Font size
WorksheetsLagu Dolanan lan Tembang Kinanthi
Total questions: 20
Worksheet time: 11mins
Saka gambar iku, bisa dimangerteni salahsawijining lagu kanggo ngiringi lakune dolanan mau. Dolanan iki umume nganggo gacuk (barang cilik) kang lumrahe bisa digegem. Lagu kanggo iringane dolanan iki mau kang jumbuh yaiku....
suwe ora jamu
jamuran
cublak-cublak suweng
jaranan
gambang suling
Lagu dolanan yen digatekake, ukarane dibolan-baleni. Ancase supaya....
apik ditembangke
cepet rampung
kareben bocah-bocah cepet apal lagune
pangripta/penciptane kurang ide
Umume lagu dolanan iku iringane musik gumyak, tembung gumyak tegese....
sregep
seneng
alon
sedhih
Tembang kasebut ngemu pitutur ing antarane yaiku....
tumindak sembrana bakal rugi wekasane
Aja kakehan turu sore, wektu sore isih bisa kanggo ngrampungke kuwajiban
dadi wong kudu intropeksi diri
wong sing ala rupane durung mesthi ala bebudene
Ing lirik lagu dolanan "Suwe ora jamu" kacetha yen tibaning swara ing pungkasaning gatra mesthi gumathok. Titikan iki jumbuh karo titikane lagu dolanan yaiku....
migunakake paribasan
migunakake purwakanthi
migunakake bebasan
migunakake saloka
Purwakanthi iku wujude ana 3 kaya ing ngisor iki, kajaba....
swara
ukara
sastra
lumaksita
Lagu dolanan bisa nduweni manfaat kaya kasebut ing ngisor iki, yaiku....
kanggo sarana hiburan
kanggo piwulang bocah-bocah
kanggo gawe gumregah, supaya bocah ora nyanyi lagu dewasa
kanggo neturu bayi/ balita
Tembang dolanan iki, migunakake purwakanthi lumaksita (perulangan satu kata utuh), yaiku tembung....cacahe ana....
gawe (4x)
menthok (4x)
guyu (3x)
ngorok (3x)
Adhedhasar tembang Kinanthi iki, bisa dititiki yen paugeraning tembang macapat Kinanthi iku kadadean saka... gatra
4
5
6
7
Tembang Kinanthi nduweni watak....
sedhih
ngemu surasa pangarep-arep, gandrung,seneng
sembrana-parikena
nalangsa
Paugeran guru wilangan lan guru lagu saka tembang Kinanthi yaiku....
8a,8i,8a,8u,8o,8a
8i,8u,8u,8a,8a,8o
8u,8i,8a,8i,8a,8i
8e,8u,8i,8i,8a,8u
Tembang Kinanthi duweni guna kanggo....
medhar rasa susah
medhar piwulang
sembranan
tantang-tantangan
Kang ora kalebu tembang macapat yaiku....
Maskumambang
Megatruh
kidang talun
Durma
Guru gatra yaiku....
cacahing wanda saben sagatra
cacahing larik saben sapada
dhong-dhinge swara
cacahing purwakathi saben sagatra
Tembang macapat iki, kang guru gatrane wonten 6 yaiku....
mijil
kinanthi
pocung
durma
Cacahing suku kata ana ing saben sagatra yaiku ...
Guru gatra
Guru lagu
Guru wilangan
Guru sastra
Tembang macapat duweni paugeran tartamtu, dene tembang dolanan ora nduweni paugeran tartamtu. Mula tembang macapat kang paugerane guru lagu lan guru wilangan (8u,8i,8a,8i,8a,8i)yaiku tembang....
mijil
sinom
gambuh
kinanthi
durma
Tembang Kinanthi iku umpama kajumbahake tumrap siklus uripe manungsa, yaiku trep ing rikala manungsa nemahi
lair saka gua garbaning ibu
diajari mlaku/ dititah
nom-noman
ketaman asmara
ukara "rina wengi den anedya" ngadhahi teges....
saben dina kudu ngibadah
rina wengi tansah ngupaya (Usaha)
Ngupaya (Usaha) nglakoni urip
urip kudu brayan
rina wengi tansah kelingan
