wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

UH Bahasa Jawa Bab 5 2122

Total questions: 15

Worksheet time: 8mins

Name
Class
Date
1.

Tembang sing lumrahe ditembangake bocah-bocah nalika dolanan diarani tembang ….

a)

macapat

b)

geguritan

c)

dolanan

d)

sesorah

2.

Tujuan utama & isine tembang dolanan sejatine kanggo menehi piwulang marang bocah-bocah ngenani ….

a)

keterampilan

b)

budi pekerti

c)

olahraga

d)

pelajaran

3.

Tembang dolanan kulina ditembangake dening bocah cilik, utamane ing ….

a)

padesan

b)

kutho

c)

sekolah

d)

sawah

4.

Ing ngisor iki ciri-cirine tembang dolanan, kajaba ….

a)

bahasane prasaja

b)

jumlah gatrane winates

c)

isine selaras karo kahanane wong tuwo

d)

cengkoke prasaja

5.

Sing ora kalebu tembang dolanan yaiku ….

a)

pucung

b)

Jamuran

c)

Jaranan

d)

Kupu Kuwi

6.

Ya prakanca dolanan ing jaba

Padhang bulan, padhange kaya rina

Rembulane sing awe-awe

Ngelingake aja padha turu sore

Isine tembang dolanan ing dhuwur yaiku . . . .

a)

kudu turu sore, supaya ora ngantuk ing sekolah

b)

padhange bulan iso ngganti padhange lampu

c)

dadi manungsa kudu bersyukur marang endahe alam ciptaan Tuhan

d)

rembulan iso awe-awe manungsa

7.

Jamuran … ya ge ge thok

Jamur apa y age ge thok

Jamur gajih brejijih saara-ara

Sira badhe jamur . . .

Tembung sing cocok kanggo ngisi tembang ing dhuwur yaiku . . . .

a)

apa

b)

kuping

c)

gajih

d)

jamuran

8.

Cublak-cublak suweng

Suwenge teng gelenter

Mambu ketundhung gudel

Pak empo lera lere

Sapa ngguyu ndelikake

Sir-sir pong dele kopong (2x)

Irah-irahan tembang ing dhuwur yaiku ….

a)

Kupu Kuwi

b)

Buta-Buta Galak

c)

Luru-Luru Widara

d)

Cublak-cublak Suweng

9.

Mumpung jembar kalangane
Mumpung gedhe rembulane
Suraka surak hiyo

Arti ukara sing kacithak kandel ing dhuwur yaiku ….

a)

panggone amba

b)

mumpung isih ana wektu lan rejeki

c)

mumpung isih bengi lan padhang bulan

d)

ana panggon penak

10.

Cah angon, cah angon

….

Lunyu-lunyu penekna

Kanggo mbasuh dada tira

Jangkepane tembang ing dhuwur yaiku ….

a)

tandure wus sumilir

b)

penekna blimbing kuwi

c)

kumitir bedhah ing pinggir

d)

lir-ilir, lir ilir

11.

Wong mati ora obah, yen obah medeni ….

Tembung sing trep njangkepi tembang kuwi yaiku ….

a)

bocah

b)

pak de

c)

adek

d)

ibu

12.

Ngorek pinggir kali

Teyot teblung, teyot teblung

Tembang ing dhuwur irah-irahane yaiku ….

a)

Kidang Talun

b)

Pitik Tukung

c)

Kodok Ngorek

d)

Jaranan

13.

Aku duwe pitik, ….

Saben dina, tak pakani jagung

Tembung sing trep njangkepi tembang kuwi yaiku ….

a)

pitik jago

b)

pitik tukung

c)

pitik urip

d)

pitik mati

14.

Tembang “Jaranan” ngajarake supaya ngajeni

marang ….

a)

kanca dolanan

b)

dulur

c)

tangga teparo

d)

sapadha-padha

15.

Tembang kang trep kangge gambar ing sisi kiwa yaiku ...

a)

Kupu Kuwi

b)

Jamuran

c)

Gundul Pacul

d)

Ilir Ilir