NEW
Font size
WorksheetsPH UNGGAH-UNGGUH
Total questions: 25
Worksheet time: 38mins
Ngoko lugu ngasta inggih menika.....
jupuk
nggawa
mbekto
nenteng
Sasampunipun ngrahapi menapa ingkang sampun sumadya, kasuwun para tamu tumuju papan parepatan awit tata upacara badhe kalajengaken. Basa ingkang dipunginakaken inggih menika …
krama
Ngoko alus
Krama alus
Krama andhap
Ngoko lugu
Yen sowan daleme Pakdhe, aja lali welingane Bapak diaturke Pakdhe ya, Le! Basa ingkang dipunginakaken inggih menika …
krama
Krama inggil
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama andhap
Basa ingkang dipunginakaken dening bocah ingkang sapadha-padha inggih menika...
krama
Krama inggil
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama andhap
Kadingaren pakdhe, dalu-dalu tindak mriki.
Basa ingkang dipunginakaken inggih menika …
Ngoko lugu
Ngoko andhap
Krama alus
Krama
Krama madya
ingkang kalebet undha usuk basa inggih menika ....
Ngoko , ngoko lugu, krama madya, krama alus
Ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, krama alus
Basa ibu, basa ilmu, basa budaya
Basa sanskerta, aksara jawa, basa daerah
.....kula wonten ing Karangasem Sleman.
griya
omah
dalem
dalemipun
Mas, menawi kondur mbakyu sampeyan betake niki nggih. Basa ingkang dipunginakaken inggih menika....
Ngoko Alus
Basa Ngoko Lugu
Krama alus
Krama lugu
Kagatosna pacelathon ing ngandhap menika!
Tira : “Ran, sesuk apa sida ulangan basa Jawa?”
Rani : “Sida Tir, apa kowe ora ngerti?”
Tira : “Ora, jalaran pertemuan minggu kepungkur aku ora mlebu sekolah amarga lara.”
Rani : “Yen ngono mengko sore sinau bareng wae ya Tir neng omahku.”
Tira : “Ya, kebeneran aku mengko arep ngajak Sinta.”
Rani : “Ya, taktunggu tekamu. Kae bel sakolah wis muni. Ayo ndang mlebu kelas.
Pratelan pacelathon ing nginggil ngginakaken ragam basa....
ngoko alus
krama lugu
ngoko lugu
krama alus
Unggah-ungguh basa ingkang trep inggih menika...
Adhi kula sampun dhahar kalawau.
Bu, panjenengan ingkang mbeta tas punika, kula ingkang ngasta buku!
Kula tindak dhateng sekolahan, bapak kesah dhateng kantor.
Pak Guru kondur, kula ugi ndherek wangsul.
Ingkang boten kalebet ragam basa jawa inggih menika....
Krama Alus
Ngoko Alus
Krama Lugu
Krama Inggil
Ingkang kedah dipungatosaken nalika guneman marang tiyang sanes inggih menika, kajawi...
Sinten ingkang gineman
Sinten ingkang dipunajak gineman.
Swasana rikala gineman.
Papan rikala gineman
Busana rikala gineman
Kagatosna pacelathon ing ngandhap menika :
Ahmad : ”Kula nuwun.....”
Pakdhe Ngabdul : ”Mangga....., we lha nak Ahmad. Mangga-mangga, kene Nak lenggah kene.
Ahmad : ”Inggih Pakdhe matur nuwun.”
Pakdhe Ngabdul : ”Iki kok njanur gunung, kadingaren Nak Ahmad tekan kene, ana perlune
apa mung dolan wae?
basa ingkkang dipunginakaken Pakdhe Ngabdul inggih menika...
Krama alus
Krama lugu
Ngoko alus
Ngoko lugu
Madya
Bakri : “Kowe mengko mangkat les jam pira Han?”
Hana : “Jam telu.”
Bakri : “Apa ora kesoren?”
Hana : “Tak kira ora, lha wong acarane wiwit jam telu seprapat.”
Pacelathon menika ngginakaken ragam basa...
Ngoko alus
Krama
Krama lugu
Ngoko lugu
Krama inggil
Para siswa sumangga dipunwaos ukaranipun kanthi pratitis!
“Inggih boten menapa Pak, Bapak gerah menapa?”
Ukara menika ngginakaken basa ...
Ngoko alus
Krama alus
Krama lugu
Ngoko lugu
Ngoko
Jangkepana ukara menika ngginakaken ukara ingkang trep!
Anak : “………………………………......................................................................”
Ibu : “iki, arep nyang pasar, arep melu apa piye Nang?”
Bu arep tindak ngendi?
Bu ajeng tindak pundi?
Bu badhe tindak pundi?
Bu badhe lunga pundi?
Bu arep lunga ning ngendi?
Ida : “Sugeng Siang, Pak. Nyuwun pangampunten kula badhe nyilih buku
Bahasa Jawi kelas X.”
Pak Agus : “Iya. Ko sik ya, tak jupukna bukune. Bukune pira sing dibutuhake?”
Ida : “30, Pak.”
Tembung ingkang kacethak miring ingkang trep inggih menika ...
Ngampil
Njupuk
Ngasta
Mundhut
Njaluk
“Panjenengan kok dereng siram. Menika sampun tabuh 7, Pak. Panjenengan badhe ........... tabuh pinten? Ngendikanipun wonten undangan rapat.”
Tembung ingkang trep kangge jangkepi ukara kasebut inggih menika ...
Lunga
Tindak
Kesah
Budhal
Bidhal
Jangkepana ukara menika ngginakaken ukara ingkang trep!
Ibu : “Pak, iki lho unjukane wis ibu siyapke”
Bapak : “………………………….............................................................”
Inggih, matur nuwun Bu.
Ya Bu, matur nuwun.
Inggih, kaleresan nuwun
Iya bu
Inggih bu
Jangkepana ukara menika ngginakaken ukara ingkang trep!
Siswa : “…………………………........................................”
Bu Guru : “Lha, ora nggatekake mesthi mau. Kok nganti ora ngerti tugase!”
Ibu nyuwun pirsa, tugase wau napa nggih?
Ibu badhe tanglet, tugas wau napa nggih?
Ibu nyuwun pirsa, tugasipun wau menapa nggih?
Ibu badhe taken, tugase napa nggih?
Bu badhe nyuwun pirsa, tugase apa nggih?
Jangkepana ukara menika ngginakaken ukara ingkang trep!
Kula…...................dhateng…..............simbah.
Kesah, dalemipun
Bidhal, daleme
Budhal, griyanipun
Tindak, griyane
Kesah, griyane
Ingkang sepisanan dipunpenggalih saderengipun mertamu inggih menika....
busana
patrap
gawan
wekdal
Mau bengi tangane simbah lara. Krama alusipun...
wau dalu astane simbah sakit
kalawau astanipun simbah sakit
kala wau dalu astanipun simbah gerah
kala wau dalu astane simbah gerah
"sampeyan purun dhahar sekul niki boten dhe?"
ukara menika kalebet ragam basa....
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
adhiku ora doyan mangan buah. Krama alusipun....
adhi kula boten purun nedha buah
rayi kula boten purun nedha buah
rayi kula boten purun dhahar buah
rayi kula boten kersa nedha buah
