wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Unggah-ungguh basa

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Krama lugu Aku :

a)

Kulo

b)

Aku

c)

ingson

d)

beta

2.

Ngako lugu ngasta

a)

jupuk

b)

nggawa

c)

mbekto

d)

nenteng

3.

Basa kang kanggo bocah-karo bocah utawa sapadha-padha yaiku ….

a)

krama

b)

Krama inggil

c)

Ngoko lugu

d)

Ngoko alus

e)

Krama andhap

4.

Krama lugune mangan, yaiku....

a)

dhahar

b)

Nedhi

c)

mangan

d)

Maem

5.

Aku numpak sepeda, dene bapak ...

a)

numpak

b)

nitih

c)

nganggo

d)

nggawa

6.

Anis : mengko sore sido latihan ora san?

Santi : sido, mengko dak ampiri jam setengah papat.


Pacelathon ing dhuwur mau migunakake unggah-ungguh basa ...

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko Alus

c)

Krama Lugu

d)

Krama Madya

e)

Krama Alus

7.

Pak Agus : ”Bola-bali telat wae, apa maneh alesanmu nar?”

Sunar : “....”

Ukara kang trep kanggo mangsuli Pak Agus yaiku ....

a)

Dalem kula tebih sanget, Pak

b)

Griya kula tebih, Pak

c)

Dalem kula adoh, Pak

d)

Omahku adoh, Pak

8.

Bu Guru lagi nulis ing blabag.

Tembung nulis basa kramane yaiku . . . .

a)

Maos

b)

Nyerat

c)

Lenggah

d)

Nedha

9.

Pak Ahmad kondur saka mesjid sawise shalat isya.

Tembung kondur tegese padha karo tembung . . . .

a)

Mulih

b)

Rawuh

c)

Kesah

d)

Dugi

10.

Ibu lunga menyang pasar.

Ukara kasebut yen diowahi nganggo basa krama alus yaiku . . . .

a)

Ibu kesah dhateng peken

b)

Ibu bidhal dhateng peken

c)

Ibu tindak dhateng peken

d)

Ibu rawuh saking peken

11.

Nalika sliramu matur bapak lan ibu becike nganggo ragam basa apa?

a)

basa ngoko lugu

b)

basa krama lugu

c)

basa ngoko alus

d)

basa krama alus

12.

Basa kang tembunge ngoko kabeh diarani ...

a)

ngoko alus

b)

ngoko lugu

c)

ngoko biasa

d)

ngoko umum

13.

Jingglengono 5 ukara ing ngisor

1. wong tuwa marang wong enom

2. wong/bocah sabarakan/ meh padha umur-umurane

3. wong tuwa marang wong enom kang luwih dhuwur kalungguhane

4. wong sing luwih dhuwur pangkate marang sing luwih asor

5. ngrembug wong liya kang perlu diajeni


Sing kalebu ing ragam ngoko lugu yaiku....

a)

1,2,3

b)

1,2,4

c)

2,3,4

d)

2,4,5

e)

3,4,5

14.

Bu, pira rega gula limang kilo?. ukara iki yen di ubah basa krama yaiku

a)

bu, pira regi gula gangsal kilo?

b)

bu, pinten regi gendhis gangsal kilo?

c)

bu, pinten regi uwos gangsal kilo?

d)

bu, pinten regi sarem gangsal kilo?

15.

Basa krama inggile maca

a)

nonton

b)

maos

c)

ngunjuk

d)

nitih

16.

apa basa krama alus gambar iki

a)

ngombe kopi

b)

nginum kopi

c)

dhahar kopi

d)

ngunjuk kopi

17.

Yen liwat sangarepe wong luwih tuwa kang padha lenggah kudune matur ...

a)

Matur nuwun

b)

Nyuwun sewu

c)

Ndherek langkung

d)

Nyuwun pangapunten

18.

Ragam basa kang nduweni titikan ater-ater lan panambang dadi krama lan panyebutan uwong liya bisa "sampeyan" yaiku...

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Karma alus

19.

Bima lan Asri arep sekolah. Bima lan Asri matur _____ marang bapak lan ibu.

a)

Nyuwun pamit

b)

Nyuwun kondur

c)

Ndherek langkung

20.

Menawa diparingi barang saka wong liya matur ____ .

a)

nyuwun pamit

b)

matur nuwun

c)

nyuwun sewu