Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Pretest

Total questions: 5

Worksheet time: 3mins

Name
Class
Date
1.

"Monumen Tugu Pahlawan iku manggone ana ing Kutha Surabaya. Monumen Tugu Pahlawan iku dibangun kanggo mengeti prastawa 10 Nopember 1945. Tugu Pahlawan rupane putih, wujude kaya paku kuwalik, lan dhuwure 40,5 meter. Ing kono nyimpen atusan poto lan senjatane Walanda asil rampasan arek-arek Surabaya."

Teks kasebut nggambarake apa?

a)

Monumen Nasional

b)

Monumen Tugu Pahlawan

c)

Monumen Suryo

d)

Monumen Kresek

2.

Teks sing nggambarake samubarang kaya wacan nomer 1 mau diarani teks ...

a)

eksposisi

b)

narasi

c)

deskripsi

d)

argumentasi

3.

Irah-irahan kang trep kanggo teks ing nomer 1 mau yaiku ...

a)

Wujude Kutha Pahlawan

b)

Surabaya Kutha Pahlawan

c)

Prastawa 10 Nopember

d)

Monumen Tugu Pahlawan

4.

Setitekna gambar! Ukara kang cocog kanggo ngandharake gambar kasebut yaiku...

a)

Patung sura lan baya kasebut manggon ing pinggir kali.

b)

Patung sura lan baya kasebut wernane ijo.

c)

Patung sura lan baya kasebut manggon ing pinggir dalan lan wernane putih.

d)

Patung sura lan baya iku minangka simbol kutha Gresik.

5.

"Umume aku ngenggo layanan iki yen lagi pengin pesen mangan utawa pengin lunga rada adoh. Kari nggeser-nggeser layar hape panganan sing tak pesen bisa diterake tekan omah. Upama pengin lunga, kanthi sat-set wis teka panggonan sing tak karepake. Menungsa jaman saiki digawe gampang karo layanan iki."

Teks kasebut nggambarake ngenani ...

a)

kurir paket

b)

ojek online

c)

operator kertu SIM

d)

tukang servis