wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

KUIS GEGURITAN XII

Total questions: 25

Worksheet time: 22mins

Name
Class
Date
1.

Miturut wujude kasusastran Jawa kaperang dadi telung jinis, yaiku drama, gancaran lan...

a)

prosa

b)

sandiwara

c)

geguritan

d)

paragraf

e)

pacelathon

2.

Geguritan asale saka tembung lingga "gurit" sing nduweni teges....

a)

tulisan, tatahan, paragraf

b)

tulisan, tatahan, pacelathon

c)

tulisan, tembung, gancaran

d)

tembang, kidung, tatahan

e)

tembang, kidung, karangan

3.

Geguritan kalebu puisi Jawa modhern kang awujud....

a)

bait

b)

paragraf

c)

pacelathon

d)

prosa

e)

gancaran

4.

Geguritan iku wujude bait kang basane cekak, menthes lan endah.

Cekak iku tegese....

a)

nggunakake basa Jawa kuna

b)

tembunge duwe makna kang jero

c)

mingunakake basa kang ringkes

d)

nggunakake purwakanthi swara, sastra lan basa

e)

bisa nganggo tetembungan pilihan

5.

Dene, basa geguritan kang menthes tegese....

a)

penak dirungokake

b)

nggunakake basa Jawa kuna

c)

nggunakake purwakanthi swara, sastra, lan basa

d)

migunakake basa kang ringkes lan ukarane ora nggladrah

e)

tembunge duwe makna kang jero

6.

Geguritan minangka salah sawijining kasusastran Jawa, kaperang dadi rong jinis yaiku....

a)

gancaran lan kidung

b)

gancaran lan tembang

c)

geguritan kanthi wewaton lan geguritan bebas

d)

geguritan gagrak alit lan geguritan gagrak ageng

e)

geguritan gagrak lawas lan geguritan gagrak anyar

7.

Kanggo mahami sawijining geguritan carane yaiku kanthi menehi tandha kanggo munggel (jeda).

Ing ngisor iki wujude punggel sauntara yaiku....

a)

#

b)

|

c)

\

d)

/

e)

//

8.

Wis akeh prajurit sing dadi banten

ora sethithik bandha kang kawetu

mung kanggo lelabuh sliramu

ibu pertiwiku,

kang tansah nguripi awakku

Ibu pertiwi,

para taruna nglilakake pawiyatan

amung kanggo perang

ngupadi kamenangan

amrih negara aman

Tema sajrone geguritan ndhuwur yaiku....

a)

agama

b)

pahlawan

c)

kulawarga

d)

lingkungan

e)

panguripan

9.

Wis akeh prajurit sing dadi banten

ora sethithik bandha kang kawetu

mung kanggo lelabuh sliramu

ibu pertiwiku,

kang tansah nguripi awakku

Ibu pertiwi,

para taruna nglilakake pawiyatan

amung kanggo perang

ngupadi kamenangan

amrih negara aman

Sing menehi apa wae kanggo uripe panulis yaiku....

a)

guru

b)

perang

c)

para taruna

d)

ibu pertiwi

e)

kamenangan

10.

Wis akeh prajurit sing dadi banten

ora sethithik bandha kang kawetu

mung kanggo lelabuh sliramu

ibu pertiwiku,

kang tansah nguripi awakku

Ibu pertiwi,

para taruna nglilakake pawiyatan

amung kanggo perang

ngupadi kamenangan

amrih negara aman

Para taruna nglilakake pawiyatan.

Tembung kang kacithak kandel tegese....

a)

guru

b)

siswa

c)

ibu pertiwi

d)

wong tuwa

e)

wong enom

11.

Kaya kiye critane manungsa

Sing mesthi nanggung susah

Ora tau bungah babar pisan

Kaya-kaya anane mung sengsara

Geguritan ing ndhuwur nyritakna....

a)

Manungsa sing ngangluh

b)

Manungsa mesthi sengsara

c)

Sawijine wong sing ngangluh

d)

Critane manungsa ora tau bungah

e)

Manungsa sing ora bungah marang kahanan

12.

Wektu

Mungkuring wektu

Padha ilining ranu lan,

tan kena diambali

Satemene manungsa iku

Nemahi kapitunan kang nyata

Amarga lena marang wektu

Kanggo manembah marang Gusti

Kang Murbeng Dumadi

Mesthi ora bakal

antuk kapitunan


Miturut geguritan ing dhuwur, manungsa bakal nemoni kapitunan amarga....

a)

migunakake wektu kanthi becik

b)

lena marang wektu

c)

wektu mlaku terus

d)

wektu teka dhewe

e)

nyaguhi kuwajiban

13.

Wektu

Mungkuring wektu

Padha ilining ranu lan,

tan kena diambali

Satemene manungsa iku

Nemahi kapitunan kang nyata

Amarga lena marang wektu

Kanggo manembah marang Gusti

Kang Murbeng Dumadi

Mesthi ora bakal

antuk kapitunan


Manungsa kang ora bakal kapitunan yaiku manungsa kang....

a)

migunakake wektu kanggo manembah marang Gusti

b)

migunakake wektu kanggo kesenengan pribadi

c)

migunakake wektu kanggo ngupadi bandha

d)

migunakake wektu kanthi ora perduli

e)

migunakake wektu sageleme dhewe

14.

Wektu

Mungkuring wektu

Padha ilining ranu lan,

tan kena diambali

Satemene manungsa iku

Nemahi kapitunan kang nyata

Amarga lena marang wektu

Kanggo manembah marang Gusti

Kang Murbeng Dumadi

Mesthi ora bakal

antuk kapitunan

Ngisor iki tumindake wong kang ora bakal kapitunan, kejaba....

a)

nindakake kabecikan

b)

iman marang Gusti

c)

netepi kewajiban

d)

ngliwakake kewajiban

e)

manembah marang Gusti

15.

Purwakanthi saka tembung purwa kang nduweni teges....

a)

kanthi

b)

wiwitan

c)

runtut

d)

gandheng

e)

tembung swara

16.

Sorene sore jingga

wengine wengi biru.

Ukara ing ndhuwur kalebu purwakanthi...

a)

purwakanthi guru gatra

b)

purwakanthi lumaksita

c)

purwakanthi guru swara

d)

purwakanthi guru sastra

e)

purwakanthi guru wilangan

17.

olehe ngetung kudu ditaker

pasang pathok kudu bener

Ukara ing ndhuwur kalebu purwakanthi...

a)

purwakanthi lumaksita

b)

purwakanthi guru gatra

c)

purwakanthi guru swara

d)

purwakanthi guru sastra

e)

purwakanthi guru wilangan

18.

Bab-bab wigati sing kudu digatekake nalika maca geguritan yaiku kejaba....

a)

Intonasi

b)

Ekspresi

c)

Volum swara

d)

Paragaan

e)

resonasi

19.

Pas anggone munggah mudhune swara diarani....

a)

tempo

b)

irama

c)

nada

d)

jeda

e)

aksentuasi

20.

Sing ora kalebu bab sing kudu dipahami nalika maca geguritan, yaiku....

a)

maos geguritan kanthi teliti

b)

praupan lan obahe awak kang pas karo isi geguritan

c)

nemtokake dhiksi kang pas lan khas

d)

nalika medhot sawetara diwenehi tandha (/) lan kanggo sigeg wenehana tandha (//)

e)

nglatih maos tembung sing dianggep angel kanthi terus dieling-eling

21.

Geguritan awujud tembang lan kaperang dadi pupuh-pupuh tembang kang nggatekake guru gatra, guru lagu lan guru wilangan yaiku geguritan....

a)

tradhisional

b)

ndesa

c)

gagrak anyar

d)

gagrak lawas

e)

modern

22.

Ing ngisor iki kalebu purwakanthi guru swara, kejaba....

a)

kulite kuning kadi mas sinangling

b)

wedang bubuk gula Jawa, yen wis ngantuk takonana

c)

jago kate, wanine ning tritikane

d)

Pak Kerta tuku kretu numpak kreta

e)

kara ana gemake, ngaku jaka ana anakke

23.

Bedane geguritan lan gancaran iku manggon ing babagan....

a)

basa

b)

isi

c)

ancas

d)

wujud

e)

pangripta

24.

Sing diarani geguritan ing basa Indonesia yaiku....

a)

puisi

b)

cerpen

c)

paragraf

d)

bait

e)

novel

25.

Yen isine geguritan iku sedhih, polatane sing maca kudu ....

a)

katon seneng supaya sing ngrungokake melu seneng

b)

katon bungah supaya sing ngrungokake melu bungah

c)

katon nelangsa supaya sing ngrungokake melu sedhih

d)

katon sedhih supaya sing ngrungokake melu seneng

e)

katon bungah supaya sing ngrungokake melu sedhih