NEW
Font size
WorksheetsASESMEN DIAGNOSTIK - 8 (1)
Total questions: 20
Worksheet time: 10mins
Nalika mertamu kudu nganggo sandhangan kang resik lan rapi supaya bisa ngurmati …..
sing kagungan dalem
tangga teparo
kanca-kancane
awake dhewe
Nalika matur marang wong sing luwih tuwa becike migunakake basa?
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Kula ............. sekolah nitih pit.
Tembung kang pas kanggo ngganepi ukara ing dhuwur miturut unggah-ungguh kang bener yaiku …..
budhal
tindak
dugi
rawuh
Simbah .......... padharan sampun kalih dinten.
Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara ing ndhuwur yaiku …..
lara
sakit
gerah
sare
Ibu maos koran wonten ngemperan.
Ukara kasebut migunakake basa …..
krama lugu
ngoko lugu
krama alus
ngoko alus
Kepiye tata kramane menawa arep lungguh, kamangka ing sisihe kursi kang sela mau wis ana sing lungguh dhisik?
Lungguh ing papan liya sing ora usah ndresel
Lungguh ing sacedhake ora matur apa-apa amarga durung kenal
Lungguh ing papan sing tok senengi ora nggatekake wong sing lungguh ing kono
Kudu aweh pakurmatan saraba ndhungkluk, ulat sumeh, lan matur "nuwun sewu"
Ukara ing ngisor iki kang trep miturut unggah-ungguh kanggo pamitan yaiku …..
“Bu wis ya aku mangkat sekolah!”
“Wis ya Pak aku mangkat sekolah!”
“Bu, kepareng kula tindak sekolah rumiyin!”
"Pak kepareng kula pamit bidhal sekolah!"
Nalika pakdhe tindak ana ngomahmu nggoleki bapakmu, nanging bapakmu lagi turu, kepiye anggonmu wangsulan marang pakdhe miturut unggah-ungguh sing bener?
“Nyuwun pangapunten pakdhe, dipuntengga sekedhap menika bapak saweg tilem.”
“Nyuwun pangapunten pakdhe, dipuntengga sekedhap menika bapak saweg sare.”
“Nyuwun pangapunten pakdhe, dipuntengga sekedhap menika bapak lagi sare.”
“Nyuwun pangapunten pakdhe, ditengga sekedhap menika bapak lagi tilem.”
Nalika rapat Pak RT ngandharake apa kang dadi pemanggihe nanging Agus minangka wakile pemudha ing kono kurang sarujuk. Agus iku saliyane pinter uga ndhuweni tatakrama lan unggah-ungguh kang jangkep, mula nalika arep ngandharake apa kang dadi uneg-unege Agus ngacung karo matur …..
nuwun sewu
matur nuwun
matur tulung
nyuwun pangapunten
Dina iki Pak Guru mucal babagan tatakrama nalika matur marang priyyayi sing luwih sepuh , coba jlentehna apa kuwi ngapurancang ….
Tangan kiwa nggegem tangan tengen mapan ing dhuwur puser, sikil rada dibukak sithik.
Tangan kiwa nggegem tangan tengen mapan ing ngisor puser, sikil rada dibuka sithik.
Tangan tengen nggegem tangan kiwa mapan ing ngisor puser, sikil rada dibukak.
Tangan tengen nggegem tangan kiwa mapan ing puser, sikil jejeg.
Nalika mertamu ing omahe Edi, kang nemoni awakmu Bapake Edi. Mula anggonmu matur kepiye?
“Pak, Edi ana.”
“Halo Pak Edi entem?”
“Kula nuwun Pak, Edi wonten?”
“Aku nggoleki Edi, tulung celukna Pak.”
Santi wis rampung anggone mertamu. Kepriye anggone pamit marang ibune Esti?
“Bu kula mantuk, Esti kula ken ngeterne sisan nggih?”
“Bu, kula nyuwun pamit badhe wangsul rumiyin.”
“Bu kula pamit riyin sesuk dolan malih.”
“Bu, aku mulih sik ya!”.
Gatekna pacelathon iki!
Ibu : “Wis sarapan apa durung ndhuk?”
Jingga: “Sampun Bu.”
Ibu : “Yen wis sarapan, ayo ndang mangkat sekolah!”
Jingga : “Nggih bu ...............................................”
Ukara pamitan kang pas kanggo njangkepi ukarane Jingga, yaiku .…
Kula pamit mlampah sekolah, nyuwun pangestunipun mugi-mugi gampil anggenipun sinau.
Kula pamit tindak sekolah nyuwun pangestunipun mugi-mugi gampil anggenipun sinau.
Kula pamit mlampah teng sekolah.
Kula tindak sekolah nggih Bu.
Gatekna ukara ilustrasi iki!
Jam 06.30 Diana mangkat sekolah. Dheweke mangkat sekolah kanthi numpak pit onthel. Tekan gerbang sekolah wis ana bu guru lan pak guru kang lagi tugas piket. Diana medhun saka pite banjur dituntun mlaku, ora lali dheweke salim karo matur .….
“Nuwun sewu ndherek langkung Bu, Pak”
“Sugeng enjing Bu, Pak”
“Sugeng siang Bu, Pak”
“Mangga Bu, Pak”
Gatekna pacelathon iki!
Rudi : “Wingi kowe ora mangkat sekolah ya Gas?”
Bagas : “Iya, wingi aku mriyang. ”
Rudi : “Apa kowe wis ngerti yen ana tugas bahasa Jawa?”
Bagas : “Durung, apa tugase?”
Rudi : “Bu guru maringi tugas supaya maca geguritan sing ana buku paket kaca 25.”
Bagas : “...................................................”
Ukara panuwun kang pas kanggo ngganepi pacelathon iku yaiku .…
“Ya, matur nuwun”
“Matur nuwun nggih Rud”
“Sip Rud, mengko tak garape”
“Matur nuwun ya Rud, wis diwenehi ngerti tugase”
Gatekna ukara ilustrasi iki!
Pelajaran bahasa Jawa dina iki diwulangake lumantar zoom meeting. Bu guru wis ngumumake ing grup WA menawa zoom meeting arep diwiwiti jam 08.00. Para siswa wis nyaguhi kanthi mangsuli ing WA. Nanging dina iku Nanda telat anggone mlebu ing zoom meeting.
Tumindake Nanda kang prayoga yaiku .…
Melu pelajaran lan ora perlu njaluk ngapura
Ora susah melu pelajaran ing zoom meeting
Nyuwun ngapura ing WA lan ora perlu melu pelajaran
Melu pelajaran, lan nyuwun ngapura karo bu guru ing zoom meeting
Gatekna ukara ilustrasi iki!
Putri, Jingga, lan Lala janjian arep padha nggarap tugas ing omahe Lala. Sakwise Putri lan Jingga pamitan karo Ibune, banjur bebarengan menyang omahe Lala. Ora krasa jam telu sore lagi rampung tugase. Sakwise rampung, Putri lan Jingga pamit karo Lala menawa arep mulih. Ora lali bocah loro iku uga pamit karo Ibune Lala.
Ukara kanggo pamit kang pas yaiku ....
“Nuwun sewu Bu, kepareng kula pamit ajeng kondur.”
“Nuwun sewu Bu, kepareng kula pamit ajeng wangsul.”
“Nuwun sewu Bu, kepareng kula pamit badhe wangsul.”
“Nuwun sewu Bu, kepareng kula pamit badhe kondur.”
Esuk iki Roni kejatah piket ngresiki kelas mula Roni mangkate rada risik, nalika tekan sekolahan Roni ketemu Pak Gurune kang lagi jumeneng ing ngarep kelase, apa kang kudu ditindakake Roni?
Salim karo mesem
Ethok-ethok ora ngerti
Salim karo matur “Sugeng enjing, Pak.”
Salim karo mesem banjur matur “Halo, Pak.”
Kancaku Bambang menang juwara I maca geguritan mula aku minangka kanca sakelas kudu ngucapake apa marang Bambang?
“Nuwun sewu sliramu ki menang tenan apa ora ta?”
“Aku sedih atase swaramu ora apik kok bisa dadi juara ya”
“Wah selamat sliramu pancen pinter njupuk atine juri mula dimenangake”
“Aku melu seneng, sliramu menang dadi juara I muga-muga bisa dadi tuladha kanca liyane.”
Pakdhe sampun seminggu gerah, angkahipun ibu sonten menika badhe nuweni Pakdhe wonten dalemipun. Bagas kepengin dherek ibu nuweni pakdhe, kados pundi anggenipun Bagas matur?
“Nuwun sewu Bu, menawi kepareng kula badhe ndherek dhateng dalemipun pakdhe.”
“Nuwun sewu Bu, kula angsal ndherek dhateng griyanipun pakdhe?”
“Nuwun sewu Bu, kula ndherek dhateng daleme pakdhe nggih?”
“Bu, aku melu menyang omahe pakdhe ya.”.
