Font size
WorksheetsUJI KOMPETENSI BAB CERITA CEKAK
Total questions: 15
Worksheet time: 22mins
Unsur sing ana sajroning crita cekak diarani unsur ...
Instrinsik
Ekstrinsik
Biografi
Ektensif
Dramatik
Alur sing nyritakake utawa nggambarake kahanan saiki nganti sateruse yaiku ...
Campuran
Maju
Mundur
Plot
regresif
Biyen aku tau gagal mlebu ing jurusan sing tak tuju. Ya tau uga ora katut dadi polisi. Saiki aku mung nglakoni apa sing wis tak jupuk ing kuliyahku. Sapa ngerti rencanane Sing Kuwasa luwih apik. Merga kahanan kulawargaku sing mung cukup kanggo mbayar kuliyah lan mangan saben dinane, ndadekake aku golek gaweyan sing bisa tak sambi................
Paraga "Aku" nuduhake yen penulis duwe sudut pandang wong kaping
loro
Dina iki, swasana ing kantor rada beda lan ora kaya padatane. Kaya-kaya ora ana wong sing nganggur. Kabeh padha nyekel gaweyane dhewe-dhewe, ora ana sing wira-wiri. Pancen dins iki kaya padatane, dina pungkasan saben sasi kabeh karyawan kudu gawe lapuran. Saben divisi lapuran kanggo mengerteni progres penjuwalan perusahaan. Karyawan katon padha tumemen ora ana sing padha omong-omongan. Kamangka adate saben dina swasanane ya ora mangkene, isine padha ngobrol lan ya ana sing ngguyu. Dina iki blas. Ning ana siji karyawan sing isih tansah grapyak marang liyane. Jenenge Anton, wonge gedhe dhuwur lan ngganteng. Pak Narto melu sibuk ngecek lapuran saben karyawan. Salah siji sing dicek kapisan, yaiku lapurane Anton. Dicek kanthi tliti supaya ora ana sing salah.
"Ton, iki lapuranmu wis dak tampa, wis apik lan ana progres kang positif." Swarane Pak Narto ngendikan karo Anton. Anton mung mesem ora sombong. Awit dheweke ya njaga atine kanca-kanca.
Miturut pethikan cerkak ing dhuwur, penulis anggone nuduhake watake paraga yaiku kanthi teknik ...
psikomotorik
dramatik
analitik
pragmatif
itensif
Dina iku udan deres, Ani bali numpak mobil Jaguar. Amarga bar udan, saka mobile Ani nyiprat sakiwa tengene. Pas kebeneran, nyiprati wong tuwa sing numpak pit. Wong tuwa iku mung ngelus dhadha ngerteni bocah enom jaman saiki sing ora tata.
Manut karo pethikan cerkak kasebu, watake Ani yaiku ....
Kurang tata
Galak
Gampang nesu
Sopan
Welas asih
Wektu iku, Ani nembe kelangan ibune sing seda amarga gerah. Sadurunge seda, ibune mung ninggalake gelang sing dadi siji-sijine tinggalane. Nalika pelajaran Matematika, para murid padha anteng ora ana blas sing wani ngguyu lan gojegan. Pancen Pak Budi kawentar guru sing galak.
Watake Pak Budi yaiku ....
Galak
Nalika pelajaran Matematika, para murid padha anteng ora ana blas sing wani ngguyu lan gojegan. Pancen Pak Budi kawentar guru sing galak.
Latar wektu ing pethikan cerkak kasebut yaiku ....
Dina kuwi
Nalika esuk
Wayah bocah mulih sekolah
Nalika pelajaran matematika
Wayah surup
Angler olehe keturon. Gerimis nggembuleng peteng. Limang jam maneh pitik-pitik jago padha kluruk. Esuk uthuk-uthuk wis akeh bakul balapan golek dodolan mentah menyang pasar Kobong. Telu-telune ora ana sing padha tega nggugah. Jam setengah enem, lagi padha rumangsa telat tangi. Mbukak lawang ngarep. Mripate tumuju emper omah. Ora percaya karo kahanan sing nyata esuk kuwi. Suminah ngucek-uceg mripat. Isih durung percaya. Suminah njerit sak kayange. "Paak, Paaak! Becake dhewe ilang Pak? Ora mbok rante Pak?"
Manut karo pethikan cerkak kasebut, kahanan crita ing kono nuduhake ....
nesu
seneng
kaget
pasar Kobong
Esuk uthuk-uthuk
Mbulan mung kari separo merga keterak mendung. Jam wis ngrubut angka sewelas wengi. Kardiman krasa kesel. Awake anyep. Balunge kaya-kaya dilungsuri . Mula tekan ngomah dheweke banjur nothok lawang, mlebu masrahake awak ana dhipan sing kasure wis tipis.
Latar panggonan pethikan cerita kasebut yaiku
pinggir prapatan
ana terminal
ana stasiun
ana ngarep omah
ana dhipan
Pitutur luhur kang bisa kok jupuk saka cerkak "Becak" yaiku ...
Dadia manungsa kang sregep nyambut gawe, lan aja dadi manungsa kang ora mangerti kahanan sing saknyatana
Dhasaring pikir sing dadi idhe crita diarani
(a)
Apa wae teknik kang bisa digunakake kanggo nggambarake watak-watak paraga?
Wis wetara suwe, Darman sing lulusan SMK jurusan Animasi kerja ana ing bageyan prodhuksi gambar. Sanajan kerja ana Kalimantan, Darman isih ngugemi sopan santun sing bola-bali diomonhake bapake sing asli saka Jawa. Nanging Darman uga tetep ngurmati apa sing dadi adate daerah kerjane. Ora let suwe, Darman didadekake modhel kanggo karnaval. Dheweke dandan adat Batak, sanajan dheweke saka Jawa ningbora dadi prekara kanggo Darman. Miturut Darman, ana endi wae awake dhewe kerja, kudume bisa empan papan.
Adhedhasar pethikan cerkak kasebut, apa piwulang sing kok jupuk? Banjur kepiye saumpama yen awakmu nemoni kedadeyan kaya Darman, wenehana tanggepanmu!
Esuk iki, anggone nyambut gawe ora pati kebeneran. Ora ana penumpang sing adate pating sliweran. Sepi lan nglangut, kamangka langi dina iki katon mesem lan sumringah. Pancen dina iki, Sarno kang pegaweyane narik ojek ora entuk penumpang. Saka esuk blas, pit montore mung diparkir ana ing ngarep lawang mlebu pasar Blanak. Adate yen awan akeh sing bali milih numpak ojek tinimbang angkot (a)
Manut pethikan cerkak kasebut, latar panggonan ing pethikan kasebut yaiku ...
Dina iki, swasana ing kantor rada beda lan ora kaya padatane. Kaya-kaya ora ana wong sing nganggur. Kabeh padha nyekel gaweyane dhewe-dhewe, ora ana sing wira-wiri. Pancen dins iki kaya padatane, dina pungkasan saben sasi kabeh karyawan kudu gawe lapuran. Saben divisi lapuran kanggo mengerteni progres penjuwalan perusahaan. Karyawan katon padha tumemen ora ana sing padha omong-omongan. Kamangka adate saben dina swasanane ya ora mangkene, isine padha ngobrol lan ya ana sing ngguyu. Dina iki blas. Ning ana siji karyawan sing isih tansah grapyak marang liyane. Jenenge Anton, wonge gedhe dhuwur lan ngganteng. Pak Narto melu sibuk ngecek lapuran saben karyawan. Salah siji sing dicek kapisan, yaiku lapurane Anton. Dicek kanthi tliti supaya ora ana sing salah.
"Ton, iki lapuranmu wis dak tampa, wis apik lan ana progres kang positif." Swarane Pak Narto ngendikan karo Anton. Anton mung mesem ora sombong. Awit dheweke ya njaga atine kanca-kanca.
Miturut pethikan cerkak ing dhuwur, watake Anton yaiku ....
