Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ASESMEN SUMATIF 1 KELAS 8

Total questions: 25

Worksheet time: 55mins

Name
Class
Date
1.

Pawarta sumebare bisa ing medhia cetak lan medhia elektronik. Sing lewat medhia cetak yaiku...

a)

Radio

b)

TV

c)

TikTok

d)

Ariwarti

2.

Pawarta lesan biasane kagiarake lumantar....

a)

Kalawarta

b)

Radio

c)

Ariwarti

d)

pamplet

3.

Pokok isine pawarta sing nuduhake bab sing njalari prastawa bisa kedadean diarani...

a)

Apa

b)

Kena apa

c)

Sapa

d)

Ana ing ngendi

4.

"Gubernur Jawa Timur Khofifah Indar Parawansa ing kalodhangan Kegiatan Peningkatan Kompetensi Guru Bahasa Daerah Jenjang SMA Tingkat Provinsi Jawa Timur Tahun 2023 ing Kota Malang (10/7/2023) kapungkur paring sambutan kang cukup ndudut ati gegayutan karo pembelajaran bahasa daerah. Salah sijine, yaiku ndhawuhake supaya ana sedina jroning seminggu ing sekolah wajib nggunakake busana lan basa daerah."

Sapa paraga sing nglakoni prastawa sing disebutake ing pethikan pawarta kasebut?

a)

Gubernur Jawa Tengah

b)

Gubernur Yokyakarta

c)

Gubernur Jawa Timur

d)

Gubernur Jawa Barat

5.

"Taman Hiburan Rakyat (THR) lan Taman Remaja Surabaya (TRS) sing sasuwene iki mangkrak lan dadi bebondhotan kahanane bakal dibangun maneh dening Pemkot Surabaya. Papan hiburan legendaris kang dumunung ing Jalan Kusuma Bangsa Surabaya kasebut bakal diwiwiti pembangunane ing taun 2023 iki lan didadekake sak kompleks minangka papan wisata kang murah."

Ana ing endi prastwa sing diwartakake ing pratelan pawarta kasebut?

a)

Jalan Kusuma Bangsa Sidoarjo

b)

Jalan Kesuma Bangsa Surabaya

c)

Jalan Kusuma Bangsa Surabaya

d)

Jalan Bangsa Kusuma Surabaya

6.

Ing ngisor iki sing kalebu titikane pawarta sing becik, kajaba...

a)

Unik

b)

Aktual

c)

Objektif

d)

Subjektif

7.

Ora mihak salah siji lan sijine pawongan utawa lembaga tartamtu, kalebu titikan pawarta sing becik yaiku...

a)

Subjektif

b)

Aktual

c)

Objektif

d)

Faktual

8.

Kumala arep rekaman maca pawarta, bab sing kudu digatekake Kumala nalika maca pawarta yaiku...

a)

Langsung maca pawarta tanpa mangerteni isinene

b)

Nggatekake pocapan/lafal aksara vokal utawa konsonan

c)

Kanthi polah sing sakarepe dhewe

d)

Kanthi pocapan sing ora jelas

9.

Gubernur Jawa Timur, Khofifah Indar Parawansa lan Bupati Trenggalek, Mochamad Nur Arifin kepareng nandur terumbu karang ing kawasan Pantai Trenggalek Mutiara durung suwe iki. Gubernur ngandhakake, iki ditindakake minangka upaya nguntapake Jawa Timur menyang era bule Economi (ekonomi biru).

"Blue economy yakuwi manfaatake sumber daya laut kanthi nggatekake kelestariane. Dampake katon banget ing pertumbuhan ekonomi, karaharjan, lan lapangan kerja ing lingkungan laut sing duwe pengaruh positif uga marang kesehatan ekosistem laut," ujare.

Pratelen ing ngisor iki jumbuh karo pawarta ing ndhuwur yaiku...

a)

Gubernur Jawa Timur lan Bupati Tulungagung nandur terumbu karang.

b)

Blue Economy njalari pertumbuhan ekonomi saya angel.

c)

Blue Economy manfaatake sumber daya laut kanthi nggatekake kelestariane.

d)

Blue Economy duwe pengaruh negatif marang kesehatan ekosistem laut.

10.

Gubernur Jawa Timur, Khofifah Indar Parawansa lan Bupati Trenggalek, Mochamad Nur Arifin kepareng nandur terumbu karang ing kawasan Pantai Trenggalek Mutiara durung suwe iki. Gubernur ngandhakake, iki ditindakake minangka upaya nguntapake Jawa Timur menyang era Blue Economy (ekonomi biru).

"Blue economy yakuwi manfaatake sumber daya laut kanthi nggatekake kelestariane. Dampake katon banget ing pertumbuhan ekonomi, karaharjan, lan lapangan kerja ing lingkungan laut sing duwe pengaruh positif uga marang kesehatan ekosistem laut," ujare.

Pokok isine pawarta sing nuduhake bakuning pawarta ing pratelan kasebut yaiku...

a)

Era Blue Economy

b)

Pantai Trenggalek Mutiara

c)

Terumbu karang

d)

Gubernur Jawa Timur lan Bupati Trenggalek

11.

Pitakonan sing nuduhake bab sing njalari prastawa ing pawarta kedadean disebut...

a)

Kapan

b)

Sapa

c)

Kena apa

d)

Apa

12.

Pawarta sing becik iku kudu aktual. Tegese aktual yaiku...

a)

Bisa narik kawigaten

b)

Ora mihak siji lan sijine pawongan utawa lembaga.

c)

Pawarta kudu adhedhasar kasunyatan.

d)

Isine pawarta sing diandharake isih anyar.

13.

"... waspada supaya kasus lelara gabag tumrap bocah-bocah iki bisa ditangani kanthi premati lan sumebare ora saya ndadra."

Tembung premati tegese...

a)

Waspada

b)

Awas

c)

Ala

d)

Becik

14.

"Para pamiyarsa, mekaten pawarta basa Jawi ingkang saged kula aturaken."

Ing ngisor iki tandha pedhotan sing trep kanggo maca pratelan pawarta kasebu yaiku...

a)

Para pamiyarsa, mekaten/ pawarta basa Jawi ingkang saged kula/ aturaken.

b)

Para pamiyarsa/ mekaten pawarta basa Jawi/ ingkang/ saged kula aturaken.

c)

Para pamiyarsa/mekaten pawarta basa Jawi/ingkang saged kula aturaken.

d)

Para pamiyarsa/ mekaten pawarta/ basa Jawi ingkang/ saged kula aturaken.

15.

Pitakonan sapa wangsulane nuduhake...

a)

Wektu dumadine prastawa

b)

Paraga sing duwe gegayutan karo prastawa

c)

Papan panggonan dumadine prastawa

d)

Kena apa prastawa iku bisa kedadean

16.

"Kasus gabagen iki kedadean amarga kurange cakupan imunisasi MR/MMR, Mula kuwi tumrap wong tuwa kudu mesthekake yen anake wis entuk vaksinasi lengkap," tandhase.

Ora lali Gubernur Khofifah meling marang masyarakat yen ngalami gejala demam lan mblentong-mblentong abang ing awak, enggal wae digawa menyang puskesmas utawa fasilitas kesehatan sing paling cedhak.

Kasus gabagen kedadean amerga...

a)

Bocah-bocah durung antuk imunisasi

b)

Kurang cakupan imunisasi MR/MMR

c)

Penyakit gabag gampang nular

d)

mblentong-mblentong abang ing awak

17.

"Kasus gabagen iki kedadean amarga kurange cakupan imunisasi MR/MMR, Mula kuwi tumrap wong tuwa kudu mesthekake yen anake wis entuk vaksinasi lengkap," tandhase.

Ora lali Gubernur Khofifah meling marang masyarakat yen ngalami gejala demam lan mblentong-mblentong abang ing awak, enggal wae digawa menyang puskesmas utawa fasilitas kesehatan sing paling cedhak.

Pratelan iki jumbuh karo paragrap ing dhuwur, kajaba...

a)

Bocah sekolah kudu antuk imunisasi lengkap

b)

Kanggo nyegah penyakit gabag perlu imunisasi MR

c)

Gejala penyakit gabag yaiku demam lan mblentong-mblentong abang

d)

Yen wis ana gejala penyakit gabag enggal digawa menyang Puskesmas.

18.

Papan hiburan legendaris kang dumunung ing Jalan Kusuma Surabaya kasebut bakal diwiwiti pembangunane.

Tembung dumunung tegese...

a)

ninggal

b)

kahanan

c)

manggon

d)

wektu

19.

Bab-bab sing kudu digatekake nalika nulis pawarta yaiku...

a)

Nulis nganggo ukara-ukara sing ora baku

b)

Nemtukake gambar sing cocog karo pawarta

c)

Nulis saparagraf langsung.

d)

Nulis pokok-pokok isine pawarta.

20.

Ukara sing jejere nindakake pakaryan disebut...

a)

Ukara tanggap

b)

Ukara tanduk

c)

Ukara pitakon

d)

Ukara sambawa

21.

Bukune Arga disilih Ayu awan mau. Ukara kasebut yen diowahi dadi ukara tanduk dadi...

a)

Mau awan, Ayu nyilih bukune Arga.

b)

Mau awan, bukune Ayu disilih Arga.

c)

Arga nyilih bukune Ayu mau awan.

d)

Bukune Ayu disilih Arga mau awan.

22.

Ukara tanduk ing ngisor iki bisa diowahi dadi ukara tanggap kajaba...

a)

Bita mangan tahu.

b)

Ari nyekel buku.

c)

Bebek ngendhog wolu.

d)

Adi tuku buku.

23.

Gubernur Jawa Timur, Khofifah Indar Parawangsa ngelingake marang kabeh warga masyarakat amrih waspada marang anane penyakit gabag lan rubella.

Ukara kasebut kalebu jinising ukara...

a)

Tanduk

b)

Tanggap

c)

Pitakonan

d)

Pakon

24.

Tuladhane ukara tanggap ing ngisor iki yaiku...

a)

Mas Joko nandur pari ing sawah.

b)

Porprov kaping VIII taun iki dianakake ing Sidoarjo.

c)

Mbak Siti mbakar daging pitik.

d)

Angelica macakake pawarta ing Pojok Kampung JTV.

25.

Mas Edi ngombe kopi ing ngarep. Ukara kuwi yen diowahi dadi ukara tanggap dadi...

a)

Kopine diombe Mas Edi ing ngarep.

b)

Mas Edi ngombe es teh ing ngarep.

c)

Kopi ngombe Mas Edi ing ngarep.

d)

Ing ngarep, Mas Edi ngombe kopi.