Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Asesmen Bahasa Jawa Kelas 4_BAB 2_Pacelathon

Total questions: 16

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Teks percakapan utawa dialog ing Basa Jawa diarani ....

a)

geguritan

b)

parikan

c)

pachelathon

d)

tembang

2.

Teks pachelathon iku katulis kanthi wujud ...

a)

gancaran (prosa)

b)

pada (bait)

c)

imbal wacana (dialog)

d)

geguritan (puisi)

3.

Sakabehane ukara ing teks pacelathon iku nggunakake ...

a)

ukara kandha (kalimat langsung)

b)

ukara crita (kalimat ora langsung)

c)

ukara pakon (kalimat perintah)

d)

ukara panjaluk (kalimat permohonan)

4.

isine teks pachelathon yaiku ...

a)

muji Gusti kang Maha Kuwasa

b)

nelakake rasa tresna asih

c)

nyritakake lelakone manungso

d)

pangajak lan panerangan

5.

cacahing paraga (tokoh) ing teks pacelathon yaiku ana ...

a)

loro utawa luwih

b)

akeh banget

c)

siji utawa luwih

d)

ora bisa dietung

6.

salah siji titikane teks pachelathon yaiku ...

a)

ukara ing teks pachelahon dawa boseni

b)

cacahing paraga akeh banget

c)

nggunakake ukara pakon

d)

ukara ing teks pacelathon cekak aos

7.

Bu Dewi : Surti, kowe arep nyang ndi?

Surti : ...

ukara kang trep kanggo njangkepi pacelathon ing dhuwur yaiku ...

a)

nyang omahe budhe

b)

dhateng dalemipun budhe

c)

nyang griyane budhe

d)

tindak griyane budhe

8.

Tuladha teks pacelathon nggunakake ngoko alus yaiku ...

a)

kanca sing wis rumiket

b)

ibu marang bapak

c)

wong kang durung akrab utawa durung kulina

d)

marang wong kang diajeni banget

9.

guru basa Jawa ing sekolahku ..... Bu Lanny

a)

asmane

b)

jenenge

c)

namine

d)

namane

10.

jam setengah pitu Ibu Eny wis rawuh ing sekolahan. Ukara kasebut miturut unggah-ungguhe migunakake basa...

a)

ngoko lugu

b)

krama lugu

c)

ngoko alus

d)

krama alus

11.

ukara ing ngisor iki kang bener unggah-ungguhe yaiku...

a)

griyane bu Rukmini Bangunjiwo

b)

saderengipun adus kula ngrencangi ibu

c)

namane bapakku Pak Tono

d)

simbah nembe tilem

12.

Pacelathone anak marang bapak nggunaake basa ...

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

13.

"Bapak badhe ... nopo?" Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara kasebut yaiku ...

a)

mangan

b)

nehda

c)

dhahar

d)

nginum

14.

Salah sawijine titikan teks pacelathon yaiku ...

a)

katulis kanthi wujud dialog (imbal wacana)

b)

mung nggunaake ukara crita

c)

diparagani dening pawongan siji

d)

nggunaake ukara sing ngambrawara

15.

Ibu mundhut gendhis kagem bu Rini. Ukara kasebut nggunaake basa ...

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

16.

ukara ing ngisor iki kang bener unggah-ungguhe yaiku...

a)

griyane bu Rukmini Bangunjiwo

b)

saderengipun adus kula ngrencangi ibu

c)

namane bapakku Pak Tono

d)

simbah nembe tilem