wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

BASA RINENGGA KLS 8

Total questions: 26

Worksheet time: 39mins

Name
Class
Date
1.

Widuri awake ...

Sanepa sing cocok kanggo kahanane Widuri yaiku ...

a)

Kuru banget

b)

Kuru semangka

c)

Lemu banget

d)

Abot kapuk

2.

Basa rinengga yaiku....

a)

Basa sing dipaesi utawa basa kang endah

b)

Basa Jawa kang alus banget

c)

Basa kang angel dingerteni

d)

Basa Jawa kang nduweni teges akeh

3.

Saben liwat tanduran sinawang ijo...

a)

Memplak

b)

Branang

c)

Royo-royo

d)

Gadhing

4.

Paribasan utawa pepatah jawa iku tujuan panulisane gawe menehi ... kanggo sopo wae. Kanggo sangu urip ana ing donya, paribasan kuwi uga saka uwong tuwa marang sing enom.

a)

unen-unen

b)

nasehat

c)

pacelathon

d)

guneman

5.

Dadi bocah aja .... senengane ghibah lan ora ana manfaate.

a)

lambene guwing

b)

tangane cekot

c)

nggenthong umos

d)

drijine bujel

6.

Samubarang apa wae mbutuhake ragat/dhuwit, laras karo sesantine kutha Jawa Timur. Paribasan sing trep kanggo pranyatan kasebut yaiku ....

a)

ancik-ancik pucuk eri

b)

tut wuri handayani

c)

sadumuk bathuk sanyari bumi

d)

jer basuki mawa beya

7.

Majune teknologi ora bisa dipungkiri utawa disingkiri. Kalebu sing dilakoni karo Pak Deni. Supaya bisa ngimbangi lakune jaman, Pak Deni sing biyen ora kulina nganggo HP, kepeksa kudu bisa nganggo HP. Amarga ora kulina, mulane Pak Deni rada kangelan. Pak Deni banjur njaluk diajari anake wadon sing isih SMP carane nganggo HP. Saiki Pak Deni wis lumayan bisa HP-an.

Unen-unen sing pas karo kahanane Pak Deni kasebut yaiku....

a)

Anak polah bapa kepradah

b)

Kebo kabotan sungu

c)

Gajah ngidak rapah

d)

Kebo nusu gudel

8.

Becik ketitik ala....

a)

ketampa

b)

kepara

c)

ketara

d)

rupamu

9.

Anak polah bapa kepradhah, tegese....

a)

tingkah polahe anak dadi tanggungjawab wong tuwane

b)

tingkah polahe bapak dadi tanggung jawab anak

c)

tumindak kanthi kesusu asile ora bakal maremake

d)

tingkah polah bapak bakal nurun neng anake

10.

Ridho lan Aldi tukaran amarga rebutan tutup polpen.

Unen-unen kang cocog kanggo kahanan kasebut yaiku ....

a)

asu belang kalung wang

b)

asu arebut balung

c)

rindhik asu digitik

d)

keplok ora tombok

11.

Budi durung mangan sore iki. Dheweke njagakne bapake sing lagi diundang tangga ngarep omah slametan. Bareng mulih, jebul bapake Budi ora ngasta berkat sega nanging berkate sembako mentahan kaya minyak, beras, gula & kecap. Sidane Deni kisinan lan keluwen amarga njagakne sega berkate bapake.

Unen-unen sing pas kanggo nggambarake kondisine Budi yaiku...

a)

Njagakne endoge pithik blorok

b)

Ngubak-ngubak banyu bening

c)

Kebo kabotan sungu

d)

Gajah ngidak rapah

12.

Unen-unen sing tegese wong mlarat/wong cilik nanging nduwe gegayuhan kang mokal kelakon, diarani ....

a)

cebol nggayuh lintang

b)

asu belang kalung wang

c)

kacang ora ninggal lanjaran

d)

kebat kliwat gancang pincang

13.

jinising basa rinengga kang titikane utawa ciri-cirine nganggo tembung kaya,lir, kadya, lan liya-liyane kang ngemu teges kaya diarani...

a)

bebasan

b)

saloka

c)

pepindhan

d)

paribasan

14.

Tegese paribasan

"Tuna satak bathi sanak" yaiku...

a)

wong kang rugi satus, nanging bathi paseduluran

b)

kekarepane lahir batine wis mantep banget

c)

wong kang tego rekasane, nanging ora tega marang patine sarana menehi pitulungan

d)

sapa sing salah wusanane bakal teluk utawa ngakoni

15.

Unen-unen kang ajeg panganggone, tegese wantah ora ngemu surasa pepindhane. Iku diarani ....

a)

Paribasan

b)

Wangsalan

c)

Bebasan

d)

Saloka

16.

Sepi ing pamrih rame ing gawe, bebasan iku tegese ....

a)

nduweni pengin barange kanca

b)

wong tuwa rekasa amarga polahe anak

c)

nindaake pegawean kanthi ora duwe kemelikan apa-apa

d)

karepe ngirit nanging malah entek akeh

17.

Wong bodho utawa wong pinter padha nemu rekasa utawa nemu cilaka.

Paribasane ...

a)

Busuk ketekuk pinter keblinger

b)

Becik ketitik ala ketara

c)

Adigang adigung adiguna

d)

Jer basuki mawa beya

18.

Esuk dele sore tempe, tegese ....

a)

uripe tansah kuwatir

b)

akeh wong kesusahan amarga ketaman bencana

c)

ora teteg atine, gampang molah-malih

d)

sipate wong tuwa tumurn menyang anak

19.

Mburu uceng kelangan dheleg tegese ....

a)

cedhak wong tumindak ala, bisa-bisa katut ala

b)

Wong sing ora anut pranatane negara

c)

Tumindake panggede dadi contone/panutane kawula alit

d)

Ngoyak bab sing cilik, kelangan bab sing gedhe ajine

20.

Sifate wong kuwi ora bakal kena diubah amarga ciri wanci lali ginowo mati. Tegese ciri wanci lali ginowo mati yaiku ....

a)

pakulinan ala ora bisa diowahi yen durung nganti mati

b)

wong sing ora anut pranatane negara

c)

wong sugih umuk nanging bodho

d)

ninggalake papan pasulayan

21.

Pakdhe Khasbi ngendikan yen arep tindak menyang Ponorogo esuk mau, nanging jebul ora sida. Ndilalah awan iki ing Tugu dalane kena longsor. Sukur Pakdhe ora sios tindak, nek nganti tindak Ponorogo mesthi ora bisa bali mulih.

Unen-unen kang cocog kanggo kahanane Pakdhe Khasbi yaiku ...

a)

Anggenthong umos

b)

Mrojol selaning garu

c)

Kebanjiran segara madu

d)

Becik ketitik ala ketara

22.

Pasedulurane kaya ......

a)

banyu karo lenga

b)

Mimi lan mintuna

c)

Dewi Ratih

d)

Kapuk diwusonu

23.

Diwenehi ati ngrogoh rempela, tegese ....

a)

wis diwenehi sathithik, banjur njaluk luwih akeh

b)

ora antep, atine molah malih

c)

bisane mung melu-melu, ora ngerti sing dikarepake

d)

sarwa cilaka, tansah kena paeka

24.

Amarga bingung ora ngerti dalan, Paijo thingak-thinguk kaya ...

a)

Gabah diinteri

b)

Bantheng ketaton

c)

Kethek ditulup

d)

Mimi lan mintuna

25.

Barja sesuk arep ulangan harian, nanging neng sisih omahe ana pengajian Ning Umi Laila sing rampunge nganti tengah wengi. Senajan ngantuk, sawise ngrungokake pengajian, dheweke tetep sinau supaya sesuk bisa nggarap ujian kanthi lancar.

Paribasan sing trep kanggo upayane Barja nglawan rasa ngantuke yaiku ...

a)

Durung pecus, keselak besus

b)

Rawe-rawe rantas, malang-malang putung

c)

Undhaking pawarta, sudaning kiriman

d)

Sepi ing pamrih, rame ing gawe

26.

Adhine Rama dijamoni ibune nganti nangis, pancen jamune rasane ...

a)

Pait madu

b)

Legi banget

c)

Kebanjiran segara madu

d)

Legi bratawali