wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Sandiwara kelas 9

Total questions: 16

Worksheet time: 8mins

Name
Class
Date
1.

Swasana sing dicritakna ing sandiwara klebu perangan unsur intrinsik sing arane...

a)

latar

b)

tema

c)

paraga

d)

alur

2.

Sandiwara yaiku maragakake sawijining paraga kalebu ....

a)

papanipun

b)

latare

c)

watakipun

d)

aluripun

3.

Sandiwara iku duwe unsur intrinsik, kang ora klebu unsur instrinsik sandiwara yaiku...

a)

alur

b)

paraga

c)

latar

d)

sosial budaya masyarakat

4.

Sandiwara iku minangka karya sastra ingkang nggadhahi pesen moral. Pesen moral ingkang kamot ing sandiwara lumrahe lumantar paraga....

a)

utama

b)

pembantu

c)

tambahan

d)

antagonis

5.

Sandiwara kang lumantar media radhio diarani....

a)

Sandiwara panggung

b)

Sandiwara televisi

c)

Sandiwara misteri

d)

Sandiwara radhio

6.

Ing sandiwara , pengarang kudu menehi pesan moral marang wong sing maca crita drama. Pesan moral mau kasebut.....

a)

Tema

b)

Alur

c)

Amanat

d)

Setting

7.

Sawijining olah seni kang di pentasake , dening para paraga ing punggung pan nduweni pesen utawa amanat sinandhi kang bisa kanggo tepa tuladha ing urip bebrayan diarani...

a)

Sendratari

b)

Tari tradhisional

c)

Drama/sandhiwara

d)

Bedhaya katawang

8.

Ing ngisor iki sing ora kelebu unsur intristic (fisik) drama yaiku

a)

Amanat

b)

Pacelathon (dialog)

c)

Paraga

d)

Alur

9.

Ing unsur intrinsik crita, sing diarani setting yaiku : .....

a)

Gagasan pokok kang dikembangake dadi crita.

b)

Pesan moral kang kinandhut ing crita.

c)

Gegambaran swasana lumakuning crita kang ginelar.

d)

Tata urutan lumakune crita

10.

Prastawa/kedadeyan kang isine ngenani masalah-masalah kang diadhepi paraga diarani....

a)

konflik

b)

crita

c)

anti konflik

d)

klimaks

11.
Sandhiwara mujudake genre (jinis) asil cipta sastra sing nggambarake....
a)
uripe manungsa lumantar solah bawa utawa tindak tanduk.
b)
uripe manungsa lumantar guyonan lan hiburan
c)
uripe manungsa lumantar crita ing ndhuwur panggung
d)
uripe manungsa lumantar kesenian tradhisional
12.

Gatekna dialog drama iki !

Sinta : "Sar, ayo mangkat sekolah saiki !"

(Sinta ngadeg madhep lawang, lan Sari nyedhak)

Sari : "Pangapura Sin, entenana sedhela." (Sari akon Sinta lungguh)

Sinta : "Sik sik, apa maneh sing arep mbok garap?"

Sari : "Biasa, nggodhog banyu kanggo ngecong tek bapak saben dina."

Amanat cuplikan drama ing dhuwur yaiku ....

a)

Mangkat sekolah kudu luwih esuk

b)

Nyambut gawea kanthi temenan

c)

Dadia bocah manutan

d)

Garapen pakaryan omah kanthi becik lan tuntas.

13.

Gatekna cuplikan dialog sandiwara ing ngisor !

"Saka ngendi wae awakmu, Roni? Wis meh ganti dina, delengen jam kae, jam 11 bengi awakmu nembe bali? " pitakone Bapak sinambi malangkerik.

Dialog iku dilafalke kanthi irama ....

a)

banter sinambi guyon

b)

nesu lan katon tenanan

c)

andhap, kebak pitakonan

d)

rumangsa dendam

14.

Kang ora kalebu cara kanggo mangerteni watake paraga bisa dimangerteni saka ...

a)

Pocapane pangripta

b)

Apa sing ditindakake paraga

c)

Katrangan saka paraga liyane

d)

Digambarake langsung dening pangripta

15.

Omong-omongan ing antarane paraga loro utawa luwih sajrone sandiwara diarani...

a)

dhialog

b)

monolog

c)

prolog

d)

setting

16.

Kethoprak lan ludruk iku diarani kesenian tradhisional, amarga....

a)

Mung urip ing jaman sadurunge Indonesia merdika

b)

Mung bisa nggelarake crita panguripane bangsawan kraton.

c)

Digelar kanthi migunakake alat musik tradhisional, busana tradhisional, diiringi kanthi tetembangan, lan nggelar crita jaman kawuri.

d)

Digelar migunakake musik modern, busana modern lan nggelar crita modern.