wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PAT GENAP (Bahasa Jawa)

Total questions: 15

Worksheet time: 15mins

Name
Class
Date
1.

Aku susah banget merga sanguku ilang.

Kancaku padha tuku jajajn, aku mung mlongo.

Perangan buku padinan iki diarani .......................

a)

buku padhinan pribadi

b)

buku padhinan keluarga

c)

buku padhinan sakanca

2.

Tangi turu, aku bablas menyang jedhing.

Aku kaget, banyune jedhing asat.

Mangka aku arep budhal sekolah.

Kedadean iki ing wayah……………………………….

a)

isuk

b)

bengi

c)

awan

3.

Jeneng liyane cathetan padhinan yaiku ……………………….

a)

buku pelajaran

b)

buku kenangan

c)

buku harian

4.

Risa teka telat mlebu kelas, Bu Armi wis ana ing njero kelas.

Kudune Risa matur kanthi unggah-ungguh …………….

a)

Bu, ngapura aku telat

b)

Matur suwun Bu, kula telat

c)

Pangapunten Bu, kula telat

5.

Kamis, 25 Juli 2019

Aku isih nggarap tugas kelompok karo kancaku.

Dadak krasa bangku gedhung kaya obah.

Bu Lina guruku dhawuh supaya bocah-bocah metu saka kelas.

Cuplikan buku padhinan iki isine ngeneni ………………..

a)

Lindhu (gempa)

b)

tsunami

c)

kobongan

6.

Kamis, 25 Juli 2019

Aku isih nggarap tugas kelompok karo kancaku.

Dadak krasa bangku gedhung kaya obah.

Bu Lina guruku dhawuh supaya bocah-bocah metu saka kelas.

Ing ngendi kedadean sing ditulis ing buku padhinan kuwi …………………..

a)

ing sekolah

b)

ing emper

c)

ing omah

7.

Gatekna pernyataan ing ngisor iki !

(1)   Ibu mundhut gendhis ing peken

(2)   Pakdhe maca koran ing latar

(3)   Simbah ndelok TV ing omah

Ukara ing nduwur penggunaan basa krama sing bener yaiku nomor ………………

a)

(3) lan (2)

b)

(1) lan (3)

c)

(1) wae

8.

Mirna potelote keri.

Arep nulis bingung

Asih nduwe potelot loro.

Kudune Asih …………………………..

a)

Ora perduli

b)

nyilihi potelot

c)

meneng wae

9.

Tembang dolanan “Padhang Wulan” nyritakake dolanan ing wayah ……………………

a)

awan  

b)

sore

c)

wengi

10.

Tukung, tukung, angon bebek ning pinggir lurung.

Lurung ing tembung nduwur tegese karo ……………………

a)

dalan

b)

sawah

c)

tegal

11.

Nembangake tembang dolanan biasane diiringi …………………………

a)

orkes

b)

rebana

c)

gamelan

12.

Tembang dolanan biasane ditembangake ………………………….

a)

Bapak-bapak

b)

bocah-bocah

c)

ibu-ibu

13.

Gajah-Gajah

Gajah-gajah, kowe takkandani jah

Mata kaya laron kuping ilir amba-amba

Kathik nganggo tlale

Buntut cilik tansah kopat-kapit

Sikil kaya bumbung

Mung lakumu megal-megol

Nyangapa matane gajah diarani kaya laron?

Jalaran matane ………………………………..

a)

mung cilik

b)

duwe swiwi

c)

bisa mabur

14.

Gajah-Gajah

Gajah-gajah, kowe takkandani jah

Mata kaya laron kuping ilir amba-amba

Kathik nganggo tlale

Buntut cilik tansah kopat-kapit

Sikil kaya bumbung

Mung lakumu megal-megol

Sikil kaya bumbung.

Bumbung yaiku…………………………

a)

tugelan kayu

b)

tugelan pring

c)

bonggol pring

15.

Gajah-Gajah

Gajah-gajah, kowe takkandani jah

Mata kaya laron kuping ilir amba-amba

Kathik nganggo tlale

Buntut cilik tansah kopat-kapit

Sikil kaya bumbung

Mung lakumu megal-megol

Kepriye lakune gajah ..............................

a)

nganan ngiri

b)

megal-megol

c)

kopat-kapit