wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Lat.bahasa jawa

Total questions: 55

Worksheet time: 28mins

Name
Class
Date
1.

Isine atur salam marang wong kang ngrungokake pidhato, kayata sugeng enjing, sugeng siyang, sugeng sonten, sugeng dalu, Assalamu'alaikum wr.wb diarani ....

a)

salam pambuka

b)

pambuka

c)

isi

d)

dudutan

2.

Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kula lan panjenengan sedaya taksih pinaringan rahmat saengga kita saged kempal kanthi pinaringan karaharjan.

Pratelan teks pidhato kasebut kalebu perangane ....

a)

surasa

b)

dudutan

c)

purwaka

d)

wusana

3.

Sing diarani pamedhar sabda yaiku ....

a)

wong sing seneng omongan

b)

wong sing nindakake wara-wara

c)

wong sing maca pawarta

d)

wong sing nindakake pidhato

4.

Tembung ngisor iki kang kalebu salam pambuka, yaiku ....

a)

ingkang kinurmatan

b)

sugeng dalu

c)

maturnuwun

d)

cekap semanten

5.

Perangan teks pidhato kang ngandharake wosing andharan utawa inti sarine andharan diarani ....

a)

wasana

b)

surasa

c)

purwaka

d)

pambuka

6.

Pengetan Dinten Kartini

Assalamu'alaikum wr.wb

Bapak Kepala Sekolah ingkang dahat kinurmatan, Bapak/Ibu Guru saha karyawan SD Negeri 1 Candi ingkang sinudarsana, sarta kanca-kanca ingkang kula tresnani. Mangga kula lan panjenengan sedaya sareng-sareng ngaturaken puja saha puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, ingkang awit saking asihipun kula lan panjenengan sedaya saged kempal wonten ing adicara pahargyan pengetan Dinten Kartini ing wekdal menika.

Bapak Kepala Sekolah, Bapk/Ibu Guru saha karyawan SD Negeri 1 Candi saha kanca-kanca ingkang kula tresnani, pengetan Dinten Kartini menika wigatos sanget tumrap kula lan panjenengan sedaya R.A. Kartini ibaratipun kados dene sekar ingkang tansah ambabar ganda arum ing bangsa Indonesia. Labuh labetipun R.A. Kartini saestu luhur sanget tumrap kaum wanita. Langkung-langkung ing wekdal menika upaya ingkang dipuntindakaken R.A. Kartini saged ndadosaken kangge majengipun bangsa Indonesia ingkang kita tresnani menika.

Irah-irahan pratelan teks pidhato kasebut, yaiku ....

a)

Pengetan Dinten Pahlawan

b)

Pengetan Dinten Kartini

c)

Pengetan Dinten Kamardikaan

d)

Pengetan Ambal Warsa Sekolah

7.

Pengetan Dinten Kartini

Assalamu'alaikum wr.wb

Bapak Kepala Sekolah ingkang dahat kinurmatan, Bapak/Ibu Guru saha karyawan SD Negeri 1 Candi ingkang sinudarsana, sarta kanca-kanca ingkang kula tresnani. Mangga kula lan panjenengan sedaya sareng-sareng ngaturaken puja saha puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, ingkang awit saking asihipun kula lan panjenengan sedaya saged kempal wonten ing adicara pahargyan pengetan Dinten Kartini ing wekdal menika.

Bapak Kepala Sekolah, Bapk/Ibu Guru saha karyawan SD Negeri 1 Candi saha kanca-kanca ingkang kula tresnani, pengetan Dinten Kartini menika wigatos sanget tumrap kula lan panjenengan sedaya R.A. Kartini ibaratipun kados dene sekar ingkang tansah ambabar ganda arum ing bangsa Indonesia. Labuh labetipun R.A. Kartini saestu luhur sanget tumrap kaum wanita. Langkung-langkung ing wekdal menika upaya ingkang dipuntindakaken R.A. Kartini saged ndadosaken kangge majengipun bangsa Indonesia ingkang kita tresnani menika.

Jeneng sekolah kang sinebut ana pratelan teks pidhato kasebut, yaiku ....

a)

SD Candi

b)

SD Negeri 1 Candi

c)

SDN 1 Candi

d)

SD Candi 1

8.

Pengetan Dinten Kartini

Assalamu'alaikum wr.wb

Bapak Kepala Sekolah ingkang dahat kinurmatan, Bapak/Ibu Guru saha karyawan SD Negeri 1 Candi ingkang sinudarsana, sarta kanca-kanca ingkang kula tresnani. Mangga kula lan panjenengan sedaya sareng-sareng ngaturaken puja saha puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, ingkang awit saking asihipun kula lan panjenengan sedaya saged kempal wonten ing adicara pahargyan pengetan Dinten Kartini ing wekdal menika.

Bapak Kepala Sekolah, Bapk/Ibu Guru saha karyawan SD Negeri 1 Candi saha kanca-kanca ingkang kula tresnani, pengetan Dinten Kartini menika wigatos sanget tumrap kula lan panjenengan sedaya R.A. Kartini ibaratipun kados dene sekar ingkang tansah ambabar ganda arum ing bangsa Indonesia. Labuh labetipun R.A. Kartini saestu luhur sanget tumrap kaum wanita. Langkung-langkung ing wekdal menika upaya ingkang dipuntindakaken R.A. Kartini saged ndadosaken kangge majengipun bangsa Indonesia ingkang kita tresnani menika.

Pratelan teks pidhato kasebut iku kalebu jinis pidhato ...

a)

resmi

b)

setengah resmi

c)

semi resmi

d)

ora resmi

9.

Ing ngisor iki kang nuduhake salam purwaka saka pratelan teks pidhato kasebut, yaiku ....

a)

sugeng enjing

b)

sugeng siyang

c)

Assalamu'alaikum wr.wb

d)

Wassalamu'alaikum wr.wb

10.

Basa kang digunakake ing pratelan teks pidhato kasebut, yaiku ....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

11.

Tembung wigatos padha tegese karo tembung ....

a)

sarujuk

b)

jumbun

c)

minangka

d)

penting

12.

Sesorah ing rapat Karang Taruna kalebu jinis sesorah ....

a)

resmi

b)

setengah resmi

c)

ora resmi

d)

formal

13.

Pidhato presidhen nalika upacara pengetan kamardikaan kalebu jinis pidhato ....

a)

ora resmi

b)

ora formal

c)

semi resmi

d)

resmi

14.

Matur nuwun dhumateng para guru ingkang sampun nggulawentah kula sakanca saengga saged lulus sekolah sadaya

Tembung nggulawentah duweni teges ....

a)

nulis

b)

maca

c)

micara

d)

ndhidhik

15.

Ing wasana, kula pribadhi ingkang tinanggenah minangka talanging atur lan sampun kumawani tilar subasita, cicir, cewet, lan cupeting atur keparengan diagung ing pangaksami.

Pratelan teks pidhato kasebut kalebu perangan ....

a)

purwaka

b)

isi

c)

pangarep-arep

d)

panutup

16.

Ing wasana, kula pribadhi ingkang tinanggenah minangka talanging atur lan sampun kumawani tilar subasita, cicir, cewet, lan cupeting atur keparengan diagung ing pangaksami.

Tembung pangaksami pada tegese karo tembung ....

a)

matur nuwun

b)

nyuwun tulung

c)

pangapunten

d)

cekap

17.

Ing ngisor iki ora kalebu metode pidhato, yaiku ....

a)

impromptu

b)

ekspromptu

c)

ekstemporer

d)

apalan

18.

Ajining dhiri gumantung ing ...., ajining raga gumantung ing busana.

Tembung kang trep kanggo njengkepi, paribasan kasebut, yaiku ....

a)

sira

b)

lathi

c)

subasita

d)

tata krama

19.

Metode pidhato kanthi nganggo cathetan babagan kang wigati utawa penting saka isi pidhato diarani metode ....

a)

impromptu

b)

naskah

c)

ekstemporer

d)

apalan

20.

Nalika omongan karo kanca kanca kang wis rumaket nggunakake basa ....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

21.

Tugase Dhalang yaiku....

a)

Tukang nglakokne wayang

b)

Tukang nabuh gamelan

c)

Sing gaweyane nembang

d)

Tukang nggawe wayang

22.

Gambar Punokawan Iki jenenge....

a)

Semar

b)

Gareng

c)

Petruk

d)

Bagong

23.

Taling yaiku sandangan swara..

a)

I

b)

U

c)

E

d)

O

24.

Sing kelebu kelebu sandangan swara yaiku..

a)

Wulu, pepet, pengkal, lan cakra

b)

Wulu, pepet, suku, taling, taling tarung

c)

Wulu, pepet, cecek, pankon

d)

Wulu, pepet, cakra, pengkal

25.

Aksaea Jawa iku cacahe ana...

a)

20

b)

22

c)

19

d)

21

26.
Irunge gajah arane ...
a)
cingur
b)
tlacak
c)
tlale
d)
ceker
27.
Bocah e ganteng, uga untune ...
a)
mucuk eri
b)
miji timun
c)
mblalak-mblalak
d)
manggis kareget
28.
Bocah wadon saka Bali iku ayu, mripate katon ...
a)
mucuk eri
b)
miji timun
c)
mblalak-mblalak
d)
manggis kareget
29.
Kanggo ngarani perangan awak sing apik-apik diarani
a)
Rinengga
b)
panyandra
c)
panyendu
d)
pepindah
30.
Kanggo ngarani perangan awak sing ala diarana
a)
Rinengga
b)
panyandra
c)
panyendu
d)
pepindah
31.
Yen Bahasa Indonesia ana Pantun, yen basa jawa ana...
a)
parikan
b)
pepindahan
c)
bebasan
d)
geguritan
32.

Aja gampang percaya omongane bocah kae, merga dheweke wis kondhang manawa ....

Tembung entar kang mathuk kanggo njangkepi ukara ing dhuwur yaiku ....

a)

Entheng tangane

b)

Idu geni

c)

Gedhe sombong

d)

Lunyu ilate

33.

Ireng-ireng gorengan kopi, ....

Tembung sing mathuk kanggo nggenepi parikan ing dhuwur yaiku ....

a)

Legi-legi rasane gula

b)

Ati seneng juwara siji

c)

Bocah cilik ajar ngaji

d)

Ngenteni bocah sing keri

34.

Pitik walik saba meja, batangane yaiku ....

a)

Nanas

b)

Nangka

c)

Sulak

d)

Sapu

35.

Dikethok malah ....

Tembung kang cocok kanggo ngganepi cangkriman ing ndhuwur yaiku ....

a)

Gedhe

b)

Dhuwur

c)

Dawa

d)

Rusak

36.

Banyu mujudake sumber ....

Tembung andhahan sing cocok kanggo ngganepi ukara kasebut ....

a)

Pangurip

b)

Urip

c)

Urie

d)

Panguripan

37.

Prawakane Tarsan kuwi dhegus kaya gatotkaca.

ukara dhegus tegese

a)

gedhe + gusar

b)

gedhe + bagus

c)

dhewe + bagus

d)

dhedeg + bagus

38.

Perangane layang kang nelakake ungah-ungguhe kang ngirim layang marang wong kang dikirimi diarani ....

a)

Adangiyah

b)

Titi mangsa

c)

Surasa basa

d)

Wasana basa

39.

Rukun agawe santosa, crah .....

Paribasan ing dhhuwur iku terusane sing bener yaiku .....

a)

Agawe lumrah

b)

Agawe bungah

c)

Agawe susah

d)

Agawe bubrah

40.

Semar, Gareng, Petruk, Bagong iku sinebut ....

a)

abdi sekawan

b)

karang kedhempel

c)

kanca sekawan

d)

punakawan

41.

Ing pelajaran basa Jawa, sesorah utawa pidhato iku kalebu jinising katrampilan ….

a)

nulis

b)

micara

c)

maca

d)

nyemak

42.

Bab sing diandharake sajrone pidhato iku awujud ….

a)

karepotan

b)

kabutuhan

c)

negosiasi

d)

informasi

43.

Sadurunge gawe teks pidhato becike gawe cengkorongane luwih dhisik. Sing dikarepake cengkorongan teks pidhato yaiku ....

a)

teknik pidhato

b)

urutan pidhato

c)

paraga pidhato

d)

kerangka pidhato

44.

Nalika maca teks pidhato kudu nggatekake ekspresi, yaiku ....

a)

swara kang lirih

b)

lafal utawa pangucape tembung kang cetha

c)

intonasi utawa lagune pangucap kudu pas lan trep

d)

polatan lan solah bawa sing jumbuh karo isine pidhato

45.

Gatekno kutipan pidhato ing ngisor iki!

Para sedherek sedaya, makaten sekedhik andharan ingkang kula aturaken ing acara pengetan Dinten Pahlawan menika. Kulo ngrumaosi taksih kathah kalepatan ingkang kula tindakaken nalika ngandharaken menika. Pramila, kula tansah nyuwun agunging samodra pangaksami.

Kutipan pidhato iku nuduhake bagian ….

a)

salam pidhato

b)

panutup pidhato

c)

isi pidhato

d)

cengkorongan pidhato

46.

Wacan kutipan pidhato ngisor iki kanggo nggarap soal!

....

Ingkang rumiyin, sumangga panjenengan lan kula tansah ngonjukaken puji syukur dhumateng Allah ingkang Maha Asih. Saking nugrahanipun, panjenengan lan kula saged makempal ing papan lan wekdal menika kanthi wilujeng saperlu mengeti Dinten Pahlawan menika.

Sajroning pidhato, kutipan iku nuduhake bagian ….

a)

salam pambuka

b)

purwaka

c)

surasa basa

d)

dudutan

47.

Wacan kutipan pidhato ngisor iki kanggo nggarap soal!

....

Ingkang rumiyin, sumangga panjenengan lan kula tansah ngonjukaken puji syukur dhumateng Allah ingkang Maha Asih. Saking nugrahanipun, panjenengan lan kula saged makempal ing papan lan wekdal menika kanthi wilujeng saperlu mengeti Dinten Pahlawan menika.

Basa sing digunakake ing kutipan pidhato ing dhuwur yaiku ….

a)

ngoko alus

b)

ngoko lugu

c)

krama lugu

d)

krama inggil

48.

Sebutan kanggo wong kang nglantarake pidhato yaiku ….

a)

orator

b)

guru

c)

mubaligh

d)

orasi

49.

Ukara sing surasane padha karo teks kasebut yaiku ….

a)

bapak ibu ingkang winantu ing suka basuki

b)

cekap semanten atur kula

c)

mangga sami ngaturaken pamuji dhumateng Gusti ingkang Maha Agung

d)

karesikan iku wujud saka satengahe iman

50.

Gunane cengkorongan pidhato yaiku kanggo ....

a)

ngringkes pidhato

b)

mbiji isine pidhato

c)

nulis isine pidhato

d)

nggampangake gawe teks pidhato

51.

Supaya bisa micara kanthi lancar, sajrone pidhato kudu ngerteni ....

a)

sing nonton

b)

materi pidhato

c)

sing nata swara

d)

pranata acarane

52.

Panyawange mripat nalika pidhato becike ....

a)

mangisor

b)

mandhuwur

c)

tumuju ana ing teks

d)

tumuju ing pamireng

53.

Sajrone pidhato, uluk salam iku kalebu ana ing perangan ....

a)

purwaka

b)

isi

c)

panutup

d)

katrangan

54.

Wacananen teks pidhato ing ngisor iki.

Sumangga Panjenengan sedaya kula dherekaken ngaturaken raos syukur konjuk ing ngayunan dalem Gusti ingkang Akarya Jagad.

Ukara ing ndhuwur medhote sing bener yaiku ....

a)

Sumangga/Panjenengan/sedaya kula dherekaken ngaturaken raos syukur konjuk ing/ngayunan/dalem Gusti ingkang Akarya Jagad//

b)

Sumangga/Panjenengan/sedaya/kula dherekaken ngaturaken raos syukur konjuk ing/ngayunan/dalem Gusti ingkang Akarya Jagad//

c)

Sumangga/Panjenengan/sedaya kula dherekaken ngaturaken raos syukur konjuk ing/ngayunan/dalem/Gusti ingkang Akarya Jagad//

d)

Sumangga/Panjenengan sedaya/kula dherekaken/ngaturaken raos syukur/konjuk ing ngayunan dalem/Gusti ingkang Akarya Jagad//

55.

Wacananen teks pidhato ing ngisor iki.

Sumangga Panjenengan sedaya kula dherekaken ngaturaken raos syukur konjuk ing ngayunan dalem Gusti ingkang Akarya Jagad.

Ukara sing surasane padha karo teks kasebut yaiku ....

a)

Cekap semanten atur kula.

b)

Karesikan iku wujud saka satengahe iman.

c)

Bapak Ibu ingkang winantu ing suka basuki.

d)

Mangga sami ngaturaken pamuji dhumateng Gusti ingkang Maha Agung.