Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Cerita Wayang

Total questions: 31

Worksheet time: 19mins

Name
Class
Date
1.

Paraga-paraga wayang iki sing ora nduweni watek ala, yaiku ...

a)

Duryudhana

b)

Dursasana

c)

Arjuna

d)

Sengkuni

e)

Citraksa

2.

Sawijine tokoh sajrone crita Mahabharata, putrane Bimasena (Bima) utawa Werkodara saka kulawarga Pandhawa. Ibune Hidimbi (Arimbi) asale saka bangsa raseksa. Misuwur/terkenal kanthi "otot kawat balung wesi”. Tokoh kasebut diarani ...

a)

Drupada

b)

Gatotkaca

c)

Anoman

d)

Kartamarma

e)

Kresna

3.

Paraga-paraga wayang iki sing ora kalebu pandhawa, yaiku ...

a)

Nakula

b)

Arjuna

c)

Kresna

d)

Sadewa

e)

Werkudara

4.

Tokoh wayang kasebut pambarepe Pandhawa. Satriya alus, sabar, setya, jujur, lan ora tau nesu. Getihe putih lan nduwe jimat Kalimasada. Tokoh kasebut, yaiku Puntadewa.

a)

Bener

b)

Salah

5.

Bageyan struktur teks crita wayang sing nuduhake yen paraga ing crita wiwit ngalami prakara sing bakal dadi inti lan ndadekake aluring crita, diarani orientasi

a)

Bener

b)

Salah

6.

Tokoh wayang ing gambar kasebut, diarani ...

a)

Gareng

b)

Semar

c)

Petruk

d)

Bagong

e)

Sengkuni

7.

Tokoh wayang kasebut putra pambarepe/sulunge Prabu Drestarasta sing jenenge ...

a)

Duryudhana

b)

Dursasana

c)

Citraksa

d)

Citraksi

e)

Durmagati

8.

Watek apik kang diduweni Duryudhana, yaiku ora sombong lan jujur.

a)

Bener

b)

Salah

9.

Tokoh wayang kasebut yaiku putrine Prabu Drupada saka Kerajaan Pancala sing lair saka geni suci asil pertapane Prabu Drupada sing jenenge ...

a)

Srikandhi

b)

Drupadi

c)

Arimbi

d)

Kunti

e)

Gandari

10.

Pandhawa kuwi sejatine saduluran karo Kurawa, nanging dadi musuhan amarga ...

a)

Rajane ora adil marang Pandhawa lan Kurawa

b)

Kurawa kuwi licik

c)

Kena hasut lan kalicikane Sengkuni, Kurawa dadi ora seneng karo Pandhawa

d)

Pandhawa seneng nggawe gara-gara karo Kurawa

e)

Duryudhana kalah perang

11.

Pandhawa iku cacahe ana 6.

a)

Bener

b)

Salah

12.

Arjuna nduweni jeneng liya, yaiku ...

a)

Bima

b)

Janaka

c)

Yudhistira

d)

Gatotkaca

e)

Anoman

13.

Werkudara nduweni jeneng liya ...

a)

Bima

b)

Arjuna

c)

Janaka

d)

Nakula

e)

Yudhistira

14.

Yudhistira iku wateke licik.

a)

Bener

b)

Salah

15.

Paraga-paraga wayang ing gambar kasebut diarani ...

a)

Pandhawa

b)

Kurawa

c)

Punakawan

d)

Wayang golek

e)

Prajurit Kurawa

16.

Paraga-paraga ing gambar wayang kasebut diarani ...

a)

Pandhawa

b)

Kurawa

c)

Punakawan

d)

Prajurit Kurawa

e)

Wayang kulit

17.

Tokoh-tokoh sajrone crita wayang iki sing awatek ala/jahat lan ora pantes dadi suri tauladan yaiku ...

a)

Kurawa

b)

Arjuna

c)

Nakula

d)

Punakawan

e)

Sadewa

18.

Punakawan iku cacahe ana 5.

a)

Bener

b)

Salah

19.

Punakawan sing paling tuwa, yaiku Semar.

a)

Bener

b)

Salah

20.

Sedulure pandhawa sing nomer 3, yaiku ...

a)

Bima

b)

Arjuna

c)

Nakula

d)

Sadewa

e)

Puntadewa

21.

Jenenge ibune para Pandhawa, yaiku Dewi Kunti.

a)

Bener

b)

Salah

22.

Pusakane Raden Janaka, yaiku Kuku Pancanaka.

a)

Bener

b)

Salah

23.

Jenenge bapake Pandhawa, yaiku ...

a)

Destrarastra

b)

Pandhu

c)

Duryudana

d)

Sengkuni

e)

Bhisma

24.

Sing ora kalebu Punakawan, yaiku ...

a)

Semar

b)

Gareng

c)

Petruk

d)

Gatotkaca

e)

Bagong

25.

Gambar paraga wayang iku nuduhake salah sijine anggota kulawarga pandhawa kang sinebut ... nduweni kuku pancanaka lan anak sing paling bagus dhewe.

a)

Puntadewa

b)

Arjuna

c)

Bima

d)

Nakula

e)

Sadewa

26.

Wayang iku jenise maneka werna, Adedasar paraga wayang sing digunakake ana wayang sing awujud gambar/ lukisan, wayang iku diarani

a)

Wayang wong

b)

Wayang Beber

c)

Wayang Suket

d)

Wayang Purwa

e)

Wayang Madya

27.

Cerita wayang sing ngandharake ngenai ceritane Pandawa lan perange kari kurawa yaiku ..

a)

Rama Tambak

b)

Bale Sigala-gala

c)

Cupu Manik Asta Gina

d)

Barata Yudha

e)

Anoman Obong

28.

Ing ngisor iki sing minangka perangane wayang adhedasar cerita sing digunakake yaiku ...

a)

Wayang Purwa

b)

Wayang Madya

c)

Wayang Kancil

d)

Wayang Pembangunan

e)

Wayang Wong

29.

Nama wayang ing nginggil inggih menika….

a)

Sadewa

b)

Yudhistira

c)

Werkudara

d)

Puntadewa

e)

Gathottkaca

30.

Arjuna kejaba sugih bojo, uga sugih kawruh ( ilmu ), sugih gaman lan mantran, sugih guru. Meguru marang Begawan Padmanaba antuk aji telung warna, yaiku: 1. Aji Sepiangin, dayane aji yen kawateg, kebating lakune Arjuna tan prabeda kaya kebating angin. Lakune bisa ngungkuli lakuning barat, 2. Aji Malayabumi, Arjuna bisa ilang sapalungguhan, 3. Aji Sempaliputri, Arjuna bisa manijing ajur ajer. Pusakane pirang-pirang. Kang asring digunakake: Keris Pulanggeni, Kalanadhah, Panah Merdaging, Rodha Dhadhali, Haryas Sangkala, Sarutama, Pasopati. Arjuna menika lakunipun saged rikat sanget amargi kagungan….

a)

Aji Sepiangin

b)

Aji Malayabumi

c)

Aji Sempaliputri

d)

Rodha Dhadhali

e)

Panah Merdaging

31.

Prabu Puntadewa menika nata saking negari Ngamarta, putra pembayunipun Prabu Pandhu Dewanata patutan kaliyan Dewi Kunthi Talibrata. Prabu Puntadewa wiwit mudha taruna sampun misuwur minangka satriya ingkang adil paramarta, sabar drana, boten nate dora, tansah welas asih, lan lila legawa. Sinaosa asring dipunpilara sedherekipun, para Kurawa, dipunarah pati uga garwa kinasihe, Prabu Puntadewa tansah sabar. Sang Prabu ugi dados patuladhan minangka jejering satriya ingkang tansah mikul dhuwur mendhem jero dhumateng tiyang sepuh ugi gurunipun.


Piwulang budi pekerti ingkang boten trep kaliyan cariyos wayang ing nginggil inggih menika…

a)

Satriya menika kedah kurmat dhumateng gurunipun.

b)

Dados manungsa menika kedah tumindak ingkang jujur.

c)

Tiyang ingkang jujur menika saged dados lantaraning pati.

d)

Minangka putra kedah saged njagi drajatipun tiyang sepuh.

e)

Manungsa menika kedah sabar saking pacoban menapa kemawon.