Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

LATIHAN PTS GASAL BAHASA JAWA - BAG. 2

Total questions: 15

Worksheet time: 14mins

Name
Class
Date
1.

Aji-ajine Adipati Karna sing bisa ngetokake buta akeh banget diarani ....

a)

Kalalupa

b)

Naracabala

c)

Pulanggeni

d)

Kuntawijayadanu

2.

Gatekna pranyatan ing ngisor iki!

1. Adipati Karna iku putrane Bathara Indra lan Dewi Kunthi.

2. Tembung karna iku nduweni teges weteng.

3. Sing ngusiri Adipati Karna ing perang Baratayuda iku simbahe dhewe, yaiku Prabu Salya.

4. Nalika isih bayi, Karna ditemokake dening kusir Adirata ing kali.

Pranyatan sing bener ngenani Adipati Karna, yaiku nomer ....

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

3.

Pitutur luhur sing bisa dijupuk saka lakon crita wayang "Karna Madeg Senapati", yaiku....

a)

sapa nandur bakal ngunduh

b)

mbelani bangsa lan negara amarga wujud saka sikep kaprawiran lan wales budi

c)

sing salah iku kudu dibela

d)

padha sedulur ora oleh perang ing palagan

4.

Yen arep nanggepi isi wacan, kudu maca kanthi kaping ....

a)

pisan

b)

pindho

c)

bola-bali

d)

telu

5.

Ing ngisor iki sing klebu pranyatan sing salah ngenani basa nalika gawe ringkesan, yaiku ....

a)

ora kudu pada karo wacan asline

b)

nggatekake unggah ungguh basa

c)

nggunakake basa sing sopan

d)

kudu padha karo wacan asline

6.

Kang diarani pidhato yaiku ....

a)

ngudharake pokok pikiran awujud tulisan kanggo wong tartamtu kanthi ancas tartamtu

b)

njlentreh pokok pikiran awujud tetembungan ing sangarepe wong akeh kanthi ancas tartamtu

c)

nampa rawuhe tamu kang ana ing adicara tartamtu kayata syukuran, tanggap warsa, lan sapanunggalane

d)

manehi katrangan marang para pamireng kayata lapuran, lan sapanunggalane

7.

Gatekna pranyatan ing ngisor iki.

1. surasa

2. wusana

3. adangiyah

4. salam pambuka

  1. 5. salam panutup

  2. Sing klebu perangane pidhato KAJABA ....

a)

3 wae

b)


1-2-3-4

c)

1-2 wae

d)

4-5 wae

8.

Gatekna pranyatan ing ngisor iki.

1. manehi informasi

2. paring panglipur

3. manehi atur pambagya

4. mbujuk utawa pangajak

Sing klebu ancase pidhato yaiku ....

a)

1-2 wae

b)

2 thok

c)

2-4 wae

d)

bener kabeh

9.

Gatekna pranyatan ing ngisor iki.

1) Salam pambuka : Assalamu'alaikum wr wb.

2) Atur pakurmatan : marang para tamu undangan.

3) Adangiyah : Salam uga atur puji syukur.

4) Atur puji syukur marang Gusti.

5) Surasa : Sejarah ringkes R.A Kartini lan watake kang kudu ditiru.

6) Wusana : Atur nyuwun pangapura uga salam panutup.

Sing kagolong cengkorongan pidhato kanthi tema Pengetan Dinten Kartini ing dhuwur KAJABA ....

a)

1-3-6

b)

2-3-5

c)

2-6

d)

3

10.

Nalika Pidhato, ana bab-bab kang kudu digatekake dening pamedhar sabda, yaiku olah swara, busana, subasita, basa lan sastra, uga patrap.

Nalika sesorah, solah bawa lan carane omongan becike aja digawe-gawe. Uga ora prayoga menawa kakehan obah. Luwih becik anteng, manteb, ananging ora kaku.

Pranyatan kasebut diarani ....

a)

busana

b)

subasita

c)

olah swara

d)

basa lan sastra

11.

Asmane rama lan ibune Adipati Karna, yaiku....

a)

Raden Werkudara lan Dewi Arimbi

b)

Prabu Pandhu Dewanata lan Dewi Kunthi

c)

Bathara Surya lan Dewi Kunthi

d)

Raden Duryudana lan Dewi Banowati

12.

Geneya pasuryane Adipati Karna memper karo Raden Janaka?

a)

amarga Adipati Karna isih sedulur Janaka kang tunggal rama ananging seje ibu

b)


amarga Adipati Karna isih sedulur Nakula kang tunggal ibu ananging seje rama

c)

amarga Adipati Karna isih sedulur Duryudana kang tunggal ibu ananging seje rama

d)


amarga Adipati Karna isih sedulur Janaka kang tunggal ibu ananging seje rama

13.

Kena ngapa Adipati Karna gelem mbelani Kurawa sanajan Kurawa nduweni watak angkara murka?

a)

amarga Adipati Karna rumangsa kepotangan budi wis diparingi drajat kamukten dening nagara ngastina uga para kurawa

b)


amarga Adipati Karna rumangsa kepotangan budi wis diparingi drajat kamukten dening nagara amarta uga para pandhawa

c)

amarga Adipati Karna mangerteni para agul-agule negara ngastina wis arep entek

d)


amarga Adipati Karna rumangsa abot kudu mbelani kurasa kang sejatine duweni watak angkara murka

14.

Kena ngapa Adipati Karna gugur dadi kusumaning bangsa?

a)


amarga dheweke gugur lantaran mbelani garwane kang asesilih Dewi Surtikanthi

b)

amarga dheweke gugur lantaran mbelani tindak tanduke kurawa kang jumeneng nata ing Ngastina

c)

amarga dheweke gugur lantaran mbelani negarane, yaiku Ngastina

d)

amarga dheweke gugur lantaran mbelani Ngastina sing wis paring bayaran arupa redana

15.

Gatekna pranyatan ing ngisor iki.

1) Adipati Karna Putrane Bathara Surya karo Dewi Kunthi ananging dilarung ana kali.

2) Banjur tinemu dening Kusir Adirata banjur diangkat putra.

3) Adipati Karna krama karo Dewi Surtikanthi putrine Prabu Salya.

4) Adipati Karna remen beguru marang para resi lan remen tetanen.

5) Nalika Perang Baratayudha, Adipati Karna madeg dadi senapatine ngastina.

6) Adipati Karna Gugur dening panah.e Raden Janaka sing ngenani janggane.

Sing gumathok klebu perangan ringkesane crita Adipati Karna ing dhuwur KAJABA ....

a)

1

b)

2

c)

4

d)

6