Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Pretest Materi Cerkak

Total questions: 10

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.

Ing ngisor iki, sing paling jumbuh karo katrangan apa sing diarani cerkak utawa cerita cekak yaiku ....

a)

gancaran sing ngandharake sawijining kedadeyan utawa lelakon saka kawitan nganti pungkasan kanthi ringkes lan padhet

b)

rerangken sing awujud gancaran dawa sing ngandhut rerangken crita bab panguripan sawijining wong kanthi mratelakake watek lan sipate saben paraga

c)

kasusastran Jawa awujud rerangkening tetembungan sing endah lan nduweni teges sing kasisipake ana ing rerangkening basa mau

d)

tembang utawa puisi Jawa gagrag lawas sing kaiket paugerane, yaiku guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune

2.

Ing ngisor iki sing ora kalebu unsur intrinsik cerkak yaiku ....

a)

paraga/tokoh

b)

latar mangsa

c)

tema

d)

nilai sosial

3.

Underane perkara ing sawijining cerkak iku diarani ....

a)

pitutur luhur

b)

latar panggonan

c)

tema

d)

paraga

4.

Unsur intrinsik cerkak sing ngandharake wong-wong kang ana sing sajroning cerkak diarani ....

a)

latar

b)

paraga

c)

pitutur luhur

d)

tema

5.

Unsur intrinsik sing ngandharake papan lan mangsane kedadeyan sing ana ing sajroning cerkak diarani ....

a)

tema

b)

latar

c)

alur

d)

pitutur

6.

unsur instrinsik sing ngandharake urut-urutane cerita saka wiwitan tekang pungkasan diarani ....

a)

tema

b)

paraga

c)

alur

d)

sudhut pandhang

7.

Mapaning panganggit ana ing sajroning cerkak iku kalebu unsur intrinsik cerkak sing diwastani ....

a)

sudhut pandhang

b)

tema

c)

paraga

d)

latar

8.

Pepeling utawa piweling sing diaturake panganggit marang wong sing maca cerkak diarani ....

a)

pitutur luhur

b)

sudhut pandhang

c)

pitutur luhur

d)

paraga

9.

Gatekna pethikan cerkak ing ngisor iki!

Aku mandheg bareng tekan tlatah sing dak tuju. Omahe Kang Gimin. Sedhela aku ngeling-eling lan ngapalake sketsa omah mburi sing ana wedhuse loro.(Jaya Baya, No. 15 tahun 1992)

Unsur instrinsik sing kandharake ana ing pethikan cerkak mau yaiku ....

a)

alur

b)

tema

c)

paraga

d)

latar

10.

Gatekna pethikan cerkak ing ngisor iki!

Aku sangsaya kaget. Ora merga didhupak utawa dikepruki, nanging kaget amarga saka luhure watak lan

sikepe kang Gimin marang aku. (Jaya Baya, No. 15 tahun 1992. Hlm 17)

Sudhut Pandhang sing dinggo ana ing pethikan cerkak mau yaiku sudhut pandhang ....

a)

wong kapapat

b)

wong katelu

c)

wong kapindho

d)

wong kapisan