WorksheetsDISEMINASI BAHASA JAWA KECAMATAN PECALUNGAN
Total questions: 20
Worksheet time: 3mins
Aksara Jawa lêgêna (carakan) cacahé rongpuluh. Kang adaté kapérang dadi patang larik.
Déné urutan larik kaping têlu yakuwi ….
Tembang gêndhéng yén ditulis nganggo Aksara Jawa yaiku ….
Sing kalêbu sandhangan panyigêging wanda ing ngisor iki yaiku ….
cakra
pengkal
taling tarung
wignyan
Pasangan mênawa oleh sandhangan swara suku, bali dadi kaya aksara asalé. Sakliyané pasangan ta kaya ing têmbung ing sisih iki yaiku ....
ka lan la
la lan sa
ha lan ka
na lan ka
“Adhiku tuku gula karo kopi” Ukara ing dhuwur yen ditulis nganggo Aksara Jawa Yaiku ….
Cêrkak kuwi kalêbu jinise ….
mitos
dongeng
prosa
legenda
Sipat cerkak mujudaké tulisan ….
Biodata
Fiksi
Berita
Biografi
Cêrkak kuwi drama antarané … lan …
narasi lan déskripsi
dialog lan narasi
déskripsi lan dialog
narasi lan diksi
Unsur intrinsik cerkak sing nggambaraké urutan kêdadéyan yaiku ….
point of view
alur
tokoh
prémis
Pesen moral sing bisa diduduti sawisé maca cêrkak diarani ….
sêsanti
amanat
sasmita
piwulang
Sajroning pêmbelajaran praktik dongéng, becik diupayakaké supaya kawasisané siswa bisa thukul ngrêmbaka utamané ing babagan ngisor iki, kêjaba ….
wiraga
wirasa
wicipta
wicara
Nalika guru mulang ndongéng, sing kudu éntuk kawigatén luwih dhisik karêbén pêmbelajaran ndongéng bisa kasil kanthi marêmaké yaiku babagan ….
sandhangan lan piranti kanggo manggung.
wêwatêkan para paraga lan isine dongéng
ragad kanggo manggung lan konsumsi
tata panggung lan papan lungguh pamirsa
Cerita rakyat kang fiktif / ora nyata kêdadéyan yaiku ….
crita cêkak
gêguritan
dongéng
novel
ing ngisor iki ancasing dongeng kejaba ….
Sarana panglipur
Sarana kanggo apus-apus
Kanggo nyêbaraké kapêrcayan turun têmurun kang ana ing masyarakat
Ngajaraké piwulang bêcik
Carané narik kawigatén wong kang ngrungokaké dongéng kasebut ing ngisor iki ….
Nganggo basa krama alus
Critané mêdeni lan dawa
Nganggo pangiring kang jumbuh karo crita
Nggunakaké propêrty utawa alat pêraga
Pidhato nduwéni pérangan kaya ing ngisor iki, kêjaba ….
surasa basa
rura basa
wasana basa
purwaka basa
Pérangan pambukane pidhato yaiku ….
Sedaya kalêpatan atur kula namung cadhong dêduka, kêparêng nyuwun agunging pangaksama
Jênang séla wadêr kaléh sêsondhéran, apurana sêdaya lêpat kula.
Nugraha sih wilasaning Gusti Ingkang Maha Agung, mugiya kajiwa kasarira tumandhuk ing jiwangga panjênêngan lan kula, waradin sagung dumadi.
Ing kalênggahan punika, kêparêng kula ajak-ajak dhateng dhiri pribadi sumrambah dhumatêng para rawuh amrih nrêsnani budaya Jawa
Paraga sêsorah nangkêpaké asta ngapurancang, ngadêg jêjêg mitayani, dipunwastani ….
wiraga
wirasa
wiguna
wirama
Saradan jroning pidhato ….
Ora pêrlu sêbab ndadékaké pidhato dadi ala.
Pêrlu yén nyêngkuyung wosing pidhato.
Kudu ana kanggo jêjangkêpe pidhato.
Ora pêrlu yén pidhatoné wis apal.
Wiramane pidhato yaiku ….
trêp orané busana kang di ênggo
obah éwahing pérangan badan
mêndhat mêntuling swara
lirih sorane mik (pandaya swara)
