WorksheetsPenilaian Tengah Semester 1 Kelas IX
Total questions: 25
Worksheet time: 2hrs 5mins
Bab-bab kang kudu digatekake menawa atur-atur kaya ing ngisor iki, kajaba….
basa sing becik trep karo unggah-ungguh
solah bawa lan tata krama sing becik
yen wis rampung anggone nindakake jejibahan caos lapuran
nganggo sandhangan sing sarwa apik lan anyar
Tiyang tetepangan limrahipun sepisanan nyuwun priksa babagan asma. Basanipun ingkang leres inggih menika…
Nuwun sewu, sapa jenengan?
Nuwun sewu ndherek tepang, sinten asma Panjenengan?
Ditepungke sapa jenengan?
Nyuwun ngapunten, jenengan sapa?
Basa krama alus iku gunane kaya ing ngisor iki, kajaba… .
guneme wong tuwa marang anake
guneme anak marang wong tuwane
gunemane karo wong sing durung tau tepung
gunemane murid marang gurune
Ibu : Yan, layang iki...(1)...Bu Ana!
Yani : Bu Ana ingkang...(2)...ing wetan Masjid?
Ibu : Iya, garwane Pak RW.
Yani : Inggih, Bu.
Ganepana titik-titik ing dhuwur nganggo tembang sing trep unggah-ungguhe.
(1) aturna : (2) omahe
(1) paringna : (2) daleme
(1) caosna : (2) dalemipun
(1) aturna : (2) griyanipun
Ukara ing ngisor iki garepana nganggo tembung sing trep!
Kula...(1)...jam 13.00, dene bapak ...(2)... bakda Ashar.
(1) wangsul : (2) mantuk
(1) wangsul : (2) kundur
(1) kundur : (2) wangsul
(1) mantuk : (2) wangsul
Ukara ing ngisor iki leres unggah-ungguhe inggih menika ….
Nyuwun pangapunten Pak Guru, kala wingi kula boten saged dugi
Astanipun rayi kula kenging pecahan kaca, pramila lajeng kablebed
Sakonduripun saking dalemipun Bu Guru kula lajeng sare
Ibu ndhawuhi adhik supados dhahar rumiyin
Wah, setuju banget kuwi, supaya enggal bisa sinau bebarengan. Ukara ing dhuwur nelakake ...
setuju/boten setuju
pangarep-arep
mangayubagya
rasa seneng
Ukara ingkang paling sae kangge nampik, boten setuju inggih menika ….
Yen ngaten kula boten setuju
Boten, pokoke kula boten setuju, titik!
Nuwun sewu, kula boten setuju
Raosipun kula kok taksih dereng nyetujoni
Muga-muga kowe bisa sekolah kanthi becik.
Ukara ing dhuwur nelakake ...
setuju/boten setuju
pangarep-arep
mangayubagya
rasa seneng
Wah, hebat tenan, sidane kowe sing juara ta. Aku melu bungah lan mongkog dene kowe bisa menang ing lomba sesorah!
Ukara ing dhuwur nelakake ...
setuju/boten setuju
pangarep-arep
belasungkawa
rasa bungah
Uwis ora napa-napa sing penting Adhi-adhiku tekan sekolah, Aku telat ora napa-napa. Wis kana age-age mangkat mengko mundhak telat kabeh.
Ukara ing dhuwur nelakake ...
menehi semangat
belasungkawa
mangayubagya
panglipur
Tuladha ukara kanggo nelakake bela sungkawa lan panglipur kang bener .....
Wis rasah digetuni, wong urip mesthi bakal mati, kaya Bapakmu iki!
Aku melu susah, muga-muga bapakmu neng alam kaswargan apik-apik wae!
Aku ndherek bela sungkawa, muga-muga Dhik Dita tetep tabah lan tawakal, kabeh wis ginaris ana astane Gusti!
Aku ndherek bela sungkawa satenan-tenane, muga-muga Dhik Dita ora ngalami kahanan kaya ngene iki!
Andharan ing ngisor iki kudu digatekake menawa srawung karo wong liya, kejaba…
tetembungane kang becik
guneman sing seru supaya cetha
basane kang becik
polatan kang sumeh
Satemah ing wekdal punika saged makempal ing papan punika.
Tembung makempal ing teks kasebat lepat, leresipun ..
kempalan
dados setunggal
kempal manunggal
kempal dados setunggal
Para lenggah ingkang dahat kinurmatan, ndungkap acara salajengipun inggih menika atur pambagya saking pangarsaning panitya ingkang badhe dipunsalirani dening panjenenganipun Bapak Budi. Dhumateng panjenenganipun Bapak Budi kula sumanggakaken.
Andharan ing nginggil menika aturipun pranatacara nalika ngaturi paraga....
ustad ingkang paring hikmah syawalan
panitya ingkang ngaturaken pambagya
ingkang maosaken kitab suci Al-Qur’an
kasepuhan ingkang nampi pratignya syawalan
Jumbuh kaliyan urut reroncening acara ingkang sampun katur wonten ngajeng, acara ingkang angka sedasa inggih menika hikmah syawalan ingkang badhe dipunwedharaken dening panjenenganipun Bapak Mardi Dhumateng panjenenganipun Bapak Mardi kula sumanggakaken.
Andharan ing nginggil menika aturipun pranatacara nalika ngaturi paraga....
ingkang maosaken kitab suci Al-Qur’an
panitya ingkang ngaturaken pambagya
paraga ingkang paring hikmah syawalan
kasepuhan ingkang nampi pratignya syawalan
Pranatacara prayogi nggatosaken solah bawa ingkang saé kadosta....
nyowang-nyawang rasukanipun piyambak, pandeleng tajem boten anteng
jumeneng kanthi lelèndhèhan papan wicara, awake kathah obah
mikrophon dipuncepeng asta tengen, asta kiwa pas ngandhap dhadha
saged nyebul mikrophon utawi dipunthuthuk-thuthuk
Gatosna tembung-tembung ing ngandhap menika!
1) MC 4) Pambiwara
2) Pranata adicara 5) pamedharsabda
3) Ingkang hamengku gati
Tembung-tembung ing nginggil ingkang boten kalebet dasanamanipun pranatacara inggih
1, 2
1, 3
2, 4
3, 5
Ingkang kawastanan pranatacara inggih menika....
paraga ingkang kajibah nglantaraken titilaksana ing satunggaling acara
paraga ingkang atur panglipur dhumateng kulawarga dhuhkita ing acara sripahan
paraga ingkang kajibah ngaturaken pambela sungkawa lan panglipur ing sripahan
paraga ingkang kajibah mbabar satunggaling perkawis, gagasan, ide ing satunggaling acara
“Panjenenganipun Bapak Lurah ingkang dhahat……keparenga kula matur, pinangka talanging basa warga masyarakat Karang Jambe”
Tembung kang trep kangge njangkepi ukara ing nginggil inggih menika ...
kulatresnani
kinurmatan
pantes luhuring budi
tansah kinabekten
Tuladha wicara pranatacara ingkang leres inggih menika ...
Menginjak adicara ingkang kaping gangsal inggih menika lain-lain
Ndungkap adicara ingkang kaping gangsal inggih menika mancawarni
Ngancik acara ingkang kaping gangsal inggih menika sanes-sanes
Dumugi susunan acara ingkang kaping gangsal inggih menika mancawarni
Sangune tumrap pranatacara kaya ing ngisor iki, kajaba ...
Olah basa
Olah rasa
Olah busana
Olah-olah
Ngancik adicara kaping tiga istirahat. Tembung istirahat becike diganti tembung ....
ngaso
sumene
mancawarni
manasuka
Wosing pengetan Kartini tahun 2023 menika kangge nuwuhaken raos ngaosi dhumateng para pahlawan, kanthi ngawontenaken manekawarni kegiyatan ingkang saged nuwuhaken kreativitas para siswa. Pethikan teks sesorah kasebut kalebu perangan….
pangajeng-ajeng
salam pambuka
wusana
wigatining atur
Bapak saha ibu ingkang kinurmatan, kiprahipun Kartini ing titi wanci punika mujudaken wanita ingkang unggul, pinunjul, sinartan kapribaden luhur. Menika mengku teges bilih wanita ing jaman modern inggih menika wanita tama ingkang boten namung ngurusi sumur, dapur, pupur, kasur, nanging kedah saged tutur, sembur tuwin uwur.
Pethikan sesorah ing ndhuwur kasebut wose ngandharake ….
Wanita kang pinunjul
Nuladha kiprahe wanita kang sampurna
Nuladha kiprahe Kartini tumrap wanita ing jaman modern
Kiprahe wanita ing jaman modern bisa nguwasani pawon
