wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

RESI JATAYU

Total questions: 10

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.

Resi Jatayu iku mitrane ...

a)

Prabu Dasarata

b)

Rahwana

c)

Lesmana

d)

Ramawijaya

2.

Garwane Ramawijaya kang didhustha dening Rahwana, yaiku ...

a)

Dewi Trijatha

b)

Dewi Sinta

c)

Dewi Sayempraba

d)

Dewi Kausalya

3.

Ing ngisor iki kang ora kalebu watak Resi Jatayu, yaiku ...

a)

wicaksana

b)

seneng tetulung

c)

ora gampang nyerah

d)

ora setya marang mitra

4.

Kang dadi setting papan ana ing crita wayang Ramayana Lakon Resi Jatayu, yaiku, kejaba ...

a)

wana Dhandhaka

b)

kraton Alengka

c)

angkasa

d)

kraton Manthili

5.

Perhiasane Dewi Sinta kang kecer tiba ing lemah lan ditemokake Ramawijaya, yaiku ...

a)

sangsangan

b)

sesupe

c)

cundhuk mentul

d)

gelang

6.

Nalika isih timur, Prabu Dasarata kagungan mitra kang peparabe Resi Jatayu. Tembung mitra tegese ...

a)

kanca

b)

kanca sepantaran

c)

kanca raket

d)

kanca ora pati kenal

7.

Resi Jatayu ngupaya enggal ngrebut Sinta saka regemaning Rahwana. Ana gegana lelorone padha gelud rebutan Sinta. Tegese tembung gegana, yaiku ...

a)

tengah wana

b)

kraton Alengka

c)

alas Dhandhaka

d)

angkasa

8.

Sinta kelaran, kabeh perangan awake krasa lara. Dheweke kepengin uwal nanging sansaya kenceng sikepane Rahwana. Wusanane amung bisa muwun melas asih, njaluk tulung ngrerintih sedhih. Tembung wusana tegese ...

a)

wiwit

b)

awal

c)

akhir

d)

amarga

9.

Adhedhasar crita wayang Ramayana Lakon Resi Jatayu kang wis mbok waca Ramawijaya nesu marang jagad saisine amarga ...

a)

Sinta ora ana ing papan amarga didhustha

b)

Lesmana ora bisa njaga Sinta

c)

Sinta lunga tanpa pamit

d)

Sinta nyuwun kidang kencana

10.

Tumeka ing negara Alengka Sinta dipameri endahing kraton kang sarwa edi peni, ananging dheweke tetep ora gumun, ora kepincut lan tetep setya marang Rama. Sanajan nganti diincim arep dipateni dening Rahwana dheweke tetep teteg atine lan ora wedi mati. Pakarti luhur saka kang ditindakake Sinta, yaiku ...

a)

Kasetyane Rahwana marang Sinta

b)

Sinta kang tetep setya marang Ramawijaya

c)

Rasa syukure Sinta kang wis diajak ing kraton kang endah

d)

Kasetyane Sinta marang Rahwana