Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PERSIAPAN PTS GASAL BAHASA JAWA - TEKS PIDHATO (TEMA 1) BAG. 2

Total questions: 15

Worksheet time: 9mins

Name
Class
Date
1.

"Cekap semanten anggen kula matur. Menawi wonten lepatipun atur, kula nyuwun agunging pangaksama."

Ukara kasebut kalebu perangan....

a)

wasana

b)

surasa

c)

salam pambuka

d)

pambuka

2.

Basa sing digunakake nalika siswa pidhato ing ngarepe guru lan kepala sekolah, yaiku....

a)

ngoko lugu

b)

krama madya

c)

krama alus

d)

ngoko alus

3.

Metode pidhato kanthi nggawa cathetan cilik babagan kang wigati utawa penting sak isine pidhato diarani metode .....

a)

ekstemporer

b)

impromtu

c)

apalan

d)

naskah

4.

Patrap tangan nalika nindakake pidhato diarani ....

a)

sedhakep

b)

mbanda tangan

c)

ngapurancang

d)

salaman

5.

Nalikane pidhato jumeneng jejeg ananging ora kaku, sikil ora mepet utawa mbegagah, ora ndhingkluk utawa ndhangak, ora kakean obah, lan pandengan kudu madhep kabeh pamiarsa ora mung kendel ing sak panggon wae.

Pranyatan ing dhuwur mratelake babagan ....

a)

subasita

b)

patrap

c)

busana

d)

swara

6.

Kang diarani pidhato yaiku ....

a)

ngudharake pokok pikiran awujud tulisan kanggo wong tartamtu kanthi ancas tartamtu

b)

njlentreh pokok pikiran awujud tetembungan ing sangarepe wong akeh kanthi ancas tartamtu

c)

nampa rawuhe tamu kang ana ing adicara tartamtu kayata syukuran, tanggap warsa, lan sapanunggalane

d)

manehi katrangan marang para pamireng kayata lapuran, lan sapanunggalane

7.

Gatekna pranyatan ing ngisor iki.

1. medhar sabda

2. manehi informasi

3. tanggap wacana

4. tanggap warsa

Kang klebu dasanamane pidhato KAJABA ....

a)

1-2

b)

1-3

c)

3-4

d)

2-4

8.

Gatekna pranyatan ing ngisor iki.

1. manehi informasi

2. paring panglipur

3. manehi atur pambagya

4. mbujuk utawa pangajak

Sing klebu ancase pidhato yaiku ....

a)

1-2 wae

b)

2-4 wae

c)

2 thok

d)

bener kabeh

9.

Pidhato kanggo nampa rawuhe para tamu kang rawuh ing sawijine adicara tartamtu kasebut ....

a)

manehi katrangan/informasi

b)

paring panglipur

c)

medhar sabda

d)

atur pambagya

10.

Gatekna pranyatan ing ngisor iki.

1. surasa

2. wusana

3. adangiyah

4. salam pambuka

  1. 5. salam panutup

  2. Sing klebu perangane pidhato KAJABA ....

a)

1-2-3-4

b)

1-2 wae

c)

3 wae

d)

4-5 wae

11.

Cara pidhato kang ora nganggo persiapan utawa ora direng-reng anggone arep sesorah luwih dhisik, kasebut metode ....

a)

ekstemporer

b)

impromptu

c)

naskah

d)

apalan

12.

Metode pidhato kanthi nggawa cathetan babagan kang wigati saka isine pidhato banjur dibabarake ana ing ngarep nalika pidhato kasebut ....

a)

impromptu

b)

ekstemporer

c)

naskah

d)

apalan

13.

Nalika Pidhato, ana bab-bab kang kudu digatekake dening pamedhar sabda, yaiku olah swara, busana, subasita, basa lan sastra, uga patrap.

Nalika sesorah, solah bawa lan carane omongan becike aja digawe-gawe. Uga ora prayoga menawa kakehan obah. Luwih becik anteng, manteb, ananging ora kaku.

Pranyatan kasebut diarani ....

a)

olah swara

b)

busana

c)

basa lan sastra

d)

subasita

14.

Dina Minggu, Kalurahan Giritontro nindakake adicara merti desa. Merti desa iku salah sawijine

tradhisi kang nduweni ancas kanggo sukuran tumrap kaslametan, karaharjan, lan rejeki

saking Gusti Allah. Ing adicara kasebut, Pak Lurah paring pidhato kanggo miwiti adicara

kasebut.

Miturut panemumu, pidhato sing ditindakake dening Pak Lurah kasebut nduweni

ancas apa? Metode pidhato apa sing ditrepake dening Pak Lurah? Jlentrehna!

a)

atur pambagya. becike nganggo metodhe ekstemporer supaya runtut anggone medhar babagan wigati nyambut para rawuh

b)

paring panglipur kanthi metode apalan supaya bisa luwes anggone caos panglipuran marang para pamireng

c)

manehi informasi. becike nganggo metodhe eksptemporer supaya anggone pidhato persis kaya sing dikarepake

d)

sarana mbujuk kanthi metodhe apalan supayane ora lali marang apa sing arep diaturke

15.

Kanggo mengeti Dina Kamardikan Indonesia, Desa Jatirejo nindakake adicara pentas seni. Ing adicara kasebut, Mas Azka kadhapuk dadi ketua acara. Pentas senine bakal ditindakake dina Setu bengi. Dina Jumat sore, mas Azka wis wiwit nyawisake rasukan uga sepatu kang bakal dienggo nalika pidhato pambukaan ing acara kasebut. Miturut panemumu, klambi lan sepatu kaya ngapa sing pantes digunakake Mas Azka nalika medharake pidhato?

a)

kaos polo uga sepatu kat

b)

jaket kulit uga sepatu slop

c)

rasukan beskap uga sepatu sandal

d)

Rasukan hem batik uga sepatu pantofel