WorksheetsUH Seni Pertunjukan Tradisional
Total questions: 35
Worksheet time: 2hrs 21mins
Ing pagelaran wayang kulit wonten ingkang dipunarani blencong, awujud….
perangan kanggo nyimpen wayang
kain pethak minangka latar
lampu minangka panerang lampahing ringgit
minangka pangiring cariyos wayang
logam minangka tandha yen ana gara-gara
Ing pagelaran wayang kulit wonten ingkang dipunarani kothak, yaiku….
perangan kanggo nyimpen wayang
kain pethak minangka latar
lampu minangka panerang lampahing ringgit
minangka pangiring cariyos wayang
logam minangka tandha yen ana gara-gara
Pralambang sangkan paran wonten ing pagelaran wayang inggih menika...
Gunungan
Cempala
Debog
Kepyak
Kothak
Pralambang langit wonten ing pagelaran wayang inggih menika...
Gunungan
Cempala
Kothak
Kelir
Kepyak
Pralambang lakuning getih wonten ing pagelaran wayang inggih menika...
Gunungan
Cempala
Kothak
Debog
Kepyak
Paraga wayang menika aranipun....
Semar
Gareng
Petruk
Bagong
Limbuk
Paraga wayang menika aranipun....
Kumbakarna
Buta terong
Duryudana
Karna
Wisanggeni
Pandhawa Lima iku putranipun Prabu Pandhu, dene putra saking garwa Dewi Madrim inggih menika...
Wrekudara
Yudhistira
Arjuna
Gathotkaca
Sadewa
Adhedasar warnaning pasuryan paraga wayang, ingkang nggambaraken watak wicaksana lan lembah manah, yaiku werna...
Abrit
Jene
Pethak
Cemeng
Emas
Ingkang bedakaken wanda wayang putrèn gagrag Ngayogyakarta lan Surakarta yaiku...
mripat
rasukan
wujud awak
jarit
sepatu
Ingkang bedakaken wanda wayang wanaran/kethek lan buta gagrag Ngayogyakarta lan Surakarta yaiku...
mripat
rasukan
wujud awak
jarit
sepatu
Gambar wujud kayon gunungan menika saking tlatah....
Ngayogyakarta
Cirebon
Banyuwangi
Bali
Banyumas
Drama tradisional ingkang dipentasaken setunggal grup kesenian lan dianakake ing panggung kanthi mendhet crita sejarah,panji,lsp uga kasebut....
Kethoprak
Jathilan
Wayang wong
Wayang
Reog
Drama tradisional kang pentas kanthi lakon saking Mahabarata utawa Ramayana yaiku....
Reog
Wayang wong
Kethoprak
Wayang
Jathilan
kawigatosna busana kethoprak ing ngandhap menika!
1. Surjan
2. Kemben
3. Simbar
4. Teni/Blenggen
5. Rumpai
Ing nginggil menika ingkang kalebet busana kejawen inggih menika….
2,3,4
1,4,5
3,4,5
1,3,5
1,2,4
kawigatosna tata rias kethoprak ing ngandhap menika!
1. atal watu
2. rouge
3. siwit putih
4. cleansing
5. siwit abang
Ing nginggil menika ingkang kalebet tata rias tradisional inggih menika….
1,4,5
3,4,5
1,3,5
2,3,4
1,2,3
kawigatosna tata rias kethoprak ing ngandhap menika!
1. foundation
2. siwit putih
3. lipstik
4. langes
5. eyeshadow
Ing nginggil menika ingkang kalebet tata rias modern inggih menika….
1,4,5
3,4,5
1,3,5
2,3,4
1,2,3
Kawigatosaken cariyos wayang ing ngandhap menika!
Ramawijaya menika putranipun Prabu Dasarata, nata ing Ayodya, saking garwa prameswari Dewi Sukasalya. Ramawijaya gadhah sedulur tiga, Laksmana, Bharata, lan Satrughna. Garwanipun Rama asesilih Dewi Sinta, putri Kedhaton Manthili ingkang kaloka sulistyanipun.
Sasampunipun krama kaliyan Dewi Sinta, Rama badhe winisuda dados ratu ing Ayodya, nanging meksa boten kaleksanan awit saking pokalipun Dewi Kekayi. Dewi Kekayi ngandharakn menawi ingkang kedah dados ratu wonten ing Ayodya inggih menika putranipun ingkang nama Bharata, lan Rama kedah nglampahi ukum buwang dhateng wana.
Bab menika ingkang dadosaken penggalihipun sang Nata nandhang sungkawa lan wusananipun dados jalaran sedanipun. Pungkasanipun, Rama lan Sinta kadherekaken Laksmana lajeng nglampahi ukum buwang wonten ing Wana Dhandhaka. Ing papan menika Sinta kadhusta dening ratu buta ingkang nama Rahwana. Sinta cinidra lajeng dipunbekta dhateng Kraton Alengka. Rama lan Laksmana, kanthi pambiyantunipun para wanara kawulanipun Sugriwa ingkang dipunpandhegani dening sang satriya wanara seta peparap Anoman, pungkasanipun saged ngawonaken Alengka. Rama lan Sinta saged nyawiji malih lan peputra Kusa lan Lawa.
Pitutur ingkang boten trep kaliyan waosan ing nginggil, inggih menika....
Tresnanana para sedherek
Sabara nindakaken sedaya pacoban
Dadosa manungsa ingkang awatak culika
Remena ngumbara supaya sekti mandraguna
Brasthanen angkara murka
Ing papan menika Sinta kadhusta dening ratu buta ingkang nama Rahwana. Tegesipun tembung kadhusta inggih menika....
Dipundherekaken
Dipunsubya-subya
Dipuncolong
Dipuntresnani
Dipunpejahi
Tegesipun tembung kaloka ingkang sinebut ing waosan “Garwanipun Rama asesilih Dewi Sinta, putri Kedhaton Manthili ingkang kaloka sulistyanipun.” inggih menika...
Ruruh
Wasis
Pinter
Misuwur
Prigel
Dialog lan monolog kalebet salah satunggaling ciri kethoprak. Ingkang dipunsebut monolog inggih menika....
pacelathon antarane paraga siji lan sijine
narasi crita
ngudarasa/ngomong/sambat karo awake dhewe
nyaritakake kahanan kang sedhih
pacelathon/percakapan kang gayeng
Wayang ingkang wujudipun lulang ingkang sinungging lan dipunukir, mendhet lampahan cariyos Mahabarata lan Ramayana dipunsebut ugi...
Wayang Purwa
Wayang Madya
Wayang Klithik
Wayang Wong
Wayang Pancasila
Ing ngandhap menika kalebet titikan/ciri-ciri “improvisasi” pagelaran kethoprak, kejaba....
Basanipun boten baku
Nengenaken humor
Boten nindakake tata krama
Gawe seneng pamirsa
Crita kang lengkap
Bentuk raga wayang punakawan ingkang nedahake menawa tiyang kudu duwe pikiran kang dawa anggone nglampahi gesang inggih menika....
Awak, sikil, tangan dawa
Tangan cekot
Mripat kero
Sikil pincang
Mripat rembes
Bentuk raga wayang punakawan ingkang nedahake menawa tiyang kudu duwe tumindak pangati-ati nglampahi gesang inggih menika....
Awak, sikil, tangan dawa
Tangan cekot
Mripat kero
Sikil pincang
Mripat rembes
Watak wayang geculan ingkang wujudipun dipundamel boten sampurna ngemu pitutur salah setunggalipun, “raga kang sarwa dawa ngemu pralambang luhur yaiku duweni pikiran kang dawa, saengga sawernane tumindak tansah linandhesan panglimbang-limbang kang jero”. Gegambaraning raga saking paraga wayang kanthi nama....
Petruk
Gareng
Bagong
Togog
Limbuk
Wayang ing inggil menika dipunsebut wayang........
purwa
madya
klithik
kancil
golek menak
Ismaya iku dasanamane ....
Janaka
Semar
Gareng
Petruk
Bagong
Wayang kang digawe saka kain utawa kulit lembu kang awujud beberan (lembaran), kasebut wayang ....
beber
purwa
golek
krucil
gedhog
Teks crita wayang sing digelar sajrone pentas pawayangan, bisa dadi pasinaon basa, jalaran ....
paraga dhalangnalika ngurip-uripi wayang, bisa sinambi Malang basa Jawa
nyinau nyaman basa Jawa
basane teks crita wayang biasanya selaras karo basa sing digunakake para siswa saben dina
antara anak dalang bisa kepengurusan endhek dhuwirw senin para siswa
Unggah-ungguh ing basa wayang bisa dienggo patuladhan
Gambar menika dipunsebut kesenian tradhisional kethoprak.
LERES
LEPAT
Gambar menika awujud seni pertunjukan ingkang mentasaken cariyos babad, sejarah, lan kahanan ing jaman samenika.
LERES
LEPAT
Gambar wayang iku diarani Werkudara.
LERES
LEPAT
Gambar wayang iku diarani Dewi Shinta.
LERES
LEPAT
Paraga wayang Drupadi menika gadhah garwa 5 ing cariyos Mahabarata India, dene ing Indonesia gadhah garwa 1.
LERES
LEPAT
