NEW
Font size
WorksheetsGladhen Wicara Atur Pangandikan
Total questions: 10
Worksheet time: 5mins
kados pundi tata panganggenipun basa krama lugu?
Sapantaran utawi sadrajad utawi sangandhapipun yuswa lan drajadipun tuwin sampun rumaket lan tanpa pakurmatan sarta swasana mboten formal
Langkung sepuh utawi sapantaran ugi langkung nem nanging langkung inggil drajadipun, sampun rumaket mawi pakurmatan sedhengan sarta swasana mboten formal.
Sapantaran utawi sadrajad utawi sangandhapipun yuswa lan drajadipun tuwin sampun rumaket lan mawi pakurmatan sedhengan sarta swasana mboten formal
Yuswa langkung sepuh utawi drajad langkung inggil sampun rumaket lan mawi pakurmatan inggil sarta swasana mboten formal.
Yuswa langkung enem utawi drajad langkung andhap, mboten rumaket lan mawi pakurmatan inggil sarta swasana formal.
undha-usuk basa kang digunakake marang tiyang langkung sepuh utawi sapantaran ugi langkung nem nanging langkung inggil drajadipun, sampun rumaket mawi pakurmatan sedhengan sarta swasana mboten formal yaiku?
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
basa krama kang digunakake kanggo ngasorake diri yaiku?
krama
krama alus
krama lugu
krama andhap
tata rakiting basa mawi tembung-tembung krama lugu lan ngoko wenang tanpa kawewahan tembung-tembung krama inggil lan krama andhap diarani basa apa?
krama lugu
krama alus
krama andhap
ngoko alus
"Ibuk menehi Bapak kopi ireng ora nganggo gula" ukara iki owahana dadi basa krama alus yaiku?
Ibuk nyukani Bapak kopi ireng tanpa gendhis
Ibuk maringi Bapak kopi cemeng mboten ndamel gula
Ibuk nyaosi Bapak kopi cemeng mboten ndamel gendhis
Ibuk maringi Bapak kopi cemeng mboten ndamel gendhis
"Si Mbah njaluk ditumbasake lombok setengah kilo" ukara iki owahana dadi krama alus.....
Si Mbah nedhi dipundhutake cengeh setengah kilo
Si Mbah nyuwun dipundhutaken cengeh setengah kilo
Si Mbah nyuwun ditumbasake cengeh setengah kilo
Si Mbah nedhi ditumbasake cengeh setengah kilo
"Pak Soni, menawi kepareng kula mangke dalu badhe sowan dhateng dalemipun panjenengan" ukara iki adhedhasar undha-usuk basa jawa nggunakake basa?
krama alus
krama lugu
krama andhap
krama inggil
"Sejatosipun kula menika inggih isin, nanging pripun malih sampun kadadosan kados makaten" tembung kang kacithak miring minangka tembung krama
krama lugu
krama ndesa
krama andhap
krama alus
"panjenenganipun piyantun ingkang sae awit kerep sanget paring pitulungan tumrapipun kula" ukara iki kalebu basa
krama andhap
krama alus
krama ndesa
krama lugu
anak marang wong tuwa, guru marang murid nggunakake basa....
krama alus
ngoko alus
ngoko lugu
krama lugu
