Font size
WorksheetsBASA JAWA KELAS 5
Total questions: 109
Worksheet time: 54mins
Teks wacan kang isine ngandharake kedadeyan kanthi runtut saka wiwitan nganthi pungkasan iku diarani... .
a. teks persuasi
b. teks dheskripsi
c. teks narasi
d. teks argumentasi
Teks sing gagasan pokoke ngandharake obyek, panggonanutawa kedadeyan kanthi njlimet / rinci diarani...
a. teks narasi
b. teks dheskripsi
c. teks persuasi
d. teks argumentasi
Ing ngisor iki kalebu perangan-perangane teks narasi kajaba... .
a. resolusi
b. komplikasi
c. argumentasi
d. resolusi
Pelaporan ngenani kedadeyan kang lagi wae dumadi iku diarani... .
a. teks narasi
b. teks persuasi
c. teks pawarta
d. teks dheskripsi
Ing ngisor iki kalebu ciri-cirine teks pawarta kajaba... .
a. mujudake crita
b. awujud kekadeyan
c. asipate bener-bener dumadi, aktual lan lengkap
d. dadi pusat kawigaten
Pawarta kang diwartake dening wong liya kanggo pamiyarsa lumantar swara langsung diarani pawarta... .
a. wacan
b. gagasan
c. tulisan
d. lisan
Pawarta kang lumantar selebaran, brosur, pamflet lan sapanunggalane sarta kapajang ing papan pengumuman diarani pawarta... .
a. wacan
b. gagasan
c. lisan
d. tulisan
Anggone nyambut gawe nganti adus kringet. "Adus kringet" kalebu tembung... .
a. saroja
b. entar
c. camboran
d. garba
Tembung loro utawa luwih sing dirangkep dadi siji sok-sok nduwe teges anyar diarani tembung... .
a. entar
b. saroja
c. garba
d. camboran
Ukara ing ngisor iki sing kalebu tembung saroja yaiku... .
a. Ibuku mususi beras ketan ing pawon.
b. Adhiku nangis gulung-koming.
c. Bola-bali mangan ancene weteng karet.
d. Kabare ngenani rajapati wis sumebar warata ing ngendi-endi.
Gambar ing nduwur termasuk prastawa alam....
Gunung njeblug
Angin lesus
Kobongan alas
Lindhu
Ing ngisor iki termasuk gambar kedadeyan prastawa alam, kajaba ....
Ing ngisor iki sing klebu penyebabe prastawa banjir yaiku ....
akeh wit-witan sing gede
udan deres lan akeh sampah
ana lindhu banter
ana angin gede banget
Sakabehing kedadeyan kang gegayutan karo kekuwatan alam diarani ....
Prastawa alam
Pengalaman
Tembang macapat
Tembang dolanan
Amarga jawahe deres banget, tanduran parine bapak klelep banyu.
tegese tembung "jawah" yaiku....
Panas
Angin
Udhan
panen
Apa wae sing metu saka gunung kang njeblug?
lahar, watu, pasir
banyu, geni, omah
uwit, omah, pasir
omah, geni, pasir
Guru gatra yaiku .....
Tibane swara ing pungkasane gatra
Cacahe gatra saben sapada
Cacahe wanda saben sagatra
Tibane swara saben sawanda
Sing kalebu jinis tembang macapat yaiku .....
Kinanthi
Balabak
Citramengeng
Girisa
Tembang macapat uga bisa diarani tembang ...
Tengahan
Gedhe
Cilik
Kuna
Tibane swara ing pungkasane gatra yaiku ...
Guru lagu
Guru wilangan
Guru swara
Guru basa
Pawarta kang diwartakake dening wong liya kanggo pamirsa lumantar swara langsung diarani ....
lisan
wacan
tulisan
gagasan
Jinise pawarta sing wektu lan panggonan kedadeyan ora kena dipesthekake diarani pawarta ....
ndinan
lisan
dadakan
crita
Jinise pawarta sing ora dibatesi wektu lan panggonan, diwedharake mung kanggo hiburan diarani pawarta ....
ndinan
lisan
dadakan
crita
Pawarta sing durung dingerteni bener/lupute kedadeyan sing sabenere diarani ....
kabar manuk
kabar keluwarga
kabar bungah/susah
kabar nagara
Adhedhasar medhiya sing dienggo ngandharake, jinise pawarta diperang ....
politik, hukum, lan budaya
cithak lan elektronik
lokal, regional, lan nasional
ndinan, dadakan, lan crita
Adhedhasar lingkungan geografis, jinise pawarta diperang ....
politik, hukum, lan budaya
cithak, lan elektronik
lokal, regional, lan nasional
ndinan, dadakan, lan crita
Nulis pawarta iku kudu ana irah-irahan. Irah-irahan iku tegese ....
judhul
isi
pambuka
panutup
Bowo bocah sregep.
Kosok baline sregep yaiku ....
kesed
karep
kasep
kasad
Pak guru lagi nulis ing papan tulis.
Tembung nulis yen dikramakake ....
nyerat
nganggit
ngagem
ngasta
Aksara Murda kasebut yen dialihkasara dadi aksara latin yaiku....
Prawiramartaya
Fajar Herman Santosa
Fajar Hermansyah
Fajar Hermawan Saputra
Tatacara panulisane aksara murda yaiku ....
Aksara murda bisa diwenehi sandhangan
Aksara murda ora kena diwenehi sandhangan
Aksara murda kena kena dadi sesigeging wanda
Aksara Murda kena dipangku
Aksara murda Ba yaiku ....
Aksara murda Ta yaiku ....
Aksara murda Sa yaiku ....
Aksara murda Ga yaiku ....
Aksara murda Pa yaiku ....
Aksara murda Ka yaiku ....
Aksara murda Na yaiku ....
Ngisor iki jenenge aksara murda
Na, Ka, Ta, Da, Pa, Nya, Ga, Ba.
Na, Ka, Ta, Sa, Pa, Nya, Ga, Ba.
Na, Ka, Ta, Wa, Pa, Nya, Ga, Ba.
Na, Ka, Ta, La, Pa, Nya, Ga, Ba.
Aksara Murda cacahe ana ....
8
7
6
5
Wah swaramu apik tenan ndhuk! Pantes menawa kowe juwara nyanyi tingkat Provinsi. Ukara kasebut kalebu jinising ukara kang ngandharake …
nyuwun idin
pamuji/ngalem
narik kawigaten
pitepangan
Nalika kowe dinyatakake munggah kelas VIII lan dadi juwara 1 ing kelas, Bu Rina minangka wali kelasmu ngucapake selamat kanggo kowe. Anggonmu caos wangsulan marang Bu Rina kang becik yaiku …
Matur nuwun Bu, menika sedaya awit donga pangestunipun Bu Rina.
Matur nuwun Bu, untung ingkang dados wali kelasipun Bu Rina.
Matur nuwun Bu, menika amargi kula mempeng anggene sinau.
Matur nuwun Bu, menika amargi kula boten tau bolos sekolah.
Nalika Bulik Asri kondur saka Bandung, Lintang entuk oleh-oleh peyem. Kepriye ature Lintang kang bener nalika ngandharake panuwun dhateng bulike?
Matur nuwun lik, tapi kok mung sethithik?
Matur nuwun lik, kula remen peyemipun.
Matur nuwun lik, sesuk tumbaske maneh.
Matur nuwun lik, sesuk meneh ya.
Nalika arep miwiti rapat karang taruna, Fahmi minangka ketua pemudha jaluk para anggotane supaya padha gatekake. Kepriye ature Fahmi menawa jaluk kawigaten para anggotane?
Kanca-kanca aja rame dhisik!
Kanca-kanca rungokna sedhela!
Kanca-kanca bisa meneng apa ora?
Kanca-kanca jaluk kawigatene anteng dhisik.
Ing dina Selasa, Arin telat anggone mlebu kelas jalaran tangi kawanen. Kepriye anggone Arin matur marang Bu Guru kang wis miwiti pelajaran?
Bu guru nuwun sewu kula telat, yen oleh kula ajeng melu pelajaran.
Bu guru nuwun sewu kula telat, yen angsal kula ajeng tumut pawiyatan.
Bu guru nuwun sewu kula telat, menawa angsal kula ajeng ndherek pawiyatan.
Bu guru nuwun sewu kula telat, menawi kepareng kula badhe ndherek pawiyatan.
Menawa arep nyuwun idin belajar kelompok, anggone matur marang simbahmu yaiku …
Mbah, kula nyuwun idin badhe belajar kelompok, wangsulipun mangke jam tiga.
Mbah, kula mundhut idin arep belajar kelompok, kondure mangke jam tiga.
Mbah, kula nyuwun idin ajeng belajar kelompok, baline mangke jam telu.
Mbah, kula ajeng idin belajar kelompok, kondure mangke jam telu.
Ayo diunjuk dhisik, mau saka sekolahan ta? Ukara iku migunakake unggah-ungguh basa …
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Basa kang tembung-tembunge ngoko kabeh ora kecampur tembung krama diarani …
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Ibu nuwun sewu, menawi kepareng kula badhe matur. Ature Bayu marang ibune iku migunakake unggah-ungguh basa …
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Ibu mundhut beras ing Pasar Ngemplak. Ibu polane ....
Jejer
Wasesa
Lesan
katrangan
Dhek dina Minggu bocah-bocah kelas 5 dolan menyang Candi Penataran. Candi Penataran kalebu ....
Katrangan wektu
Katrangan panggonan
Jejer
lesan
Bu Umi mundhut gendhis pethak ing warung. Jejere ukara yaiku ....
Mundhut
Gendhis klapa
Bu Umi
Ing warung
Saben wayah preinan akeh wiasatawan sing padha plesiran ing papan kene. Tembung " plesiran " tegese...
Sinau
Rekreasi
Mondok
Nginep
Wujude pasangan aksara pa yaiku ....
Wujude pasangan aksara na yaiku ....
Pasangan aksara ra iku wujude ....
iki pasangan aksara ....
la
na
ca
ka
Boso Kromone gulo
Gedis
Krambil
sarem
lisa
Pakdhe uwis ngombe banyune
Yen dikramake dadi ….
Pakdhe sampun ngombe banyunipun
Pakdhe sampun ngunjuk toyanipun
Pakdhe sampun mundut yatranipun
Pakdhe sampun nyambut yatranipun
“Kowe mau teka kene numpak apa?”
Ukara ngoko lugu kasebut yen diubah dadi krama lugu yaiku....
panjenengan punapa dados tindak datheng Solo?
panjenengan wau rawuh mriki nitih napa?
sampeyan wau datheng mriki numpak napa?
kowe mau datheng kene nunggang apa?
“Ing taman Santi maca buku bahasa jawa”.
Ukara kasebut yen diudal manut pola yaiku....
J-W-K-L
K-J-L-W
K-J-W-L
J-W-L-K
Aja mung kerja wae, .... eling marang wong tua.
Ukara rumpang kanggo jangkepi tembung saroja yaiku....
kadhang kala
jungkir walik
campur batur
babak belur
Tembung loro kang padha utawa meh padha tegese banjur digawe bebarengan diarani tembung....
garba
saroja
lingga
entar
Tembung kang tegese ora kaya makna salugune diarani tembung....
garba
saroja
lingga
entar
“Kancaku cilik atine pas mlakunglewati kuburan”.
Ukara kasebut kalebu tembung....
garba
saroja
lingga
entar
Bapak mboten seneng dadar gulung, senenge ndog dadar. Dadar gulung kalebu tembung....
entar
camboran
aran
saroja
Poma kaki dipun eling
Ing pitutur ingong
Sira uga satriya arane
Kudu anteng jatmika ing budi
Ruruh sarta wasis
Samubarangipun
Tembang macapat mijil kasebut nduweni guru gatra....
7 gatra
6 gatra
5 gatra
4 gatra
Poma kaki dipun eling
Ing pitutur ingong
Sira uga satriya arane
Kudu anteng jatmika ing budi
Ruruh sarta wasis
Samubarangipun
Guru lagune tembang macapat kasebut yaiku....
i – o – e – i – e – o
i – o – e – i – i – i
i – e – e – i – i – o
i – o – e – i – i – o
Poma kaki dipun eling
Ing pitutur ingong
Sira uga satriya arane
Kudu anteng jatmika ing budi
Ruruh sarta wasis
Samubarangipun
Tembang macapat mijil kasebut nduweni guru wilangan....
8 – 6 – 10 – 10 – 6 – 6
10 – 6 – 6 – 10 – 6 – 6
8 – 10 – 10 – 10 – 6 – 6
6 – 6 – 10 – 10 – 6 – 6
Dituturi ibune bola-bali nanging kandel kupinge. Tembung kandel kupinge nduweni teges yaiku....
angel mangan
angel diatur
angel dikandhani
kupinge kandel
Teks sing nggambarake kahanan/objek nganti sing maca kaya ngalami dhewe kalebu teks jenis (a)
(Jawab dengan satu kata)
Teks wacan kang isine ngandharake kedadeyan kanthi runtut saka wiwitan nganthi pungkasan iku diarani... .
a. teks persuasi
b. teks dheskripsi
c. teks narasi
d. teks argumentasi
Teks sing gagasan pokoke ngandharake obyek, panggonanutawa kedadeyan kanthi njlimet / rinci diarani...
a. teks narasi
b. teks dheskripsi
c. teks persuasi
d. teks argumentasi
Ing ngisor iki kalebu ciri-cirine teks pawarta kajaba... .
a. mujudake crita
b. awujud kekadeyan
c. asipate bener-bener dumadi, aktual lan lengkap
d. dadi pusat kawigaten
Pawarta kang lumantar selebaran, brosur, pamflet lan sapanunggalane sarta kapajang ing papan pengumuman diarani pawarta... .
a. wacan
b. gagasan
c. lisan
d. tulisan
Anggone nyambut gawe nganti adus kringet. "Adus kringet" kalebu tembung... .
a. saroja
b. entar
c. camboran
d. garba
Ukara ing ngisor iki sing kalebu tembung saroja yaiku... .
a. Ibuku mususi beras ketan ing pawon.
b. Adhiku nangis gulung-koming.
c. Bola-bali mangan ancene weteng karet.
d. Kabare ngenani rajapati wis sumebar warata ing ngendi-endi.
Tuladhane tembung camboran yaiku ….
bapa biyung
meja makan
emak bapak
sanak kadang
Bekakase durung tumata lan isih campur … dadi siji ing gudhang.
adhuk
tahu
sari
roti
Negara kita iki kondhang gemah ripah sarto loh ….
lohan
jinawi
sarira
sumelang
Bapak mundhut lemari … saka pasar seni Sukowati, Bali
dolanan
tahu
watu
kayu
Adhik dipundhutake jam … mainan ing Plaza Surabaya
.kaki
tangan
mata
jampi
Karo sapadha kanca iku sing rukun, aja tansah … padu!
sukar
dokar
tukar
pintar
Becike diganti meja … wae, ben kuwat lan ora bolak-balik ndandani.
wesi
dluwang
kain
plastik
Tembung kang duweni teges dudu sabenere utawa ora wantah, diarani tembung….
comboran
bentar
entar
sarira
Tegese dawa tangane yaiku ….
seneng tetulung
kelambine dawa
tangane pancen dawa
seneng njupuk barang liyan
gunemane mencla-mencle, tembang entare yaiku ….
lunyu ilate
gatel untune
tangane lara
lara watuk
Mbokya sing … segarane, ingatase prekara sepele kokgawe gedhe
alus
jembar
sempit
pahit
wong sak jero omah dadi podho udan … amargo krungu sedulure ono sing ketiban ciloko.
awan
mendung
tangis
duwek
Bapak … kringet kanggo nyukupi kabutuhan kaluwarga
kepingin
lara
ambu
adus
Tuladhane tembung entar yaiku …
a. Randha royal
b. Dawa tangane
c. Lemari kaca
d. Pakdhe budhe
Tuladhane tembung camboran tugel yaiku …
a. Semar mendhem
b. Wayang golek
c. Bulik paklik
d. Pager bata
Rumus 5W+1H kaya ana ing pawarta yaiku kalebu …
a. Titikane pawarta
b. Jinis-jinise pawarta
c. Peranagne pawarta
d. Unsur-unsur pawarta
Tembung loro utawa luwih digandheng dadi siji lan nduweni teges siji, yaiku …
a. Tembung camboran
b. Tembung entar
c. Tembung saroja
d. Tembung macapat
Tembang macapat iku kaiket paugeran …
a. Guru gatra, guru sastra, guru wilangan
b. Guru gatra, guru wilangan, guru lagu
c. Guru swara, guru sastra, guru basa
d. Guru swara, guru lagu, guru wilangan
Paugeran tembang Pucung yaiku…
a. 4 gatra = 12i, 6a, 8i, 12a
b. 4 gatra = 12a, 6u, 8i, 12a
c. 4 gatra = 12i, 6a, 8u, 12a
d. 4 gatra = 12u, 6a, 8i, 12a
Cacahing gatra saben sapada diarani …
a. guru wilangan
b. guru lagu
c. guru gatra
d. guru macapat
Aturan-aturan ing tembang macapat diarani …
a. Paugeran
b. Cakepan
c. Adhedhasar
d. Katrangan
Tembung loro kang padha utawa meh padha tegese, diengga bebarengan lan lumrahe ngemu surasa mbangetake, tegese tembung ….
paribasan
bebasan
saloka
saroja
Tuladhane camboran tugel yaiku “dubang” tegese….
madu banget
dumeh
idu abang
dunia abang
Tuladhane camboran tugel yaiku “lunglit” tegese….
lungguh alit
tahu pait
balung kulit
aja pelit
Tembung entare saka “sabar banget”, yaiku ….
jembar banyune
jembar omahe
jembar dhadhane
jembar uripe
Tembung entare saka “gampang aweh pangapura”, yaiku ….
jembar tambake
jembar kaline
jembar dalane
jembar segarane
Tembung entare saka “jujur banget”, yaiku ….
lurus lakune
lurus rambute
lurus sikile
lurus tangane
Tembung entare saka “seneng milara”, yaiku ….
mara sakti
mara tangan
mara ali-ali
mara mari
Tembung entare saka “seneng nggunem wong, criwis”, yaiku ….
kandhel alise
tipis mripate
kandhel irunge
tipis lambene
Tembung entare saka “nggoleki salah/klirune”, yaiku ….
metani lupute
marani benere
mlayu-mlayu
mlaku-mlaku
Tembung entare saka “mbukak rahasia”, yaiku ….
tuku
mbukak wadi
lunga
mbukak lawang
Tembung entare saka “sumeh”, yaiku ….
padang bulane
petheng
adem
bening atine
