wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Kasusastran Jawi

Total questions: 10

Worksheet time: 6mins

Name
Class
Date
1.

Basa kang dipaesi supaya katon endah, bregas, lan ngresepake diarani….

a)

Basa Rinengga

b)

Basa Gancaran

c)

Basa lumrah

d)

Basa caturan

e)

Basa sabendina

2.

Dadi bocah iku mbokya aja seneng adul-adul! Omongane wong kene digawa mrana, omongane wong kana digawa mrene. Iku rak jeneng……

a)

tumbak cucukan

b)

criwis cawis

c)

guneme mencla-mencle

d)

rembuge peret beton

e)

guneme pait mau

3.

Lha wong wis genah ora nggawa SIM lan uga ora nganggo helm, e lha kok tetep liwat dalan gedhe. Wusana ya ketangkep polisi tenan. Iki rak jibles karo unen-unen:

a)

Ula marani sunduk

b)

kutuk marani sunduk

c)

Iwak kalebu jaring

d)

Belo melu seton

e)

wangsulan a lan d bener

4.

  Unen-unen iki sing migunakake purwakanthi guru sastra…..

a)

sluman slumun slamet

b)

arep jamure emoh watange

c)

entek golek kurang amek        

d)

ana catur mungkur

e)

   gagak nganggo laring merak

5.

Ing ngisor iki kang kalebu saloka yaiku....

a)

    Emprit abuntut bedhug. Kebo nusu gudel.

b)

  Cagak nguntal empyak. Sing taberi, nastiti lan ngati-ati.

c)

   Mripate ndamar kanginan. Suradira jayaningrat lebur dening pangastuti.

d)

Gandane arum jamban. Pasuryane abang dluwang.

e)

   Ing ngarsa sung tuladha. Ing madya mangun karsa

6.

Kang kagolong wangsalan yaiku....

a)

Janur gunung, kadingare esuk-esuk mrene.

b)

    abang dluwang, mudha mudhi, dewa dewi      

c)

  gandarwa gandarwi, kedhana kedhini, mudha mudhi

d)

   putra putri, edi peni, perwitasari

e)

  Pemudha pemudha, padha kumpul ing balai desa.

7.

Paribasan kerot tanpa untu, duweni teges yaiku…..

a)

bodho lan pinter cilaka kabeh

b)

kakehan omong nanging mrantasi

c)

gelem njaluk nanging emoh menehi maneh

d)

A.     ngrasakake seneng nanging ora gelem waragat

e)

A.     kakean pangangkah nanging ora nduwe kekuwatan

8.

Ukara ing ngisor iki kang ngemot tembung entar yaiku....

a)

   Polatane katon sumringah bareng krungu kabar kahanan bojone.

b)

Bocah kuwi pancen lunyu ilate, mula didohi kancane.

c)

Tangane bocah iku dawa sisih, cacat wiwit cilik.

d)

Yen mangsa udan dalane lunyu banget, mula sing ati-ati

9.

Gebyar-gebyar pating pancurat pating cumlorot kadya taranggana silih sasana, endah edi raras kawuryan, lah punika ta agemane sri penganten sarimbit. Kang garis ngisor ing ukara kasebut nelakake yen agemane panganten digambarake kepriye ?

a)

   Gumebyar kaya cahyane lintang alihan

b)

   Gumebyar kaya klambine garwane ratu

c)

   Gumebyar kaya inten kang kena sunare srengenge

d)

Gumebyar kaya cahyane rembulan kang lagi ndadari

e)

     Gumebyar kaya kalapis emas putih

10.

  Paragraf kang nggunakake tetembungan basa rinengga yaiku....

a)

UKS-e kudu lengkap isine sokur ana dokter pengawase sing kalamangsa nunggoni ing UKS. Kader kesehatan uga kudu ana supaya ana calon-calon penerus tenaga medis.

b)

Ing area sekolah kudu akeh wit-witan kang cukup gedhe sokur yen uga ngasilake uwoh. Wit-witan ditandur ana ing plataran ngarep, antarane gedhung karo gedhung, mburi sekolah, pinggir lapangan.

c)

Mbiyen ora ana sing nglirik, nanging saiki dadi rebutan. Kepopulerane saya tambah merga pranyata tanduran kang beracun' iki manfaate akeh banget. Wiwit minangka bahan baku biodisel, tanduran pelindung, obat tradisional, pakan ternak, insektisida lan sumber pupuk.

d)

Sawise pikirane kagelar kagulung, Dewi Sedhah Merah wis manteb nedya nduwa kersame ramane yen nganti dheweke arep kadhaupake klawan patih Jathasura. Mula sekaring kedhaton ing kadipaten Blambangan kuwi tansah mbududaya golek cara supaya bisa uwal saka papan kono.

e)

Saiki sawise ndonya rumangsa kekurangan bahan  minyak , merga cadangan minyake saya entek, manungsa bali nggunakake lenga jarak minangka bahan baker disel. Yen dibandhingake karo BBM lenga jarak luwih nguntungake merga sumbere ora bakal entek ,angger gelem nandur.