NEW
Font size
WorksheetsBusana Jawa (post tes)
Total questions: 10
Worksheet time: 5mins
1. Mondholan ana ing blangkon Yogyakarta biyen-biyene digawe kanthi ancas ...
A. nyimpen rambut
B. lambang teteging ati
C. lambang kalimat syahadat
D. hiasan ana ing blangkon
E. lambang kawicaksanan
2. Sisih ngarep blangkon Yogyakarta ana lipitan cacahe .... sing nggambarake cacahe rokaat sholat sadina.
A. lima
B. pitulas
C. enem
D. loro
E. sewelas
3. Benik cacahe telung pasang ana ing gulu (sisih kiwa lan tengan) busana surjan iku nggambarake...
A. hawa nepsu wong Jawa
B. cacahe sholat sadina
C. kalimat syahadat
D. rukun iman
E. rukun islam
4. Surjan kang duwe motif kembang-kembang jenenge surjan...
A. lurik
B. atela
C. sembagi
D. langenharjan
E. sikepan
5. Keris kang lurus tanpa luk iku duwe teges...
A. teteging ati
B. kalimat syahadat
C. rukun iman
D. kawicaksanan
E. hawa nepsu wong Jawa
6. Jarit Yogyakarta adate werna...
A. coklat enom
B. coklat tua
C. coklat semu kuning
D. putih
E. coklat semu ireng
7. Busana Jawi gagrag Ngayogyakarta tumrapipun priyayi kakung, katelah kanthi sebatan surjan, tembung surjan menika kapendhet saking basa Arab inggih menika sirajan ingkang tegesipun…
A. pituduh
B. busana
C. kulambi
D. pangendhali
E. pepadhang
8. Menawi katingal saking wironipun nyamping ing gambar sisih kiwa menika nyamping gagrag…
A. Ngayogyakarta
B. Surakarta
C. Kartasura
D. Cirebon
E. Pekalongan
9. Rikalanipun miru sinjang utawi nyamping, agenging wiron kaselarasaken kaliyan agengipun nyari ingkang badhe ngagem. Bab menika mengku piwulang…
A. Bilih menungsa kedah tansah nggatosaken kaindahan
B. Bilih manungsa menika kedah ngugemi pranatan ingkang lumampah
C. Bilih manungsa menika kedah nggatosaken wiwitaning perkawis
D. Bilih manungsa menika kedah setya bekti dhateng Gustinipun
E. Bilih menungsa menika kedah saged nglarasaken antawisipun pepinginan kaliyan kekiyatanipun piyambak-piyambak
10. Ing ngandhap menika boten tegesipun busana inggih punika ...
A. Sandhangan
B. Klambi
C. Panganggo
D. Bandha
E. Ageman
