NEW
Font size
WorksheetsKELAS 8. UJI COBA PAT
Total questions: 20
Worksheet time: 11mins
Para siswa wis tau ngrembug babagan tembung homonim, yaiku tembung kang panulisan lan pakecapane padha ananging nduweni teges beda. Salah siji ukara ing ngisor iki ngandhut tembung homonim. Ukara kang ngandhut tembung homonim, yaiku . . .
Yen wis sore, becike ayo padha enggal muleh.
Bu Guru paring dhawuh kelas siswa kelas 8 kudu ngiwangi nata kursi ning Ruang Serbaguna.
Sregep maca amrih jembar wawasane.
Sapa sing nesu?!
Semangka iku ukurane luwih gedhe saka Melon. Tembung kang kacethak kandel iku nduweni kosok balen, . . .
Cilik
Dhuwur
Lemu
Cungkring
Wujute ratu buta kang dadi pralambang saka watak angkara murka. Gawe geger amarga dhusta Dewi Sinta, paraga ing nduwur arane . . .
Rahwana
Anoman
Ramawijaya
Kalamarica
"Manawa ana bocah kang masuk angin lan watuk, ora usah susah, bingung – bingung. Saiki ana obat kang manjur kanggo ngilangi watuke bocah. Obat kang manjur yaiku “Vicks Formula Anak”. Vicks Formula Anak ampuh kanggo ngobati watuk becik iku watuk kang ana dhahake utawa watuk kang garing. Vicks Formula Anak duweni kandhutan obat kang apik lan becik kanggo bocah.”
Pariwara kang ana ing dhuwur nawakake barang kanggo . . .
Obat watuk bocah
Sirup vitamin bocah
Sirup kanthi rasa Strowberi
Obat kanggo awak panas
Bagaspati sumilak ing sisih wetan, nalika para Jago kluruk gugah manungsa, menehi ngerti yen wayah isuk teka.
Tembung Bagaspati, nunggal teges karo . . .
Srengenge
Bulan
Lintang
Mega
Riyaya Idul Fitri wingi dalan ngendi wae katon rame, akeh kendaraan kang sliwar-sliwer.
Kosok balen saka tembung “rame”, yaiku . . .
Ra isa meneng
Meneng
Sepi
Dhewe
Tembung “wayah” iku salah siji tuladha tembung homonim. Tegese tembung wayah, yaiku …. Lan …..
Putu lan Wektu
Putu lan Musim
Wektu lan Dina
Musim lan Wektu
Dasanama saka angin iku bayu, yen dasanamane saka banyu iku ing ngisor iki, kajaba. . .
Toya
Tirta
Maruta
Jala
“… Raden Rama, Dewi Sinta, lan Raden Lesmana teka ing sawijining alas kang aran alas Dhandaka. Ana ing salebatan Dewi Sinta pirsa ana Kidang kang ulese pindha emas … “
Kewan Kidang saka pethikan carita wayang Ramayana ing dhuwur iku duweni wulu kang kaya emas, mula diarani Kidang . . .
Keraton
Perunggu
Perak
Kencana
Peksi Jathayu minangka salah siji paraga kang ana ing carita wayang Ramayana. Wujute Jathayu yaiku . . .
Wanara
Kethek
Manuk
Kidang
Paraga antagonis iku paraga kang nduweni watak ala. Ing ngisor iki paraga kang nduweni watak antagonis ing jroning carita Ramayana lakon Resi Jathayu, yaiku . . .
Lesmana
Wibisana
Rahwana
Ramawijaya
Gathekna pethikan carita ing ngisor iki!
“… Jatayu menehi pitulungan marang Dewi Sinta sing diculik dening Rahwana nanging Jatayu kalah anggone perang lawan Rahwana ing awang-awang. Swiwine sengkleh siji banjur tugel. Jatayu tiba ing lemah. Rama karo Lesmana banjur nggoleki Sinta nganti tekan panggonane Jatayu sing lagi sekarat. Banjur Jatayu cerita marang Rama lan Lesmana ana ngendi anggone Sinta digawa Rahwana. Wong loro mau banjur nggoleki Sinta tumuju Negari Alengka …”
Watak satriya saka paraga Jatayu kang bisa koktuladhani . . .
Gelem menehi pitulungan marang wong kang butuhake.
Gelut iku solusi saka masalah.
Wani gelut ya wani tatu.
Aja gampang menehi pitulungan.
Rahwana iku wujute raseksa kang kratone ana ing negara . . .
Astina
Alengka
Atmaja
Ayodya
Gathekna wacan ing ngisor!
“Rajaning peksi kuwi jenenge Jathayu. Dheweke dadi mitra rakete Prabu Dasarata, raja ing Ayodya. Mula bareng weruh anake mitrane dicidra dening Rahwana, Jathayu enggal-enggal tumandang nulungi, Kreta Kencana ditrajang wae, Dewi Sinta direbut. Nanging, Rahwana nggegegi, ora nguwalake. Dedreg udreg-udregan, silih ungkih, rebutan Dewi Sinta ana ing gegana. Eman dene Jathayu kalindhih, ditatoni lan diajar dening Rahwana. Swiwi kiwa sengkleh tugel, isih megap-megap ditendhang, kumleyang ing awang-awang, tiba ing lemah klejet-klejet klabakan. ...”
Jathayu iku minangka . . . Prabu Dasarata.
Kanca cedak
Mungsuh
Anakne
Sedulur
Ibuke Andi ngasta wonten ing TK Aisyah Kartasura.
Tembung ngasta tegese. . . .
Gawa
Jupuk
Tangan
Mulang
Lisa lagi nunggu Rosita tuku buku ning Gramedia, amarga Rosita kesuwen anggone milih buku banjur Lisa ngomong.
Lisa : “Cepeta anggonmu milih buku! Iki wis ameh sore lo.”
Ukara kang diucapake dening Lisa iku kalebu jinising ukara . . .
Pitakon
Pakon
Pangajab
Panuwun
“Ayo enggal padha bebarengan ngresiki lingkungan kiwa lan tengen!”
Ukara ing dhuwur kalebu jinising ukara pakon . . .
Pangajak
Pangajab
Pamenging
Paminta
Ana gatra kapisan pada 1 pupuh Kinanthi Serat Wulangreh;
“Padha gulangen ing kalbu”, tegese yaiku . . .
Ayo padha dolan bareng
Ayo padha nglatih ati
Ayo aja padha turu sore
Ayo lungguh sing tata
“Aja pijer mangan nendra”. Gatra katelu pupuh kinanthi Serat Wulangreh.
Tembung “nendra” tegese....
Turu
Dhahar
Dolan
Nangis
Salah siji bentuk teks wacan kang duweni karep kanggo nawakake barang dagangan utawa jasa, iku diarani teks . . .
Pacelathon
Pariwara
Narasi
Eksposisi
