Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

SESORAH

Total questions: 10

Worksheet time: 2mins

Name
Class
Date
1.

sajrone nindakake sesorah kudu nggatekake babagan tartamtu kaya kang kasebut iki, kajaba.....?

a)

Swara

b)

Busana

c)

Subasita

d)

kapinteran

2.

Rahayu sagung dumadi

Kawilujengan, kasantosan, lan karaharjan mugi tansah kajiwa kasarira dhumateng panjenengan dalasan kula awit nugrahanipun Gusti Kang Maha Asih, pethikan teks kasebut kalebu perangan....?

a)

Panutup

b)

Salam Pambuka

c)

Pangarep-arep

d)

isi

3.

Ngandharake gagasan panemu utawa isine ati ing sangarepe wong akeh diarani?

a)

sesorah

b)

pranataacara

c)

Amanat

d)

Judul

4.

Mbok bilih cekap semanten anggen kula matur, matur nembah nuwun awit kawigatosan panjenengan sedaya, mboten katalompen kula ugi nyuwun pangapunten bilih wonten lepat atur saha kirang subasita. pethikan kasebut kalebu perangan sesorah...?

a)

Isi

b)

Pambuka

c)

Wasana

d)

atur pakurmatan

5.

Basa kang digunakaake pacaturan marang wong kang sapantaran utawi sadrajad utawa sangandhape yuswa lan drajadipun tuwin sampun rumaket lan mawi pakurmatan sedhengan sarta swasana mboten formal yaiku basa..?

a)

ngoko alus

b)

krama alus

c)

krama lugu

d)

ngoko lugu

6.

Jumenenge jejeg ananging ora kaya patrape wong baris, sikil ora mepet utawa mbeguagah, ora ndhingkluk utawa ndanga, ora kakehan obah, pandengan kudu mirsani kabeh pamiyarsa ora mung kendel ing sak nggon wae. sajrone nindakake sesorah iki perangan bab apa?

a)

Busana

b)

Basa lan Sastra

c)

Sikap

d)

Suara

7.

Basa kang digunakake kudu dironce dadi ukara kang trep karo pamiyarsa kang ana. sajrone sesorah iki perangan bab apa?

a)

basa lan sastra

b)

suwara

c)

busana

d)

subasita

8.

Bab apa wae kang kudu disingkiri nalika sesorah, kajaba?

a)

polatan mbesengut

b)

gugup

c)

bola bali ngobahne tangan

d)

Subasita kang trep

9.

Trapsila utawa tata krama, ana ing sesorah kalebu solah bawa. nalika sesorah solah bawa, cara matur, aja digawe-gawe. sajrone nindakake sesorah iki perangan bab apa?

a)

suwara

b)

subasita

c)

busana

d)

basa lan sastra

10.

Tata rakite basa kanthi mung nggunakake tembung tembung krama lugu lan ngoko lan ora nggunakake tembung krama alus lan krama andhap, kalebu basa?

a)

krama alus

b)

krama andhap

c)

krama lugu

d)

krama inggil