wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

KELAS 5_BAHASA JAWA_LATIHAN STS

Total questions: 20

Worksheet time: 5hrs 0mins

Name
Class
Date
1.

Crita sing asale saka masyarakat lan ngrembaka sajrone masyarakat nalika jaman biyen, sarta dadi tetenger saben bangsa sing nduweni keberagaman kultur budaya yaiku ...

a)

crita anak

b)

crita budaya

c)

crita rakyat

d)

crita sejarah

2.

Paraga-paraga sajroning crita rakyat lumrahe awujud ...

a)

manungsa wae

b)

kewan wae

c)

dewa wae

d)

bisa manungsa, bisa kewan, utawa dewa

3.

Crita rakyat Rara Anteng lan Jaka Seger asale saka dhaerah...

a)

Pasuruan

b)

Surabaya

c)

Ponorogo

d)

Malang

4.

Titikane crita rakyat yaiku ...

a)

Tetenger bangsa

b)

Asipat anonim

c)

punjering crita

d)

ana kronologise

5.

Sing kalebu unsur intrinsik crita rakyat yaiku ...

a)

Underaning crita, paraga, turun temurun

b)

Paraga, wewatekane paraga, budaya

c)

paraga, amanat, latar

d)

paraga, amanat, budaya

6.

Pesen sing diandharake dening pangripta marang para pamaos yaiku..

a)

Underaning crita

b)

Paraga

c)

Latar

d)

Amanat

7.

Geguritan Jawa gagrag lawas sing dilagokake lan kaiket dening paugeran-paugeran tartamtu diarani ...

a)

Tembang macapat

b)

Tembang lagi

c)

Tembang Geguritan

d)

Tembang swara

8.

Tembang macapat kaiket dening paugeran-paugeran tartamtu, yaiku ...

a)

Guru gatra

b)

Guru wilangan

c)

Guru lagu

d)

Guru gatra, wilangan, lan lagu

9.

Guru gatra yaiku ...

a)

cacahe larik saben sapada

b)

cacahe wanda saben sagatra

c)

tibaning swara ing pungkasane gatra

d)

cacahe larik saben sagatra

10.

Cacahe wanda saben sagatra diarani ...

a)

guru gatra

b)

guru wilangan

c)

guru lagu

d)

guru swara

11.

Jinise tembang macapat cacahe ana ...

a)

8

b)

9

c)

10

d)

11

12.

Tembang Pocung nduweni guru gatra...

a)

4

b)

5

c)

6

d)

7

13.

Tembang kinanthi sasmitane ...

a)

kaluwak, wanda, cung

b)

kampul, maskentir

c)

kanthi, gandheng

d)

buh, jumbuh, tambuh

14.

Gatekna tembang macapat ing ngisor iki!

Dhuh anak mas sira wajib angurmati

marang yayah rena

aja pisan kumawani

anyenyamah gawe susah

Guru gatrane ana ...

a)

6

b)

5

c)

4

d)

3

15.

Gatekna tembang macapat ing ngisor iki!

Dhuh anak mas sira wajib angurmati

marang yayah rena

aja pisan kumawani

anyenyamah gawe susah

Guru wilangan gatra kapisan ana ...

a)

9

b)

10

c)

11

d)

12

16.

Gatekna tembang macapat ing ngisor iki!

Dhuh anak mas sira wajib angurmati

marang yayah rena

aja pisan kumawani

anyenyamah gawe susah

Guru lagune yaiku ...

a)

a,b,b,b

b)

a,b,a,c

c)

a,b,a,b

d)

a,b,c,c

17.

Carane nemokake pesen moral sajrone tembang macapat yaiku...

a)

Ngudhari tembung sing angel karo tembung sing gampang dimangerteni

b)

Menehi tandha pawacan

c)

Nggoleki tegese tembung-tembung sing angel dimangerteni kanthi nggoleki maknane

d)

Nyalin ukara-ukara ing geguritan

18.

Sing ora kalebu tembang macapat yaiku...

a)

Mijil

b)

Geguritan

c)

Gambuh

d)

Megatruh

19.

Teks wacan kang isine ngandharake utawa nyritakake kedadean kanthi runtut saka wiwitan nganti utawa kronologis yaiku..

a)

Teks narasi

b)

Teks deskripsi

c)

Teks geguritan

d)

Teks wacan

20.

Wacanen kanthi pemati !
Ing pisowanane menyang kraton, Joko Linglung diaku anake menawa dheweke bisa ngalahake Bajul Putih malihane Prabu Dewatacengkar kang saiki mapan ing Segara Kidul.

Sing kalebu latar panggonan saka wacanen iku yaiku ...

a)

Joko Linglung

b)

Bajul Putih

c)

Kraton

d)

Prabu Dewatacengkar