wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Ragam Teks Kelas X

Total questions: 10

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.

Teks sing isine nggambarake sawijining papan panggonan,sesawangan diarani....

a)

Teks observasi

b)

Teks diskriptif

c)

Teks naratif

d)

Teks idhentifikasi

2.

Gunung Bromo dumunung ing wilayah pamarentahan propinsi Jawa Timur kang dumadi saka patang wilayah, yaiku kabupaten Probolinggo, Pasuruan, Lumajang lan Malang. Dhuwure gunung Bromo yaiku 2.392 meter saka lumahe segara. Gunung Bromo minangka obyek wisata kang wis misuwur ing saindenging donya didadekake icon wisata dening pamarentah Propinsi Jawa Timur.

Teks ing dhuwur klebu bageyan struktur .......

a)

Idhentifikasi

b)

Klarifikasi

c)

Diskripsi bageyan

d)

Teks Naratif

3.

Obyek wisata Gunung Bromo klebu wewengkon Taman Nasional Bromo Tengger Semeru. Tumuju menyang Gunung Bromo sing paling kepenak kawiwitan saka Penanjakan. Ing Penanjakan para wisatawan bisa ndeleng sunrise utawa prastawa mletheke srengenge sing sesawangane endah lan nengsemake.

Teks ing ndhuwur klebu struktur.....

a)

Idhentifikasi

b)

Klarifikasi

c)

Dheskripsi bageyan

d)

Teks observasi

4.

Ayo njaga lestarine alam


teks iku kalebu jenise ....

a)

teks pawarta

b)

teks persuasi

c)

sesanti/slogan

d)

pariwara/iklan

5.

Ngopeni Banyu Sumber Panguripan


Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhaek banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.


Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa tengene sumber!. Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.


Irah-irahan teks ing dhuwur yaiku .........

a)

banyu resik

b)

ngopeni banyu

c)

ngopeni banyu sumber penguripan

d)

banyu kali sumber panguripan

6.

Gatekna teks deskripsi ing ngisor!


Bagiyan umah sing katelu yakuwe ndalem, sing dhuweni fungsi dadi pusat utawa intining umah joglo. Fungsi utamane ruang kiye yakuwe kanggo ruang keluwarga.Pola tata ruang neng bagiyan ndalem, ana bedane yakuwe plestere ora rata. Bagiyan ruang sing plestere luwih dhuwur ndhuweni fungsi kanggo sirkulasi udara supayane lancar lan ora pengap, lan ruang sing plestere luwih endhep dienggo kanggo ruang keluwarga lan senthong utawa kamar.


Pokok pikiran paragraf ing ndhuwur ngrembug babagan....

a)

pola tata ruang ndalem

b)

ruwang kulawarga

c)

plester kang ora rata

d)

pigunane ndalem

e)

bageyan-bageyan ndalem

7.

Rerangkening tatacara tumrap tiyang ingkang badhe bebesanan, miturut adat Jawi ingkang baku punika lamaran, ningsti, siraman, maelm midodareni, ijab lan pahargyan. Ananging ugi taksih wonten tatacara adat ingkang dipunlaras saha dipunjumbuhaken kaliyan adat ingkang dipunugemi ing salah satunggaling papan lumampahing upacara pawiwahan kalawau, salah satunggalipun tatacara nontoni.

Perangane teks eksposisi ing dhuwur kalebu ....

a)

tesis

b)

argumentasi

c)

penegasan ulang

d)

kesimpulan

8.

Perangan teks eksposisi yaiku .....

a)

tesis, argumentasi, penegasan ulang.

b)

tujuan, langkah-langkah, penegasan ulang

c)

orientasi, komplikasi, konflik, koda

d)

Pendahuluan, isi, kesimpulan

9.

Omah Kampung iku omah adat Jawa sing wanguné prasaja, kanthi payon rong empyak (2 belah sisi), lan siji wuwungan ing tengahé. Amarga prasaja banget mula jinis omah iki akèh sumebar ing karang padésan.


saka deskripsi ing dhuwur, omah sing dikarepake yaiku...

a)
b)
c)
d)
e)
10.

Samenika wigati sanget kedah saged mateni komputer sasampunipun dipunginakake supados boten cepet rusak. Kangge mateni komputer menika wonten tahap-tahapanipun inggih punika :

-          Tutup sedaya aplikasi ingkang sampun panjenengan ginakaken

-          Klik start (XP) utawi logo windows (7) ing pojok kiwa ngandhap

-          Pilih shut down lan entosi sawetara ngantos komputer mati saestu.

-          Sasampunipun menika saged dipunjabut kabel saking stop kontakipun kangge ngawekani saking korsleting.

Sugeng mejahi komputer kanthi leres.

Teks ing dhuwur kalebu jinis teks ....

a)

prosedur

b)

eksposisi

c)

narasi

d)

argumentasi