Font size
WorksheetsJAWA 11_UH 1 PARAMASASTRA
Total questions: 71
Worksheet time: 1hrs 10mins
Mangan, Ngombe, Nulis lan Maca kalebu tembung...
Tembung Aran
Tembung Kriya
Tembung Katrangan
Tembung Panguwuh
Tembung Wilangan
Saunting, saliter, lan sakethi kalebu tembung...
Tembung Panyilah
Tembung Ancer-ancer
Tembung Panggandheng
Tembung Wilangan
Tembung Kaanan
Ing Basa Jawa, kalimat iku diarani ... .
tembung
ukara
gatra
pada
Tembung sing durung owah saka asale diarani tembung ... .
andahan
wod
lingga
rangkep
Dodi tuku sarapan mau isuk. Jejere ukara mau yaiku ... .
Dodi
tuku
sarapan
mau isuk
Pak Ignas ngendika:"Senin ana ulangan PPKn, mula para murid kudu sinau kanthi sregep, supaya entuk biji sing apik". Ukara iku klebu jenising ukara ... .
langsung
crita
pakon
panjaluk
Ibu tindak dateng peken tumbas sayur. Tembung kang kang dadi wasesa ing ukara mau yaiku ... .
ibu
tindak
peken
sayur
Adi bolak - balik ing kamar mandi amarga lagi diare. Tembung bolak - balik diarani tembung ... .
wod
dwilingga
dwilingga salinswara
dwilingga pada swara
Ukara ibu dhahar soto, yen diubah dadi ukara tanduk dadine ... .
Ibu ndhahar soto
soto dhahar ibu
soto iku didhahar ibu
Ibu didhahar soto
Sebutke 3 cirine ukara efektif!
Gawea ukara efektif migunakake tembung - tembung :
gladhi, mangan, lan mlaku.
Ukara ing ngandhap menika ingkang ngemu tembung camboran inggih menika….
Saben dina Senin, dianaake upacara bendhera.
Bapak kondur saka Semarang ngasta oleh-oleh endhog gludhug.
Amarga menang lomba, adhiku oleh hadhiyah pit anyar.
Masku seneng banget karo gedhang goreng.
Brebes kawentar oleh-oleh khase yaiku endhoh asin.
Samangkok es oyen sing disuguhke bakule langsung taksruput.
Saking ukara ing nginggil, tembung andhahanipun inggih menika….
samangkok, disuguhke, bakule, taksruput
samangkok, es oyen, bakule, taksruput
samangkok, disuguhke, es oyen, taksruput
samangkok, disuguhke, bakule, es oyen
es oyen, disuguhke, bakule, taksruput
Layang iki, katuju ... kanca raketku Larasati.
Tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara ing nginggil inggih menika....
menyang
marang
karo
saka
tumrap
Manungsa kuwi saderma titah, sing kudu mangerteni sangkan paraning dumadi.<br> Pangrimbagipun tembung dumadi saking ukara ing nginggil inggih menika….
dadi + -um-
duma + di
du- + dadi
dadi + -uma
du + ma + di
Kanthi (tulung) saka wong mau, Budi bisa mudhun saka wit.
Tembung ing salebetipun kurung, kedahipun dipunewahi dados….
tetulungan
pitulungan
tulunge
nulung
panulung
Basa krama lugu dipunginaaken nalika wicantenan kaliyan….
tiyang ingkang sampun sami-sami tepang
ingkang dipunajak gineman dereng tepang, sarta langkung enem
ingkang gineman langkung sepuh tinimbang ingkang dipunajak gineman, nanging taksih ngurmati
guru dhateng siswanipun
ingkang gineman langkung inggil pangkatipun
Panjenengan dipunaturi rawuh ing arisan RT.
Ukara ing nginggil ngginaaken basa….
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
krama inggil
Ibu nyuwun pirsa marang Budi, "Apa Kowe wis adus?"
Wangsulanipun Budi inggih menika…
Iya. Aku wis adus.
Inggih. Kula wau sampun siram.
Inggih. Kula wau wis adus.
Inggih. Kula wau sampun adus.
Inggih. Aku mau siram.
"Apa bapak wis nakoni Kowe mau esuk?"<br>Ukara menika menawi dipunewahi miturut unggah-ungguh inkang trep dados...
Apa bapak wis takon Kowe mau esuk?
Menapa bapak sampun taken Sampeyan wau enjing?
Apa bapak wis mundhut pirsa Kowe mau esuk?
Menapa bapak wis taken sampeyan wau enjing?
Apa bapak sampun nangkleti Sampeyan wau enjing?
Pratelan ingkang nedahaken pangginanipun basa ngoko alus inggih menika….
Penake Kowe turu dhisik wae!
Sekecanipun Sampeyan tilem riyin mawon!
Penake Panjenengan sare dhisik wae!
Sekecane Sampeyan sare rumiyin mawon!
Sekecanipun panjenengan sare rumiyin kemawon!
Ibu : "…......................"
Bapak : "Aku kepengin dimasakke rawon wae, Bu."
Ukara pitakenan ibu kangge bapak ingkang trep miturut unggah-ungguhipun ingging menika…
Mengko sore arep dhahar karo apa, Pak?
Mangke sonten arep nedha kaliyan apa, Pak?
Mengko sore arep mangan karo apa, Pak?
Mangke sonten badhe nedha kaliyan menapa, Pak?
Mengko sore badhe nedha menapa, pak?
Menawi panjenengan dereng gadhah, mangke kula paringi.
Ing salebetipun ukara menika taksih wonten tembung ingkang kirang trep, inggih menika….
menawi, mangke
dereng, paringi
dereng, gadhah
gadhah, paringi
mangke, paringi
Ingkang boten kalebet ing unggau-ungguh basa, inggih menika….
ngoko lugu
ngoko alus
krama inggil
krama lugu
krama alus
Tulung, tamune … unjukan!
Tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara ing nginggil inggih menika….
diwenehi
diparingi
dicaosi
digaweni
disuguhake
Bu, nyuwun pamit kula badhe mriksani pameran buku wonten alun-alun.
Tembung ingkang boten trep, menawi dipuleresaken inggih menika….
nonton
ningali
ndelok
nginguk
ngingeti
Ragam Basa ing basa Jawa menika ingkang dipunginakake dening tiyang enem dhateng tiyang sepuh inggih menika ....
Ngoko lugu
Kromo lugu
Ngoko alus
Kromo alus
Kromo inggil
‘Saben dina, aku sekolah numpak sepeda motor’
Ukara kasebut yen diowahi dadi ngoko alus dadi .....
Saben isuk, aku sekolah nitih sepeda motor
Saben dina, kula sekolah nunggang sepeda motor
Saben dina, sampeyan sekolah numpak sepeda motor
Saben dina, kula sekolah nitih sepeda motor
Menyang sapa wae ngoko alus digunakake?
Kanca
Bapak/Ibu
Guru
Mas/Mbak
Nalika pacaturan karo Pakdhe, minangka pawongan kang luwih enom kudu nggunakake basa .....
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
Pak Agus : ”Bola-bali telat wae, apa maneh alesanmu nar?”
Sunar : “....”
Ukara kang trep kanggo mangsuli Pak Agus yaiku ....
Dalem kula tebih sanget, Pak
Griya kula tebih, Pak
Dalem kula adoh, Pak
Omahku adoh, Pak
Krama aluse ngomong yaiku .....
Kandha
Ngendhika
Mbacot
Matur
Pak guru ....... yen dadi siswa kudu sregep sinau.
omong
matur
ngendika
ngucap
Bapak nembe mawon.....saking Surabaya.
mulih
wangsul
kondur
bali
Ragam basa ingkang dipunginakake dening karyawan dhateng atasan ingkang langkung enem inggih menika ...
Ngoko lugu
Kromo lugu
Ngoko alus
Kromo alus
Kromo inggil
Wonten ing ngandhap menika ukara ingkang kalebet ngoko lugu inggih menika ...
Siti madang sate ing warung pinggir dalan
Ibu guru beta buku saking kantor
Bapak mundhut buku neng warung
Simbah dhahar soto karo bulik
Nuwun sewu, Kula badhe ngresahi wekdal panjenengan sakwetawis
Ukara ing ngandhap menika ingkang kalebet ragam basa krama alus inggih menika ....
Bulik tumbas sayur wonten ing wande
Badhe tindak pundi Dhe?
Pangapunten simbah nembe sare
Pripun kabare Mbk?
Siti madang sate ing warung pinggir dalan
Ukara ing ngandhap menika ingkang kalebet ragam basa ngoko alus inggih menika ....
ibuk saweg mundhut gendhis wonten ing wande
Benjang enjang, njenengan ten dalem boten mas?
Saben esuk bapak mangkat kantor numpak pit
Nuwun sewu bapak, menawi kepareng badhe kepanggih njenengan
Pangapunten simbah nembe sare
Manut wujude, unggah-ungguh basa dibedakake dadi 4 yaiku ....
Ngoko , ngoko lugu, krama madya, krama alus
Ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, krama alus
Basa ibu, basa ilmu, basa budaya
Basa sanskerta, aksara jawa, basa daerah
_____ saka kutha Surabaya.
Aku
Kula
Kawula
Paduka
Nan dalem
Ukara atur salam kanggo wayah wengi yaiku ...
Sugeng énjing
Sugeng siyang
Sugeng sonten
Sugeng dalu
Sugeng pepanggihan
…. Jenengku yaiku Gendhis. Aku duwé dulur loro. Dhéwéké yaiku Ayu lan Putri. Ayu luwih tuwa tinimbang Putri lan Ayu luwih enom tinimbang aku. Bapakku asmané yaiku Hartono. Panjenengané makarya minangka guru. Ngasta ing SMA Terang Bangsa. Ibuku asmané yaiku Wati. Panjenengané makarya minangka ibu balé wisma. Aku, Bapak, Ibu, Ayu, lan Putri manggon ing Desa Sukamulya persisé ing dalan Kali Tengah nomer 12B. Pasinaon ing sekolah sing daksenengi yaiku Matematika, Basa Jawa, Basa Manca, lan komputer. Aku seneng nulis, plesir, lan renang. I uga seneng swasana ing kampung amerga akéh wit-witan lan hawané adhem.
Sugeng énjing, _____ . Jenengku Gendhis.
Kepriyé kabarmu?
Tepangaken!
Tepangna!
Seneng bisa tetepangan
Matur nuwun
…. Jenengku yaiku Gendhis. Aku duwé dulur loro. Dhéwéké yaiku Ayu lan Putri. Ayu luwih tuwa tinimbang Putri lan Ayu luwih enom tinimbang aku. Bapakku asmané yaiku Hartono. Panjenengané makarya minangka guru. Ngasta ing SMA Terang Bangsa. Ibuku asmané yaiku Wati. Panjenengané makarya minangka ibu balé wisma. Aku, Bapak, Ibu, Ayu, lan Putri manggon ing Desa Sukamulya persisé ing dalan Kali Tengah nomer 12B. Pasinaon ing sekolah sing daksenengi yaiku Matematika, Basa Jawa, Basa Manca, lan komputer. Aku seneng nulis, plesir, lan renang. I uga seneng swasana ing kampung amerga akéh wit-witan lan hawané adhem.
Wati yaiku___ Gendhis.
Mbakyune
Ibune
Ipene
Adike
Budhene
Mega: Saking pundi kitha asal, Panjenengan?
Awan: _____________
Aku saka kutha Surabaya.
Kula asli Surabaya
Asal kula saking kitha Surabaya.
Asalku saka kutha Surabaya
Asalipun saking kitha Surabaya.
Aku, Bapak, Ibu, Ayu, lan Putri manggon ing Desa Sukamulya persisé ing dalan Kali Tengah nomer 12B
Ukara ing ndhuwur medharaké…
nepangaké diri pribadi
nepangaké kulawarga
nepangaké papan panggonan/alamat
nepangaké sedulur
nepangaké kesenengan
____ bapake Gendhis yaiku Pak Hartono
Jenenge
Asmane
Namine
Namae
Julukane
“Kala wingi eyang (lunga) dhateng Kebumen.” Tembung ing jero kurung kang bener yaiku…
dolan
plesir
budhal
kesah
tindak
Tembung krama inggile lungguh, nggawa, lan tuku yaiku…
Pinarak, mbekta, lan mundhut
Lenggah, ngasta, lan mundhut
Pinarak, ngasta, lan mundhut
Lenggah, mbekta, lan tumbas
Pinarak, mbekta, lan mundhut
Subekti : Sinten asma panjenengan?
Budi : …. Kula Budi
Ceceg-ceceg ing ndhuwur kang trep yaiku…
Nama
Asma
Jeneng
Sesulih
Nami
Ani : Iki bukune sapa ya?
Ita : O, buku sing abang iku …. Bu Guru, wingi daksilih. Menawa sing putih iku ….
Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut yaiku …
Gadhahane, kagunganku
Kagungane, gadhahane kula
Kagunganipun, duwekku
Gadhahanipun, duwekku
Gadhahanipun, kagunganku
“Aku ora melu dhisik, Amarga simbah lagi lara untu.”
Ukara ing ndhuwur menawa didadekake krama alus dadine…
Kula boten ndherek rumiyin, amargi eyang nembe gerah waja
Kula boten tumut rumiyin, amargi simbah saweg gerah waja
Kula boten ndherek rumiyin, amargi simbah nembe sakit waja
Kula boten ndherek rumiyin, amargi eyang saweg gerah untu
Kula boten tumut rumiyin, amargi eyang nembe sakit waja
Unggah-ungguh basa iku ditrapake miturut kahanane, sapa pawongan kang diadhepi. Ukara ing ngisor iki kang bener miturut unggah-ungguh Basane yaiku…
Pak Sardi arep kesah dhateng peken
Simbah lagi wae tilem, nembe mawon
Omahe Pak Lurah ingkang majeng ngilen
Bapak sampun rawuh kala wau enjing
Pakdhe sampun nedha menapa dereng?
“Anggonmu nggawa jeruk mengko dipangan ana ing sepur wae.”
Ukara kasebut menawa digawe krama lugu dadine…
Anggenipun panjenengan ngampil jeruk mengko didhahar ana ing sepur wae
Anggenipun sampeyan mbekta jeram mangke dipuntedha ing sepur kemawon
Anggenipun panjenengan mbekta jeram mangke dipuntedha ing sepur kemawon
Anggenipun panjenengan mbekta jeram mangke dipundhahar ing sepur kemawon
Anggenipun sampeyan mbekta jeram mangke dipundhahar ing sepur kemawon
Bambang duwe kanca sakelas kang jenenge Ahmad. Saiki Bambang wis dadi guru, dene Ahmad dadi kepala sekolahe Bambang. Basa kang trep digunakake Ahmad marang Bambang yaiku…
Ngoko alus
Ngoko lugu
Krama alus
Krama lugu
Krama inggil
Basa krama inggile rambut, sirah, lan mata yaiku…
Mustaka, asta, lan samparan
Rikma, mustaka, lan soca
Samparan, waja, lan padharan
Asta, talingan, lan grana
Waja, jaja, lan imba
“Pak RT, wau wonten gethuk dipunsukani Pak Manto, manga dipuntedha rumiyin mumpung taksih benter!”
Ukara ing dhuwur kalebu unggah-ungguh basa ragam ….
Krama lugu
Krama alus
Krama inggil
Ngoko lugu
Ngoko alus
“Mas Beni, tinimbang …. wonten hotel, mangga sare …. kula mawon.”
Ukara ing dhuwur jangkepana kanthi tetembungan kang trep manut unggah-ungguh basa.
Sare, dalem
Sare, turu
Sare, griya
Tilem, griya
Tilem, dalem
Bu Ais : Man, yen kowe lega mbok Ibu jupukna tas neng ruang guru ya.
Arman : ….
Ukara kang trep kanggo njangkepi pacelathon ing dhuwur yaiku…
Nggih, Bu. Sik nggih, kula boten lega niki
Nggih, Bu. Sekedhap, kula rada boten lega. Mangke ya, Bu
Nggih, Bu. Kula lega, tak jupuke mawon ing ruang guru
Nggih, Bu. Kula saged njupukaken ta sing ruang guru
Nggih, Bu. Sekedhap, kula pendhet ing ruang guru
Tembung (kanca, lara, bala), miturut fonologi/ widya swara, aksara vokal kang ana ing jero kurung diwaca…
A jejeg
A miring
Setengah a
Setengah o
O jejeg
Tembung (palsu, sapi, bocah, mara, kuwi), miturut fonologi basa jawa, aksara konsonan kang dicetak kandhel ing jero kurung iku kalebu ragam konsonan basa jawa sing arane..;
Swara untu
Swara cethak
Swara lambe
Swara glotal
Swara laringal
Manunggaling kawula Gusti. Tembung linggane manunggaling yaiku…
Manung
Unggal
Aling
Tunggal
Munggah
Tembung ngisor iki kang kalebu ater-ater anuswara yaiku…
Kejepit
Pawarta
Kapirungu
Sagelas
Ngarit
Tembung ing ngisor iki kang mawa seselan (infiks) yaiku…
Rinacik
Keciliken
Tulisake
Mangan
Dibaleni
Tembung ing ngisor iki kang mawa panambang (sufiks) yaiku…
Njiwiti
Tliti
Ngukur
Jupukna
Kapirungu
Tembung ing ngisor iki kang mawa imbuhan bebarengan yaiku…
Pamanggih
Panyuwun
Lelara
Cengingis
Mlumpati
Tembung ing ngisor iki kang kalebu tembung rangkep dwipurwa yaiku…
Bebungah
Cekakak
Maratuwa
Bola-bali
Wira-wirri
Tembung ing ngisor iki kang kalebu tembung rangkep dwilingga yaiku…
Nggeguyu
Lelara
Celuk-celuk
Cengenges
Cekikik
Tembung ing ngisor iki kang kalebu tembung rangkep dwiwasana yaiku …
Bebungah
Cekakak
Lelara
Onde-onde
Arem-arem
Ing ngisor iki kang kalebu tembung aran yaiku…
Watu
Numpak
Sugih
Arep
Sing
Mangan, turu, nyapu, adus. Tembung kasebut kalebu jinising tembung…
Aran
Kriya
Sipat
Katrangan
Sesulih
Ing ngisor iki kang kalebu jinising tembung sesulih yaiku…
Setengah
Supaya
Nangis
Dheweke
Meh
