wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Prastawa Budaya Dhaerah

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Adicara upacara adat ingkang dipuntindakaken pribadi, kajaba...

a)

Panggih temanten

b)

Sepasaran

c)

Tedhak siten

d)

Megengan

2.

Maneka werna acara ingkang wonten dhateng upacara adat istiadat Jawa mboten lintu namung kangge...

a)

Urip sesrawungan kang pranata ing urip bebrayan

b)

Ngaturake rass syukur dhumateng Gusti Ingkang Akarya Jagad supados tansah rahayu wilujeng.

c)

Gabungan (kulturalisasi) ing antarane pahargya keagamaan lan kabudayan Jawa

d)

Nggayengna swasana supaya ora bosen lan tetep betah

3.

Dhateng ngandhap menika ingkang kaleet tata upacara krobongan, kajaba...

a)

Balangan gantal, wiji dadi, pupuk, sindhuran

b)

Sindhuran, timbangan, dulangan, sungkeman

c)

Timbangan, dulangan, unjukan, sungkeman, balangan gantal

d)

Timbangan, kacar-kucur, dulangan, unjukan, mapag besan, sungkeman

4.

Temanten kakung nyuntak kampil ingkang sampun kacawisaken, isi arta receh/krincing mawi dipuncampuri uwos lan ketan, ing pangkonanipun temanten putri, mawi dipuntadhahi tilam lampus (klasa bangka), dipunwastani...

a)

Kacar-kucur

b)

Pupuk

c)

Sungkeman

d)

Wiji dadi

5.

Pepenget dhumateng temanten putri, supados tansah ngabekti dhumateng temanten kakung. Kosok wangsulanipun temanten kakung ugi nggadhahana raos hangayomi kanthi tuladha pakarti utama dhumateng temanten putri. Ugi pepenget dhumateng temanten sakloron supados tansah ngabekti dhumateng tiyang sepuh kekalih.

Ukara dhateng nginggil menika kalebet pasemonanipun...

a)

Pupuk

b)

Dulangan

c)

Balangan gantal

d)

Sungkeman

6.

Upacara adat ingkang dipuntindakaken nalika wulan sya'ban (ruwah) ndungkap wulan ramadhan (siyam), inggih menika...

a)

Sepasaran

b)

Grebeg sura

c)

Sadranan

d)

Mauludan

7.

Kendurenan ingkang dipuntindakaken nalika dinten lair, dipunwastani...

a)

Kendurenan wetonan

b)

Kendurenan selikuran

c)

Kendurenan ruwahan

d)

Kendurenan bakdan

8.

Upacara adat kangge mengeti tiyang mbobot pitung sasi, inggih menika...

a)

Tedhak siten

b)

Panggih temanten

c)

Kendurenan

d)

Tingkeban

9.

Ringgit ingkang dipungambar dhateng cengkir gadhing dhateng upacara adat tingkeban, inggih menika...

a)

Kamajaya kaliyan Kamaratih

b)

Rama kaliyan Shinta

c)

Werkudara kaliyan Arimbi

d)

Pandhudewanata kaliyan Dewi Kunthi

10.

Nalika wanita nembe sepindhah mbobot angsal pitung wulan, katindakaken upacara ritual ingkang dipunwastani...

a)

Tingkeban/mitoni

b)

Sepasaran

c)

Brokohan

d)

Siraman

11.

Tembung liya tedhak siten...

a)

Piton-piton

b)

Mitoni

c)

Suronan

d)

Megengan

12.

Basa rinengga, inggih menika....

a)

Basa ingkang dipunpaes

b)

Basa ingkang dipunparafrase

c)

Basa ingkang bernada

d)

Basa ingkang awon

13.

Struktur batin geguritan...

a)

Tema

b)

Wirama

c)

Diksi

d)

Imaji

14.

Awake kaya watu nganti ora bisa dijiwit, kalebet gaya basa...

a)

Retoris

b)

Antitese

c)

Hiperbola

d)

Metafora

15.

Purwakanthi wonten tiga, inggih menika...

a)

Purwakanthi swara, sastra, gatra

b)

Purwakanthi sastra, swara, basa/lumaksita

c)

Purwakanthi basa, swara, wilangan

d)

Purwakanthi lagu, wilangan, gatra

16.

Antaka, ngemasi, lalis, lampus, layon, lena, palastra, pralaya, pralena, seda. Dasanama saking...

a)

Ati

b)

Pinter

c)

Banyu

d)

Mati

17.

Tuladha purwakanthi basa/lumaksita, inggih menika...

a)

Sluman, slumun, slamet

b)

Sing salah mesthi seleh

c)

Ana awan ana pangan

d)

Witing klapa, klapa mudha saumpama

18.

Dasanama putih, inggih menika...

a)

Denta, waja

b)

Dwala, pingul, seta

c)

Gadhing, jenar, pita

d)

Talingan, karna, karni

19.

Tradisi kanggo nekani sasi sura, inggih menika...

a)

Suran

b)

Megengan

c)

Muludan

d)

Selapanan

20.

Agemanipun bu Lurah ingkang cemeng sampun dados. Cemeng tegesipun...

a)

Putih

b)

Abang

c)

Kuning

d)

Ireng