wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PRETEST MATERI SESORAH

Total questions: 10

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.
Sesorah uga bisa disebut pidhato, sesorah nduweni teges yaiku ...
a)
A. Micara ing sangarepe smartphone banjur divideo
b)
B. Micara utawa rembugan ing sangarepe wong akeh kanthi ngandharake gagasan/panemu
c)
C. Micara dhewe tanpa ana ancas lan wong kang ngrungogake
d)
D. Micara karo siji wong ngrembug babagan gagasan/panemu
2.
Wonten ing ngisor iki kang kalebu ancas sesorah, kajaba ...
a)
A. Kanggo menehi pangerten/kawruh
b)
B. Kanggo menehi kabar utawa informasi
c)
C. Aweh panglipur marang liyan kang ndandang duhkita
d)
D. Atur pangapunten menawi wonten lepat
3.
Mugi rahayu sagung dumadi. Kasarasan, kabagyan, lan kabegjan mugi tansah kasalira kita sedaya awit rohmatipun Gusti Allah. Ingkang tuhu sinudarsana para pangemban praja ing Desa Sidowaras. Ibu-ibu PKK tingkat Desa Sidowaras ingkang satuhu binekten. Murwani atur kula, mangga kula dherekaken mawantu-wantu ngonjukaken puji sokur dhumateng ngarsanipuin Gusti Ingkang Murbeng Dumadi. Dene kula lan panjenengan sedaya dinten menika pinaringan bagas waras mila saged rawuh ing kempalan dinten menika. Perangan kang ana ing nduwur iki kalebu perangan sesorah ...
a)
A. Purwaka Basa
b)
B. Surasa Basa
c)
C. Satata Basa
d)
D. Wasana Basa
4.
Ingkang pungkasan, cekap semanten anggen kula matur. Atur panuwun ingkang tanpa pepindhan awit kawigatosan panjenengan sedaya. Nglenggana kathahing kekirangan wonten ing andharan menika, kula nedha agunging samundra pangaksama. Pepuntoning atur kula,
a)
A. Purwaka Basa
b)
B. Surasa Basa
c)
C. Satata Basa
d)
D. Wasana Basa
5.
Perangane sesorah : 1. Purwaka Basa 2. Salam Panutup 3. Surasa Basa 4. Satata Basa 5. Wasana Basa Perangan iki durung runtut, coba runtutna kanthi leres perangane sesorah!
a)
A. 4-5-2-1-3
b)
B. 4-1-3-2-5
c)
C. 4-1-2-3-5
d)
D. 4-1-3-5-2
6.
Ngrokok menika boten nglanggar aturan, nanging nglanggar hak asasinipun manungsa kangge ngirup hawa ingkang resik. Menapa malih ing kebul rokok menika ngandhut unsur nikel. Manawi nikel kasebat ngendhep ing ginjel saget njalari sakit kanker. Boten kanker paru-paru mawon, nanging saged nggesangaken sel-sel kanker ingkang kathah wonten sajroning raga. Nikel ugi ngandhut radikal bebas ingkang saged nggesangaken sel kanker ning sajroning raga. Perangan kang ana ing nduwur kalebu perangan apa lan panemu apa kang arep diandharake?
a)
A. Satata Basa, Ngrokok boten nglanggar aturan
b)
B. Surasa Basa, Bahaya ngrokok
c)
C. Surasa Basa, Rokok ganggu wong liya
d)
D. Satata Basa, Bahaya ngrokok
7.
Ukara ing ngisor iki kang kalebu dudutan sesorah yaiku ...
a)
A. Mugi rahayu sagung dumadi. Kasarasan, kabagyan, lan kabegjan mugi tansah kasalira kita sedaya awit rohmatipun Gusti Allah
b)
B. Ing udyana menika kula badhe matur sakedhik bab sesakit Ebola ingkang dinten samangke ngrenggani maneka warni kalawarti.
c)
C. Pramila mangga kita sami nyengkuyung supados sesakit Ebola menika boten kenging kulawarga kita sedaya
d)
D. Nglenggana kathah kekirangan wonten ing andharan menika, kula nedha agunging samudra pangaksami.
8.
Sesorah kang gunane kanggo mahargya rawuhe para tamu yaiku ...
a)
A. Sabdatama
b)
B. Pambagyaharja
c)
C. Tanggap wacana
d)
D. Ekstemporan
9.
Metodhe sesorah kang migunakake cathetan cilik kasebut ...
a)
A. Ekstemporan
b)
B. Impromtu
c)
C. Apalan
d)
D. Naskah
10.
Kala wingi ing desane Sumini ana lelayu banjur rikala dheweke layat ana pak RW kang dadi duta saka para warga lanjeng sesorah ing sangarepe tiyang kang padha layat. Miturut ukara ing nduwur sesorah kang diandharke pak RW nduweni ancas kanggo ...
a)
A. Atur panglipur
b)
B. Aweh informasi
c)
C. Atur pambagyaharja
d)
D. Pangajak supadus melu kang dikarepake pamicara