Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Penilaian Sumatif Tengah Semester Gasal (Sastra Piwulang)

Total questions: 20

Worksheet time: 39mins

Name
Class
Date
1.

Sastra piwulang/serat piwulang macapat iku awujud kumpulan puisi jawa kang digawe dening para pujangga lan nglairake piwulang-piwulang luhur kanggo pengeling-eling wong Jawa tekan jaman saiki. Kayadene serat wedhatama, serat tripama, serat wulang putri lan liya-liyane. Dene genre karya sastra puisi Jawa kaperang dadi loro (2). Serat piwulang macapat kalebu genre karya sastra puisi Jawa ….

a)

klasik

b)

modern

c)

tengahan

d)

anyar

e)

tua

2.

Tembang macapat cacahipun ana 11, neng ngendi antarane tembang siji karo sijine ora mesthi pada jumlah gatra utawa barise. Menawa tembang dhandhanggula ndhuweni gatra cacahe .... larik

a)

7

b)

8

c)

9

d)

10

e)

11

3.

Sing nganggit(gawe) Serat Tripama yaiku ….

a)

KGPAA Mangkunegara IV

b)

KGPAA Mangkunegara VI

c)

KGPAA Mangkubumi IV

d)

KGPAA Pakubuwana VI

e)

KGPAA Mangkualam IV

4.

Tembang macapat arupa salah sawijining warisan budaya sekang para leluhur sing kudu tansah diuri-uri supaya ora ilang dipangan dening jaman. Nalika nggawe tembang macapat kita kudu ati-ati merga ora pada karo nggawe tembang liyane, neng ngendhi tembang macapat kuwe duwe paugeran utawa pathokan sing kudu dipeluni lan ditrapaken. Neng ngisor kiye salah sawijing paugeran tembang macapat, yakuwe kita kudu nggatekaken cacah utawa jumlah wanda utawa suku kata neng saben gatra utawa baris sing dikenal karo istilah guru ….

a)

gatra

b)

sastra

c)

wilangan

d)

lagu

e)

dhong-dhing

5.

Serat tripama isine yaiku tembang Dhandhanggula kang cacahe ... pada (bait) lan nyritakake patuladhane Patih Suwanda(Bambang Sumantri), Kumbakarna lan Suryaputra (Adipati Karna).

a)

6

b)

7

c)

8

d)

9

e)

10

6.

Jabang bayi sing esih ana ing kandhutane ibune, durung kawruhan lanang utawa wadon kalebu gegambaran ing tembang macapat ….

a)

maskumambang

b)

mijil

c)

sinom

d)

kinanthi

e)

asmaradana

7.

Manut surasane tembang dhandhanggula ing serat Tripama pada 1 lan 2 ana telung bab kang bisa dituladha saka Patih Suwanda yaiku ….

a)

pinter, bisa, lan sregep

b)

pinter, jujur, lan sregep

c)

pinter, jujur, lan wani

d)

pinter, sregep, lan wani

e)

pinter, kaya, lan wani

8.

Gatekake cakepan tembang dhandhanggula ing ngisor iki!

Yogyanira kang para prajurit

Lamun bisa samya anuladha

Kadya nguni caritane

Andelira sang Prabu

Sasrabau ing Maespati

Aran Patih Suwanda

Lelabuhanipun

Kang ginelung tri prakara

Guna kaya purunne kang denantepi

Nuhoni trah utama

Adhedasar teks Dhandhanggula neng dhuwur, amanate yaiku ….

a)

nalika dititipi amanah dening wong liya iku ora kuwajibane dilakoni

b)

kudu ndhuweni rasa ajrih nalika diparingi tugas dening wong liya

c)

amanah iku kudu dilakoni senajan ora kaya sing dikepenginake karo atine dhewek

d)

nalika diparingi tugas kudu bisa ngrampungake kanthi kebeking tanggel jawab.

e)

kudu bisa dadi manungsa sing ndhuweni kakiyatan lair lan batin

9.

Raksesa awatak satria sing ora gelem mbela kangmase sing angkara murka. Raksesa iku ndhuweni tekad satria ngurbanake jiwa raga kanggo mbela negarane dudu mbelani kangmase. Raksesa iku jenenge ....

a)

Suryaputra

b)

Wibisana

c)

Sarpakenaka

d)

Kumbakarna

e)

Sukrasana

10.

Tembang macapat kang nggambarake kauripane manungsa kang lagi seneng-senenge amarga apa-apane sampun kasembadan. Kelakon ndhuwe bojo, duwe anak, urip cukup. Mula wong sing lagi bungah utawa bombong atine bisa digambarake ing tembang ....

a)

asmaradana

b)

mijil

c)

dhandhanggula

d)

megatruh

e)

gambuh

11.

Sekar macapat cacahipun wonten sewelas, urut-urutanipun sekar macapat ingkang cacahipun wonten sewelas punika mujudaken gegambaran cakra manunggalaning manungsa utawi roda kehidupan manungsa. Teng ngandhap punika sekar ingkang nggambaraken kanoman utawi nem-neman minangka kalodhangan ingkang paling wigati tumrapipun tiyang nem supados saged ngangsu kawruh sak kathah-kathahipun. Penggambaran teng inggil penggambaran saking sekar….

a)

sinom

b)

maskumambang

c)

dhandhanggula

d)

pangkur

e)

pocung

12.

Gatekake cakepan tembang dhandhanggula ing ngisor iki!

Kumbakarna kinen mangsah jurit

Mring kang rak sira tan lenggana

Nglungguhi kasatriyane

Ing tekad datan purun

Amung cipta labih nagari

Lan nolih yayahrena

Myang luluhuripun

Wus mukti aneng Ngalengka

Mangke arsa rinusak ing bala kali

Punagi mati ngrana

 

Adhedasar teks Dhandhanggula neng dhuwur, amanate yaiku ….

a)

kudu bisa dadi adhi kang manut lan setya marang kakange

b)

amanah iku kudu dilakoni senajan ana rasa abot nglakonine

c)

dadia ksatriya sing setya, wani mbela lan merjuangna tanah laire

d)

tansah dadi ksatriya sing ora setya marang tanah laire

e)

kudu bisa dadi ksatriya sing ndhuweni kakiyatan lair lan batin

13.

Serat tripama minangka karya sastra kang awujud tembang dhandhanggula kang cacahe ana pitung bait. Serat iki isine bab piwulangan kaprajuritan saka 3 tokoh pewayangan yaiku Patih Suwanda, Kumbakarna, lan Adipati Karna. Manut isine tembang dhandhanggula ing serat tripama pada kapisan lan kapindho ana bab kang bisa dituladha saka Patih Suwanda yaiku ….

a)

prajurit kang bangeting setya lan teguh anggone ngleksanakake kewajibane

b)

abdi sing tansah mentingake kepentingane pribadi tinimbang negarane

c)

prajurit kang kirang trampil mbelani bangsa lan negarane

d)

abdi kang nguciwakake rajane nalika ngleksanakake kewajibane

e)

patih sing tansah ajrih ngleksanakake tugas-tugas saka bangsa lan negarane

 

14.

Gatekake tembang ngisor iki!

 

Ngelmu iku kalakone kanthi laku

Lekase lawan kas

Tegese kas nyantosani

Setya budya pangekese dur angkara

 

Tembung “dur angkara” ing gatra pungkasan tegese ….

a)

watak apik

b)

nentremake

c)

pinter

d)

nepsu ala

e)

nyingkirake

15.

Gatekna cakepan tembang dhandhanggula ing ngisor iki!

Lire lelabuhan tri perkawis

Guna bisa saniskareng karya

Binudi dadi unggule

Kaya sayektinipun

Duk bantu prang Manggada nagri

Amboyong putri dhomas

Katur ratunipun

Purunne sampun tetela

Aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji

Suwanda mati ngrana

Ukara “purunne sampun tetela” saka pethilan tembang dhandhanggula ndhuwur ateges ....

a)

kekendelane wis bisa kebukti

b)

kepinterane keton nyata

c)

keiklasane wis kelakon

d)

kesabarane wis kebukti

e)

ketulusane katon nyata

16.

Gatekna cakepan tembang dhandhanggula ing ngisor iki!

Wonten malih kinarya palupi

Suryaputra Narpati Ngawangga

Lan pandhawa tur kadange

Len yayah tunggil ibu

Suwita mring Sri Kurupati

Aneng nagri Ngastina

Kinarya gul-agul

Manggala golonganing prang

Bratayuda ing adegken senapati

Ngalaga ing Korawa

Ukara “ngalaga ing korawa” saka pethilan tembang dhandhanggula ndhuwur ateges ....

a)

ana ing pihake para kurawa

b)

seneng ngrewangi para kurawa

c)

perang tandhing nglawan kurawa

d)

ora seneng marang kurawa

e)

setya marang pandhawa

17.

Makna filosofi kang kamot saka serat tripama pupuh dhandhanggula kejaba ....

a)

serat tripama ngemot konsep bela negara

b)

ndhuweni ajaran bab cinta tanah air

c)

ngemot ajaran bab katresnan kanggo mbela bangsa lan negara

d)

ngutamakake kepentingan bangsa lan negara sandhuwure kepentingan pribadhi

e)

nuladhani supaya dadi anak ora kudu bekti kaliyan leluhuripun

18.

Manut surasane tembang dhandhanggula ing serat Tripama pada 3 lan 4 ana kang bisa dituladha saka Kumbakarna yaiku ….

a)

nduweni watak angkara kanggo nglawan para wanara

b)

ngupayakake nagara Ngalengka bisa ngalahake nagara liya

c)

tresna lan mbelani marang garwane

d)

nduwe tekad kanggo ngrusak nagara liya

e)

nduweni watak kesatriya kanggo mbelani negarane

19.

Perang Bratayuda iku kawentar perang sedulur kanggo ngrebutake tahta nagara Astina amarga Adipati karna karo Pandhawa iku ....

a)

sedulur tunggal bapa sejen ibu

b)

sedulur sejen bapa seje ibu

c)

sedulur sejen ibu sejen rama

d)

sedulur padha simbahe

e)

sedulur sejen bapa tunggal ibu

20.

Gatekake cakepan tembang dhandhanggula ing ngisor iki!

Lire lelabuhan tri perkawis

Guna bisa saniskareng karya

Binudi dadi unggule

Kaya sayektinipun

Duk bantu prang Manggada nagri

Amboyong putri dhomas

Katur ratunipun

Purune sampun tetela

Aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji

Suwanda mati ngrana

Adhedasar teks Dhandhanggula neng dhuwur, amanate yaiku ….

a)

urip manungsa iku sawang sinawang mula kudu ndhuweni rasa syukur

b)

ora bisa ngorbanake kepentingane awake dhewek kanggo kepentingan nagara

c)

tansah nganggo barang kasil produk nagarane dhewek senajan durung kawentar

d)

dadia manungsa kang ndhuweni rasa kendel dhateng nagara nalika ana pamrihe

e)

kudu bisa  ngabdi marang bangsa lan nagara senajan nyawa kang dadi taruhane