Font size
WorksheetsGladhen 1: Teks Laporan Asil Observasi
Total questions: 12
Worksheet time: 22mins
Tulisen
Kelas - No. Presensi - Jeneng
Tuladha:
9A - 33 - Rosa Ramadhan
Nindakake laporan asil observasi katulis saka nindakake...
Kagiyatan percobaan
Kagiyatan pengamatan
Kagiyatan rembugan
Kagiyatan pasinaon
Ana pirang struktur teks sajrone laporan asil observasi...
5
7
3
4
Struktur sing ngandharake kanthi rinci objek observasi diarani...
Dhefinisi umum
Dheskripsi bageyan
Dheskripsi manfaat
Idhentifikasi
Ing ngisor iki sing kalebu titikan teks laporan asil observasi, kejaba...
Siji objek bahasan
Informatif
Subjektif
Jangkep
Struktur sing ngandharake dudutan saka asil andharan diarani...
Dhefinisi umum
Dheskripsi bageyan
Dheskripsi manfaat
Klasifikasi
Teks laporan asil observasi kedah kasusun adhedasar apa anane, ora oleh ketambahan panemu pribadi.
Diarani titikan...
Objektif
Informatif
Jangkep
Faktual
Struktur sing ngandharake objek observasi kanthi umum diarani...
Dhefinisi umum
Dheskripsi bageyan
Dheskripsi manfaat
Kagunan
Pencemaran ing Kali Surabaya
Pencemaran lingkungan yaiku sawijining kahanan mrihatinane kang bisa ndadekake karusakan lingkungan, sing dumadi ing banyu, lemah utawa dharatan, lan hawa. Disebabake saka tata kelola limbah utawa uwuh kang kurang becik, keluke pabrik utawa kendharaan, lan sapiturute. Pencemaran lingkungan ing kutha-kutha gedhe lumrahe dumadi saka limbah-limbah indhustri lan rumah tangga. Industrialisasi kang maju lumesat sairing karo perkembangan ing kutha-kutha gedhe, ndadekake pencemaran lingkungan angel dikendhaleni. Institut Perlindungan dan Pemulihan Sungai (Inspirasi) asring nindakake kagiyatan ekspedisi ing kali Surabaya.
Kagiyatan ekspedisi kasebut nduweni tujuwan bisa mangerteni kahanan ekosistem lan pencemaran ing kali Surabaya. Ekosistem ing Kali Surabaya dinuga wis kena pencemaran lingkungan kang mbebayani. Kahanan kasebut kabukten kanthi akehe iwak sing mendem lan mati ngambang ing dhuwur banyu. Daru Setyorini, direktur lan panaliti Inspirasi ngendikan yen ekspedisi lan panaliten kasebut nyambut gawe bareng karo Lembaga Kajian Ekologi dan Konservasi Lahan Basah (Ecoton) wiwit 5 September 2013.
Daru Setyorini ngandharake menawa biyen ing hulu kali Surabaya bisa ditemokake werna-werni jinis iwak, kayata iwak rengkik lan jendhil. Nanging saiki jinis iwak mau wis arang tinemu. Ing taun 2011 isih bisa ditemokake cacah 20 iwak rengkik lan 30 iwak jendhil ing tlatah Mirip nganti Perning. Saiki jinis iwak sing wis langka mau ditemokake mung kari 1 iwak jendhil lan 4 iwak rengkik. Mangkono pangendikane Daru Setrotini, nalika mimpin rombongan ekspedisi kang didherekake para misaya mina ing Kali Surabaya. Para misaya mina kasebut kadhawuhan njaring lan njala iwak ing hulu kali Surabaya, miturut Daru, kahanan sing mrihatinake ing Kali Surabaya disebabake pencemaran lingkungan saka pabrik-pabrik sing manggon ing pinggire kali Surabaya.
Apa tujuwane Institut Perlindungan dan Pemulihan Sungai (Inspirasi) nindakake kagiyatan ekspedisi kali Surabaya?
Apa buktine yen kali Surabaya wis kena pencemaran lingkungan sing mbebayani?
Kahanan sing mrihatinake ing kali Surabaya disebabake saka apa?
Sapa asmane direktur lan panliti Inspirasi sing nganakake ekspedisi ing kali Surabaya?
