WorksheetsKuis Geguritan
Total questions: 10
Worksheet time: 38mins
Karangan kang pangrantame nganggo basa endah/ basa rinengga sarta ora nggatekake paugeran guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra mujudake pangerten saka...
parikan
wangsalan
geguritan
tembang macapat
gancaran
Geguritan akeh migunakake tembung-tembung kanthi teges...
wantah
kias/ konotasi
denotasi
lumrah
apa anane
Basa rinengga kang wujude runtute swara vokal ing saben larik/ pungkasan larik geguritan diarani...
purwakanthi guru basa
purwakanthi guru swara
purwakanthi guru sastra
paribasan
bebasan
Basa rinengga kang wujude runtute tembung/ ukara ing larik/ gatra geguritan diarani...
purwakanthi guru basa
purwakanthi guru sastra
purwakanthi guru swara
pepindhan
saloka
Semaken pethikan geguritan ing ngisor iki!
...
Dina iki aku ndhodhog lawangmu
Kepingin njajagi atimu
Apa isih pengkuh kaya prasetya dhek semana
...
Panulisan geguritan kang ukarane digaris ngisor kasebut migunakake basa rinengga kang jinise...
paribasan
bebasan
saloka
pepindhan
purwakanthi
Semaken pethikan geguritan ing ngisor iki!
...
Yagene sira durjana
Ngerampas kaskaya negara
...
Imaji kang digunakake ing ukara kang digaris ngisor yaiku...
Imaji panindak
Imaji pandeleng
Imaji pangrungu
Imaji pangrasa
Imaji pangganda
Semaken pethikan teks geguritan ing ngisor!
...
Apa sira durung ngerti menawa Pangeran tansah mirsani
Apa sira durung ngerti sira wong telu rembugan kang wadi
...
Ukara kang digaris ngisor kasebut migunakake imaji...
pangrungu
pandeleng
pangrasa
pangganda
panindak
Tema geguritan kanthi irah-irahan "Nawala Binuka Kanggo Koruptor" kasebut yaiku...
politik
budaya
ekonomi
kritik sosial
pasinaon
Amanat kang isa dijupuk saka geguritan kasebut yaiku
Dadia wong seneng njipuk barang duweke liyan
Kudu kufur marang nikmate Pangeran
Ora nate nyinau maknane firman Gusti
Dadi pejabat kudu jujur lan taat marang hukum
Dadi wong seneng mbangkang dhawuh kabecikan
Ing ngisor iki kang dudu tata cara nggancarake/ marafrase geguritan yaiku...
mahami isine geguritan
negesi tembung sing durung ngerti artine
isa nambah/ ngeloni tetembungan supaya isine gampang dipahami
saben sapada/ sebait dadi saalinea
tembung sing angel gak perlu diterjemahake
