WorksheetsULANGAN CERKAK
Total questions: 40
Worksheet time: 3hrs 20mins
1. Urutane struktur cerkak yaiku...
Irah-irahan- komplikasi- klimaks- karampunganing perkara- paparan crita
Irah-irahan- komplikasi- paparan crita- klimaks- karampunganing perkara
Irah-irahan- paparan crita- komplikasi- klimaks- karampunganing perkara
Irah-irahan- paparan crita- klimaks- komplikasi- karampunganing perkara
Irah-irahan- paparan crita- klimaks- karampunganing perkara- komplikasi
Kaendahan cerkak salah sijine mapan ing cara penulis prigel anggone nggunakake lelewaning basa.
Tetembungan iki kang ngamot majas personifikasi yaiku…
Ana wong ala sing gawe kisruh, kang asring tumbar cucukan
pancen putrine Pak Jati kuwi kembang desa, mula akeh kang padha kepincut
Kelingan jaman dhisik, tan rinasa luh dleweran
wis nganti adus kringet, nanging dagangan durung ana sing payu
Srengengene wis ngancik ana tengah- tengah wiyati
Struktur crita nalika masalah dadi gawat yaiku perangan...
Klimaks
Komplikasi
Irah-irahan
Anti klimaks
Karampunganing ukara
Crita cekak utawa cerkak kuwi nduweni 2 unsur yaiku unsur ekstrinsik lan instrinsik. Dene ing ngisor iki kang ora kalebu unsur instrinsik ing cerkak yaiku ...
Watak paraga
Paraga
Alur
Nilai moral
Setting
5. Bengi kuwi Pak Dika lagi jagongan karo garwane kang asma Bu Eni ing emper omah. Pak Dika ngandharake gagasan yen arep maringi hadhiyah marang putrane kang bisa munggah kelas lan entuk rangking siji, lan ibu sarujuk. Esuke Pak Dika wis tekan sawah. Parine sing subur, ijo. royo-royo, wis kemathak gawe mongkog penggalihe Pak Dika. Ana pangarep-arep gedhe kanggo bisa mundhutake hadhiyah putrane. Sawise marem anggone mirsani parine, Pak Dhika kondur kanthi sumringah.
Sing dadi underane rembug paraga ana wacan ing dhuwur yaiku....
hadhiyah kanggo putrane
pari sing ijo royo-royo
Bu Eni anggone ora duwe dhuwit
parine Pak Dika wis dipanen
mongkog deleng pari kang bakal dipanen
Bu Painah salaman karo Bu Sri sajak prengat prengut amarga ngrasa yen awake dheweke kalah saing. Kuwi mau jalaran Bu Sri rampung mantu malah isih nglegakake ati moro puskesmas trimane tilik Bu Painah kang sikile keseleo. Kuwi mau ndadikake kahanan kang sarwa kuwalik, merga sing maune owel ora arep nyumbang merga eman, malah pungkasane disumbang. Tembung “owel” ing ukara ndhuwur iku tegese...
Ora ekhlas
Loma banget
Ora gelem
Seneng weweh
wegah
Bu Nita, ibune Ade ndangu aku. Gandheng aku ora bisa mangsuli mula aku banjur... kancaku.
Tembung kang pas kanggo ngisi ceceg-ceceg, kang padha tegese karo tembung “ndangu” yaiku...
Ngongkon
Njaluk
Nonton
Nyilih
Takon
Aku langsung ngadeg, nulungi Andri karo ngringkesi buku-bukune sing morak-marik mau.
Ing paramasastra, tembung “morak-marik’’ diarani tembung...
Tembung lingga
Tembung andhahan
Tembung dwilingga salin swara
Tembung dwilingga semu
Tembung kriya
Sinopsis kang becik yaiku...
Ukarane runtut
Kedadeyane ditulis kanthi runtut lan tinemu nalar (logis)
Kedadeyane ditulis kanthi jangkep satemah urutane crita ora pedhot-pedhot
Saben ukara ditulis kanthi nggatekake tata tulis sarta pilihan tembung kan bener lan pener
Wangsulan A,B,C,D bener
Esuk iki langite katon isih peteng, pedhute kandel, lan hawane uga adhem banget. Nanging, kuwi kabeh ora nyuda kekarepane Bu Nanik anggone dodol pohung menyang pasar. Sanadyan gaweyan iku abot, nanging Bu Nanik ora tau nggresula. Kabeh mau dilakoni kanggo nyambung urip lan nyukupi ragad sekolahe anake sing isih kelas VII SMP...
Ing ngisor iki kang ora kalebu tuladha saka pethikan crita ing ndhuwur yaiku ...
Ngutamakake sekolahe anak
Ora wegah kangelan
Kekarepan kang kukuh
Urip kang kudu ngangluh
Urip kang kudu usaha
PDAM wis ngirim atusan tangki banyu resik ananging isih akeh warga kang durung keduman. Tembung penggandheng ananging nyatakake...
Pilihan
Sebab
Akibat
Kosok balen
Tujuwan
Ah, pancen kabeh iki kaya wis diatur dening Gusti Allah. Kaya aku dhewe rumangsa dislametake dening Panjenengan. Coba mbiyen aku sing nindakake bab mau, bisa-bisa aku sing mlebu kunjaran!
Miturut pethilan cerkak ing ndhuwur, kepriye posisine pengarang?
Pengarang dadi wong kapisan
Pengarang dadi wong kapindho
Pengarang dadi wong katelu
Pengarang dadi wong kapapat
Pengarang dadi wong kalima
Ibu kondur saka pasar mundhutke simbah klambi anyar
Tembung klambi kuwi nduweni karma inggil kang arane…
Klambi
Panganggo
Ageman
Rasukan
Pakean
Najan uripe pas-pasan Kang Karjo ora nggresula, anane mung rumangsa sukur marang Pangeran sebab rejekine tansa lumintu tekane.
Apa pitutur luhur kang bisa dijupuk saka wacan kuwi?
Urip kudu pinter sambat
Urip kudu nggatekake sedulur
Urip kudu pinter syukur
Urip kudu ngajeni wong liya
Urip kudu bisa ngurmati wong enom
Anak mbarep sing digadhang- gadhang bisa sekolah ing pamulangan luhur lan oleh gaweyan sing bayarane maton, bisa njunjung derajate wong tuwa.
Tembung mbarep lan pamulangan luhur nduweni teges
Sepisan lan perguruan tinggi
Nomer loro lan minimarket
Nomer telu lan kantor
Nomer loro lan perguruan tinggi
Anak ragil lan perguruan tinggi
Ing ngisor iki kang ora kalebu gunane synopsis cerkak yaiku…
Menehi gegambaran ringkes ngenani urut- urutan lan isine crita
Kanggo pathokan para paraga nalika arep improvisasi
Dadi prolog utawa epilog sawijining naskah kang arep dipentaske
Supaya ngerti inti sawijining crita
Supaya pamaca ora penasaran karo critane
Undherane perkara kang dirembug lan dadi sumbere konflik ing cerkak arane…
Setting
Plot/alur
Tokoh lan watak
tema
amanat
Bapak nonton TV karo lungguh ing kursi
Ukara ing ndhuwur yen disalin dasi basa karma alus dadine…
Bapak ningali TV kalih lenggah ing kursi
Bapak ningali TV kalih pinarak ing kursi
Bapak mirsani TV kalih lenggah ing kursi
Bapak mirsani TV kaliyan pinarak ing kursi
Bapak mirsani TV kalih pinarak ing kursi
Age-age aku ngidhak gas. Mobil sedanku tak playokake 90 km/jam. Aku ora peduli bakal kaya apa mengko mobilku bar tak bladrakake kaya ngene. Sing ana ing pikiranku namung siji kepiye anggonku bisa tekan ngomah lan bisa kumpul karo anak bojoku. Kira-kira kurang setengah jam maneh aku tekan ngomah. Latar swasana kang ana ing pedhotan cerkak ing dhuwur yaiku…
Sedhih
Kuciwa
Kemrungsung
seneng
semeleh
Mbah Surip mampir ing sangisore wit trembesi tuwa ing pojok tanggul sawah. Dislonjorake sikile banjur dheleg- dheleg.
“Dhuh Gusti Pangeran kang gawe urip, paringana kuwat. Wong Cilik ongklak angklik kok tegel-tegel diapusi…” Mbah Surip seleh.
Mbah Surip susah amarga…
Kesel
Kelangan dhuwit
Tandurane dirusak kewan
diapusi
kelangan dhuwit
Anggone ngringkes crita lumrahe ana…
Saprapat dawane crita
Sakarepe dhewe
Seperlima utawa sepersepuluh crita kang diwaca
Saprotelone crita kan diwaca
Separone crita kang diwaca
“Aku bali mulih, nalika aku nyebrangsalan, aku arep ditabrak, annaging simbah saka mburi langsung nyurung awakku, banjur simbah sing ditabrak.” Kabeh wong ing ngarep pak Yudha dha sedih. Ibu Sumi banjur ngrangkul simbah. Ketok banget Ibu Sumi getun marang omongane mau isuk.
Pedotan crita cekak ing ndhuwur, unsur instrinsik kang ketok banget yaiku…
Latar swasana
Latar wektu
Latar panggonan
Sudut pandang
Tema
Sakala aku mlengok. Pas olehku mlengok, Kang Parman mudhun saka njero gubug, ngundang lan ngawe aku. Sakjane ana gawe. Tanpa pikir dawa, aku jumangkah marani Kang Parman.
“Iki lho leren sik. Aku mau nggawa tela godhog karo teh. Ayo mlebu dhisik” sumeh, grapyak semanak, lan eseme sing ngatonake untu omponge, sak weruhku ora tau copot saka lageyane Kang Parman. Aku dijak munggah gubuge. Banjur bontote, tela godhog sing dibuntel godhong lan teh sing diwadhahi botol aqua, didhasarake ing amben-ambenan gubug.
Nilai-nilai kang kaandhut ing pethilan cerkak kasebut yaiku.....
Ekonomi
Politik
Agama
sosial
budaya
Gatekna teks crita ing ngisor iki!
Saged katingal saking Bapa Sukirno, raos trenyuh kang putra sungkem mring bapa. Trenyuh eluh udan tangis nyawiji sajroning adicara sungkem punika.
Tembung kang kacitak kandel punika kalebu tembung entar kang tegesipun.....
padha tangis
Tangis brambang
Ora kuwawa
Kelangan
Kelaran
“Ngapa wae sedina iki mau?!” Lek Yono menthelengi anake. Aji meneng, dheleg-dheleg
“Wis ping pira Bapak dhawuhi awakmu, kudu ngrampungke tugasmu ngrewangi ibumu. Yen ora rampung, ora bakal entuk sangu, ora entuk dolan maneh. Ngerti! Mudheng!”.
Aji tetep meneng, ora mangsuli apa-apa.
Saka tugelan crita cekak ing dhuwur, pitutur luhur kang kaemot yaiku....
Dolan ora ngrampungake tugas
ngrewangi wong tuwa luwih becik
Sangu lan dolan wis mestine kanggo bocah
Nek dikandani kudu dirungokake
Migunakake wektu kanthi migunani
Banjur sing taun 1995 pola 150 jam neng ngendi ya? Apa neng ngomah” Pitakone batinku karo aku ngeling-eling anggonku simpen sertifat mau“Mbok menawa dadi siji karo SK Pembagian Tugas ing rak buku ngomah!” batinku karo ngeyem-yemi atiku. Budhal Sekolah motor age-age dak blandhange sakayange kareben cepet tekan ngomah. Bubar sholat Duhur lan mangan age-age rak buku dakudhal-udhal kanggo nggoleki Sertifikat Pelatihan. Dakklumpukkake mung ana 7, wiwit taun 2000-nan. Sing tahun 1995 meksa durung ketemu.
Pethikan cerkak Sertifikatku ing ndhuwur nuduhake menawa Pak Tegar iku wong sing ……
ora setiti, lalen
setiti, ngati ati
gemi, setiti
pinter nyenyimpen
sembrana
Panulisan ukara ing ngisor iki miturut ejaan kang bener yaiku...
Budhe tindhak kutho
Aku duwe konco anyar
apa kowe durung sarapan ta?
Gara-gara kowe, duitku ilang kabeh
Pituture simbah ojo dilalekno
Dinten Kartini menika rak kangge ngurmati Raden Ajeng Kartini, awit piyambakipun sampun maringi tuladha ingkang kedah dipuntindakaken putri Indonesia. Wanita Indonesia menika kedah sekolah lan sinau supados saged sababag kalih para priyanipun. Kamangka kebaya menika raksatunggaling simbol kekiranganipun wanita, kados ingkang dipunngendikakaken Ki dhalang, bilih wanita menika asring kesrimpet tapih kabotan pinjung.” Jlentrehe Palupi. (Kapethik saking cariyos cekak: Antarane Kartini lan Palupi)
Pethikan carita ing nduwur kasebut nuduhake perangan …..
alur lan irah-irahan
Tema lan setting
Tema lan watak
Setting lan paraga
irah- irahan lan tema
“Kang Karjo metua! Ayo gotong royong nyang Dham Buntung. Dham Buntung ambrol, banyune mbludag arahe mrene” mangkono kandhane bayan Mardi saka dalan ngarep omah.
“Apa, Dham Buntung ambrol”?
“Iya! Wis gek ndang mangkat dienteni kanca-kanca ana mbale!”
Enggal-enggal Karjo salin pangganggo nyaut pacul karo caping nggeblas budhal nyang mbale dukuh. Pitakonane sing wadon karo anake ora dipaelu, mung weling supaya ana ngomah ngati-ati. Tekan nggone katon banyu kimplah-kimplah mili saka jebolan dham ngener desane lan nrabas kebonan tumuju pesawahan sing ana pinggir desa. Sinambi gotong royong nutupi jebolan ati lan pikirane tumuju menyang sawahe sing arep panen lan biaya kanggo anake nerusake sekolahe.
Kang dadi inti saka crita cekak kasebut yaiku…
Kang Karjo mikir biaya kanggo nerusake anake sekolah
Kang Karjo ora nanggepi pitakone anak lan garwane
Kang Karjo ngewangi mbenerake dham kang ambrol
Kang Karjo ora nanggepi panjaluke bayan Mardi
Kang Karjo milih anteng ing omah tinimbang gotong royong
gatekna pratelan ing ngisor iki
1) maca naskah asline, kanggo nggolek gagasan utama
2) cukup diwaca sepisan banjur ditulis isine wae
3) nyatet gagasan utama kang penting
4) ngrantam maneh gagasan utama dadi paragraf
5) dialog lan monolog cukup ditulis isi utama garis utamane
6) nggoleki judhul cerkake lan sapa sing ngripta cerkak
tatacara gawe sinopsis kang trep yaiku...
1,2,3,5
2,3,4,6
1,3,4,5
2,3,5,6
3,4,5,6
Ayahe Sadewa
Dening: Eni Siti Nurhayati
Ngerti ora, Dhik, biyen nalika sampeyan sakos karo adhiku, sampeyan nate tak request dadi pacarku? Eman, kalah cepet karo sapa iku?“
Atiku mbatin, masa ta, kok Yuni ora nate crita. Aku ora semaur nganti tekan ngarep sekolahan. “Nuwun ya, Mas, wis diterke,” kandhaku.
Mas Bima mung mesem. Eseme wiwit dina iki bola-bali katon ing mripatku. Sesuk, sesuk, lan sesuke maneh ana wae alesane Mas Bima methuki aku. Ngeterke sepedhah, takon perkembangane Sadewa, lan mamitke Sadewa sing ijin diajak eyange. Aku seneng ae nampa tekane. Nganti wengi iki ama SMS mlebu: Bu guru, eh Dhik Arini, saupama njenengan tak jak ning Bali piye? Kersa, ta? Bales, hlo! Dudu merga aku nggolekne ibu kanggo Sadewa, nanging atiku kadhung kepilut njenengan. Maca SMS sing keri iki, atiku kok sajake kapilut sisan. Hlo, mlebu maneh SMS: Nang Bali iku kanggo bulan madhu. Hla, sadurunge ayo ijab dhisik. Yen wis ngene aku kudu piye?
Manut cerkak ing ndhuwur pakaryane paraga Arini, yaiku...
dokter
karyawati swasta
guru
karyawan kantor
bidan
Ayahe Sadewa
Dening: Eni Siti Nurhayati
Ngerti ora, Dhik, biyen nalika sampeyan sakos karo adhiku, sampeyan nate tak request dadi pacarku? Eman, kalah cepet karo sapa iku?“
Atiku mbatin, masa ta, kok Yuni ora nate crita. Aku ora semaur nganti tekan ngarep sekolahan. “Nuwun ya, Mas, wis diterke,” kandhaku.
Mas Bima mung mesem. Eseme wiwit dina iki bola-bali katon ing mripatku. Sesuk, sesuk, lan sesuke maneh ana wae alesane Mas Bima methuki aku. Ngeterke sepedhah, takon perkembangane Sadewa, lan mamitke Sadewa sing ijin diajak eyange. Aku seneng ae nampa tekane. Nganti wengi iki ama SMS mlebu: Bu guru, eh Dhik Arini, saupama njenengan tak jak ning Bali piye? Kersa, ta? Bales, hlo! Dudu merga aku nggolekne ibu kanggo Sadewa, nanging atiku kadhung kepilut njenengan. Maca SMS sing keri iki, atiku kok sajake kapilut sisan. Hlo, mlebu maneh SMS: Nang Bali iku kanggo bulan madhu. Hla, sadurunge ayo ijab dhisik. Yen wis ngene aku kudu piye?
Ing ngisor iki sing ora kalebu alesan Bima kerep methuki Arini yaiku...
ngeterake sepedhah
takon perkembangane Sadewa
mamitke Sadewa
ngeterake bukune Sadewa
geterake Sadewa sekolah
Tumibaning udan riwis-riwis kang wiwit sore ora mandheg-mandheg nyebabake hawane sansaya kekes. Tembung kekes ing ukara kasebut tegese...
sumuk
panas
adhem banget
wedi
sumelang
Sawise milih tema, bab kang ditindakake nalika nulis cerkak yaiku...
nemtokake paraga lan watak paraga
nemtokake alur crita
nemtokake latar crita
nemtokake pamawas
pilihan tembung
Bab kang pungkasan ditindakake nalika nulis cerkak yaiku...
nemtokake paraga lan watak paraga
nemtokake alur crita
nemtokake latar crita
nemtokake pamawas
Pilihan tembung
Bab kang pungkasan ditindakake nalika nulis cerkak yaiku...
nemtokake paraga lan watak paraga
nemtokake alur crita
nemtokake latar crita
nemtokake pamawas
Pilihan tembung
Budi, minangka ketua kelas iku pancen sregep lan dhemen tetulung. Apa sing dadi tanggung jawabe sing magepokan karo tugase ketua kelas mesthi ditandangi kanthi beres. Lan, dheweke dhemen tetulung marang sapa wae tanpa pilih kasih.
Cuplikan cerkak ing ndhuwur kalebu ing struktur teks cerkak perangan ....
orientasi
koda
komplikasi
resolusi
klimaks
Struktur cerkak perangan klimaks ngandharake ngenani ....
tetepungan antarane para paraga
reruwete perkara
tuwuhe perkara/masalah
tinemu cara kanggo ngerampungake perkara
nyritakane kahanan ing crita
ing ngisor iki uakara kang ngamot majas hiperbola yaiku...
dina iki kaya- kaya arep udan, merga lintange padha ndhelik
Pak paino anggone nyambut gawe nganti meres kringet
muga uripe awake dhewe tentrem ayem kaya lir ing sambikala
Ina kuwi pancen cah wedok nyenengeke, menawa ngingeti eseme pait madu
bocah kuwi ora angel diajak kekancan, merga cilik atine mula ora bisa diajak guyon
“Halah Pak, mangke ..... lho. kok langsung .... upacara, mangke menawi kumat malih pripun? Kula malih .... repot”. Amarga sing ngrumat simbah nalika gerah ya ibu Sumi sing dadi mantune kuwi.
tembung kang trep kanggo njangkepi pedhotan cerkak kuwi yaiku...
lara, ndherek, ingkang
sakit, ndherek, sing
gerah, tumut, sing
gerah, ndherek, ingkang
sakit, ndherek, ingkang
