokake
Migunakake tembung-tembung kang pinilih
Tegese maca geguritan kudu cetha yaiku ....
Ngatur mlebu metune napas
Kudu ngepasake marang isine geguritan
Nalika maca geguritan ora kecepeten utawa kalonen
Nalika maca geguritan swara kudu cetha lan gamblang ora grememeng
Raditya iku jeneng liyane ....
Bulan
Bintang
Samudra
Matahari
geguritan iku kangga gampange diarani uga ...
kakawin jawa kuna
kidung jawa pertengahan
tembang macapat
tembang campursari
puisi gagrag anyar
gemricik swaramu ing wayah esuk/ agawe tentrem ning ati/ kricik-kricik kata tatanan tembang kang enda//
kutipan geguritan dhuwur nggunakake panyitra...
pandeleng
pangganda
pangrungu
pangarasa
panindak
kalebu struktur batin geguritan yaiku ...
tema lan amanat
diksi lan tipografi
enjambemen dan lelewaning basa
purwakanthi lan wirasa
panyitra lan diksi
Supaya katon endah lan ngresepake maca geguritan iku kudu nggatekake wirama. Tegese wirama yaiku…..
pocapan kudu cetha.
dawa cendhake ukara
munggah mudhune swara
rasa pangrasane geguritan
Aja nangis anakku
Ibumu isih lunga
Sedhela maneh teka
Aja nangis, anakku
Umpama hongkong kuwi mung lor kali
Wis wingi-wingi dakparani
Ing geguritan dhuwur, panggurit dadi ...
bapak
ibu
anak
putu
sedulur
Aja nangis anakku
Ibumu isih lunga
Sedhela maneh teka
Aja nangis, anakku
Umpama hongkong kuwi mung lor kali
Wis wingi-wingi dakparani
Isi saka geguritan dhuwur yaiku ...
wong tuwa kudu mesti nduweni rasa kangen marang anak
bapak kang goleki bojone nganti tekan lor kali
susahe bapak dening tangise anak, sebab kangen ibune kang lagi nyambut gawe ing hongkong
bapak kang goleki ibu tekan hongkong amarga anake lara
susahe bapak marang ibu kang nyambut gawe golek duit nganti tekan hongkong gawe anak
Uneg-uneg tukang rosok marang calon pemimpin
Dening Siti Purwati, S.Pd.
....
Nanging, jajalen ..... titenana
Yen panjenengan klakon lungguh kursi
Aja maneh kok takon lan nyalami aku
Yen ketemu, noleh wae panjenengan ora duwe wektu!
Opo maneh kok mujudake janji-janji jenengan
Tembung “lungguh kursi” ing pethikan geguritan iku ateges ...
Dadi pemimpin
Dadi Juwara
Lungguh kepenak
Lungguh empuk
Kursi sing empuk
Ing ngisor iki kalebu pituduh cara gawe geguritan, kejaba…..
Nemtokake tema
Nemtokake irah-irahan
Bisa migunakake purwakanthi
Nemtokake sing arep maca geguritan
Tembung bagaskara kang ana ing geguritan kasebut tegese ....
lintang
srengenge
angin
gunung
manfaat nggunaake purwakanthi ing geguritan yaiku ...
kanggo ngringkes wanda
kanggo nambah kaendahan
kanggo nambah jumlahe wanda
kanggo ngringkes gatra
amanat ing geguritan kuwi kayata ...
kedadean apa anane
kahanan kang ora nyata
kahanan kang keliru
pesen kang bisa dijupuk
tembung kang trep, mentes lan pinilih diarani ...
diksi
nada
pralambang
swasana
Tembung panganggit nduweni teges ...
pamaca
pangripta
pangritik
pamicara
obahe awak ora kaku, luwes, mlaku kanthi prayoga. Kanggo mbangun swasana wayah maca geguritan diarani ...
wiraga
wirama
wirasa
wicara
Yen pancen loma
Ora usah duraka
Marang sapadha-padha
Purwakanthi kang ana ing pada ndhuwur yaiku . . .
purwakanthi guru swara yaiku swara u
purwakanthi guru sastra yaiku aksara d
purwakanthi guru swara yaiku swara a
purwakanthi guru sastra yaiku aksara s
purwakanthi guru basa yaiku tembung loma
Geguritan kasebut nggambarake rasa . . .
seneng
sedih
nesu/jengkel
susah
kemeren
Kang kalebu struktur batin geguritan yaiku ...
tema lan amanat
tema dan lelewaning basa
panyitra lan diksi
purwakanthi lan wirasa
diksi lan tipografi
Kang kalebu struktur fisik geguritan yaiku ...
panyitra lan tema
wirama lan wirasa
wirasa lan amanat
diksi lan tipografi
tema lan amanat
Wong sing nulis geguritan diarani . . .
panggurit
penulis
pamaos
dening
narator
Sawise lawas pisah
Ketemu wes padha dadi simbah
Rambut-rambut putih, pasuryan padha malih
Ing pethilan geguritan kasebut tinemu imaji ....
imaji paningal/ penglihatan
imaji pangrasa/ perasaan
imaji pangrungu/ pendengaran
imaji panindak/ perbuatan
swarane lembut kaya kapas
Majas sing tinemu ing ukara ing dhuwur yaiku ....
majas personifikasi
majas hiperbola
majas antitese
majas litotes
majas ironi
Nalika maca geguritan kudu nggatekake wirama kang tegese . . .
obahing awak
isining geguritan
alon, banter, cetha lan samaring swara
ngucapake swara
bantere swara
Nalika maca sawijining geguritan kudu nggatekake wirasa kang tegese . . .
rasaning swasana ati
pocapan kang cetha
pathokan
dawane ukara
solah bawa
Geguritan ing dhuwur dumadi saka ... pada, saben pada dumadi saka ... gatra.
2, 5
3, 5
3, 4
2, 4
4, 2
Titikane geguritan gagrag anyar yaiku ...
ora kaiket paugeran tartamtu
lumrahe sapadane dumadi saka patang gatra
diwiwiti kanthi ukara sun nggegurit
guru lagune pinathok
isih ngugemi anane guru wilangan
Ing ngisor iki sing ora kalebu bab sing kudu digatekake sadurunge nemokake isi geguritan yaiku ...
negesi tembung sing angel
nggoleki maknane ing saben gatra
nggathukake maknane ing saben pada
nyimpulake maknane geguritan kanthi wutuh
ngrasakake kekarepane geguritan lan njlimeti asmane panggurit
Ing ngisor iki sing ora kalebu tata cara nggancarake geguritan yaiku ...
ngudhari tembung-tembung baliswara (menawa ana)
ngganti tembung sing angel karo tembung sing gampang dimangerteni
munggel tembung-tembung utawa ukara supaya cetha karepe/tegese
maca geguritan dibolan-baleni nganti bisa ngrasakake lan mangerteni maknane geguritan
menehi tembung panggandheng, panyilah, utawa tembung liyane supaya geguritan gampang dimangerteni
Ndheg-ndhegan (hentian) lakune pocapan sajroning geguritan diarani ...
intonasi
jeda
wirama
pocapan
gancaran
Jingglengana geguritan ing ngisor!
Medhitasi Mangsa
Sumono Sandy Asmoro
....
Bumi kae ora nate mbedak-mbedakake
Samubarang kang ana ing sadhuwure
Kabeh winih dithukulake
Ora metung papak lancipe
Isine pethikan geguritan ing dhuwur yaiku manungso ...
Kudu milah lan milih
Tumindak sakarepe
Kang ngina mring sasama
Ora oleh mbeda-mbedake
Kudu bisa mbeda-mbedakake
Uneg-uneg tukang rosok marang calon pemimpin
Dening Siti Purwati, S.Pd.
....
Nanging, jajalen ..... titenana
Yen panjenengan klakon lungguh kursi
Aja maneh kok takon lan nyalami aku
Yen ketemu, noleh wae panjenengan ora duwe wektu!
Opo maneh kok mujudake janji-janji jenengan
Tembung “lungguh kursi” ing pethikan geguritan iku ateges ...
dadi pemimpin
dadi juwara
lungguh kepenak
lungguh empuk
kursi sing empuk
Coba gatekno andharan ngisor iki!
1. Tanpa kaiket ing guru lagu, guru wilangan lan guru gatra
2. Kaiket ing guru lagu, guru wilangan lan guru gatra
3. Carike bebas, bisa wujud pada, bisa uga wujud carita
4. Iki miturut jenise tembang
Sing kalebu struktur wacana geguritan yaiku ...
1,2,3,4
1,2,3
1,2
1,3
2,3,4
Amanat utawa pesen sajrone geguritan yaiku .....
Nemtokake tema sajrone gegurotan kanthi cara nggathukake ukara
Tatacara ngudhari utawa negesi tembung-tembung sing utama sajrone geguritan sing dikarang
Piwulangan apa wae sing kepengin diandharake dening panggurit marang pamaca lumantar geguritane
Carane ngonceki isine geguritan sarana negesi tembung-tembung sing utama lan nggoleki bakune gagasan
Amanat utawa pesen sing bisa dijupuk saka geguritan kasebut yaiku .....
Kita kudu njaga gunung Merapi
Gunung Merapi dadi saksi bisu kridhaning bangsa Indonesia
Penjajahan ing jaman Mataram kuno nganti madege kraton Ngayogyakarta
Kaendahan gunung Merapi
Geguritan kasebut ditujokake kanggo .....
Guru
Sliramu
Wong sing ditresnani
Gusti
Yen isine geguritan iku sedhih, polatane sing maca kudu ....
Katon seneng supaya ngrungokake melu seneng
Katon bungah supaya sing ngrungokake melu bahagia
Katon Semangat supaya sing ngrungokake melu semangat
Katon sedhih supaya sing ngrungokake melu sedhih
Obahing awak nalika moco geguritan diarani...
wirama
wicara
wiraga
wirasa
Dawa cendhake swara nalika maca geguritan diarani...
Irama
Intonasi
Ekspresi
Sikap sing becik nalika ana kancane maca geguritan...
Gojegan
Nyimak kanthi permati
Omong dhewe
