wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Ayo Berlatih Materi Teks Informasi

Total questions: 25

Worksheet time: 25mins

Name
Class
Date
1.

Teks sing tujuane nginformaseake sawernane bab utawa apa wae diarani...

a)

teks informasi

b)

teks penjelasan

c)

teks pernyataan

d)

teks berita

2.

Wacanen kanthi patitis!


Bupati Trenggalek Emil Elestianto Dardak ngirim pesen ringkes marang kantor berita Antara, ngandharake yen wis dumadi prahara lemah longsor lan banjir bandhang. Lemah longsor lan banjir bandhang nrajang telung kecamatan ing kabupaten Trenggalek, yaiku kecamatan Munjungan, Gandungsari, lan Kampak.


miturut wacan ing ndhuwur, kalebu jenise teks...

a)

pawarta

b)

deskripsi

c)

persuasi

d)

pariwara

3.

teks sing isine ngajak-ngajak, narik kawigatene liyan, lan ngyakinake wong sing maca diarani teks...

a)

teks pawarta

b)

teks persuasi

c)

teks argumentasi

d)

pariwara

4.

Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged ( tercemar ). Supaya ora kekurangan banyu resik ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit – witan sakiwa tengene sumber! Aja mbuwang sampah lan limbah menyang kali! Mula saka iku ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.


yen ditilik saka isine, paragraf ndhuwur iku kalebu jenise teks...

a)

pawarta

b)

deskripsi

c)

persuasi

d)

iklan/pariwara

5.

gambar ing ndhuwur iku kalebu...

a)

sesanti

b)

pariwara

c)

iklan

d)

pawarta

6.

endi gambar ngisor iki sing kalebu iklan?

a)
b)
c)
d)
7.

Taman Nasional Baluran kuwi salah sijine cagar alam utawa hutan lindung sing wis ditetepake dening pemerintah. Ekosistem sing asli ing Taman Nasional Baluran awujud padhang savana, alas mangrove, alas tropis, pesisir, rawa, lan pegunungan. Ana 444 jinis tanduran, 155 manuk, lan 26 mamalia. Mamalia sing paling misuwur yaiku bantheng.


Irah-irahan sing mathuk kanggo paragraf ing ndhuwur yaiku...

a)

Rekreasi ing Baluran

b)

Taman Nasional Baluran

c)

Rekreasi Keluargaku

d)

Padhang Savana ing Baluran

8.

Karangan sing isine nggambarake sawijining kahanan, saengga wong sing maca kaya-kaya melu ndeleng, melu krungu, lan melu ngrasakake kahanan mau diarani karangan...

a)

Deskripsi

b)

narasi faktual

c)

persuasi

d)

eksposisi

9.

Salah sijine teks sing diamot ing media cetak(koran, majalah) utawa media elektronik(TV), lan isine pawarta sing lagi anget dadi bahan omongane masyarakat diarani teks...

a)

teks deskripsi

b)

teks pawarta

c)

pariwara

d)

slogan

10.

Teks informasi kang ngandharake fakta diarani ....

a)

teks pawarta

b)

teks persuasi

c)

sesanti

d)

pariwara

11.

Ing ngisor iki titikane teks pawarta, kajaba ...

a)

isine ngajak

b)

ngandharake fakta

c)

kamomot ana ing medhia cetak

d)

isine pawarta sing lagi dadi bahan omongane masyarakat

12.

"Negor sauwit, nandur satus bibit!", kalebu teks ...

a)

sesanti

b)

pawarta

c)

persuasi

d)

pariwara

13.

Teks ing gambar ngisor iki kalebu teks ...

a)

pariwara

b)

pawarta

c)

persuasi

d)

slogan

14.

Teks karangan sing isine ngajak utawa narik kawigatene, mangaribawani, lan ngyakinake sing maca diarani teks ....

a)

persuasi

b)

pariwara

c)

pawarta

d)

slogan

15.

"Ayo tandang, njaga lestarine alam". Kalebu teks ...

a)

persuasi

b)

pariwara

c)

pawarta

d)

iklan

16.

Teks kanggo mamerake lan ngajak supaya dideleng, dituku,lan digunakake, diarani ...

a)

teks pariwara

b)

teks pawarta

c)

teks persuasi

d)

teks slogan

17.

Teks pawarta anggone nyusun adhedhasar ....

a)

apa, sapa, kapan, nyapa, neng endi, lan kepriye

b)

apa lan sapa

c)

sebab akibat

d)

basa asing

18.

"Mangsa ketiga dawa, mulane petani cengkeh ing Ponorogo bisa gagal kabeh. Petani kudu siap nanggung rugi jutaan rupiah." Ukara mau kalebu teks ....

a)

pawarta

b)

persuasi

c)

dheskripsi

d)

sesanti

19.

"Lingkungan sing resik uga bisa urip sehat. Urip sehat pikiran uga sehat. Supaya lingkungan kita lestari, ayo kabeh warga kudu tansah sadar njaga kelestarian alam. Aja nebangi alas sembarangan. Amarga bisa njalari rusake lingkungan." Teks kasebut kalebu jenis teks ....

a)

persuasi

b)

pawarta

c)

pariwara

d)

sesanti

20.

Irah-irahan teks informasi ing dhuwur sing cocok yaiku . . . .

a)

Indonesia

b)

Gunung gundhul

c)

Alas kobong

d)

Lingkungan

21.

Teks sing isine ngenani kedadeyan kang diwedharake ing sajroning tulisan ing medhia cithak, utawa laporan ing medhia elektronik diarani teks ....

a)

narasi

b)

argumentasi

c)

pawarta

d)

eksposisi

22.

Jroning teks pawarta, informasi sing diandharake kuwi pancen bener-bener ana lan dumadi iku nuduhake menawa pawarta iku ....

a)

bener

b)

akurat

c)

lengkap

d)

apik

23.

Jroning teks pawarta, informasi sing diandharake saora-orane kudu nyakup 5W+1H iku nuduhake menawa pawarta iku ....

a)

bener

b)

akurat

c)

lengkap

d)

apik

24.

Pawarta sing diandharake kuwi kudune akurat, tegese informasi sing diandharake ....

a)

bener-bener dumadi

b)

kudu nyakup 5W+1H

c)

kudu dipercaya

d)

dingerteni wong akeh

25.

Salah siji tata carane maca teks pawarta yaiku ....

a)

olehe maca kudu banter lan cepet

b)

sing diwaca mung judhule wae

c)

maca nganggo pengeras swara

d)

olehe maca kudu bener lan cetha