wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Remidial PTS Bahasa Jawa Kelas XI

Total questions: 25

Worksheet time: 15mins

Name
Class
Date
1.

Gambar kasebut nuduhake upacara adat mantu ing perangan ….

a)

Lamaran

b)

kumbakarnan

c)

singsetan

d)

panggih penganten

2.

Adat Jawa “adol dhawet” ing upacara nikahan iku sing dodol rama biyunge penganten wadon, dhuwite nganggo kreweng (wingka), sing tuku para tamu. Bab iku mralambangake supaya ….

a)

sabubare ijab kobul penganten bisa dodolan dhawet

b)

tamu-tamu sing rawuh lan rejekine penganten akeh

c)

nguri-uri kabudaya dolanan tradhisional pasaran

d)

ngenalake kuliner kuna kang meh ilang, yaiku dhawet

3.

1. Kembar mayang

2. Midodareni

3. Pasren (pasang tuwuhan)

4. Adol dhawet

5. Pasang tarub

6. Siraman

Urutan acara persiapan kang bener sadurunge ijab kobul yaiku ....

a)

1 – 5 – 4 – 3 – 2 – 6

b)

3 – 5 – 1 – 4 – 6 – 2

c)

5 – 1 – 3 – 6 – 4 – 2

d)

6 – 4 – 2 – 1 – 3 – 5

4.

Ubarampe arupa tetuwuhan kang ana ing gapuraning pahargyan temanten kang ngemu pralambang mugi tansah kecakepan kabetahan sandhangipun yaiku ....

a)

ron waringin

b)

suket alang-alang

c)

cengkir gadhing

d)

ron kluwih

e)

tebu agung

5.

Prosesi kanggo ngresiki awake penganten supaya resik tur suci badane jiwa lan raga...

a)

Midodareni

b)

Siraman

c)

Srah srahan

d)

Sekatan

6.

Upacara sing diayahi sadurunge upacara temu manten yaiku.....

a)

Midodareni

b)

Ngunduh mantu

c)

Dodol dawet

d)

Manggulan

7.

Upacara adat temu manten kasebut kalebu bageyan ...

a)

Balangan Gantal

b)

Sinduran

c)

Ngidak Tigan

d)

Ngabekten

8.

Gambar kesebut nuduhake salah sijine prosesi upacara adat manten Jawa kang diarani ...

a)

Sinduran

b)

Balangan Gantal

c)

Kacar Kucur

d)

Bobot Timbang

9.

Salah sijine bageyan saka upacara temu manten yaiku kacar kucur. Temanten lanang menehi “ubarampe” marang pangkuwane temanten wadon sing diwenehi kain sindur. Isine wadhah kasebut salah sijine yaiku logam kang nduweni makna ...

a)

Minangka alat sing digunakake pawongan kanggo nyukupi kabutuwan

b)

Bahan pokok kanggo kulawarga

c)

Kemakmuran lan katentreman

d)

Supaya penganten tansah rukun lan tulung tinulung

10.

Gambar kasebut nuduhake salah sijine prosesi upacara panggih manten. Pundak temanten kekalih ditutup kain sindur (werna abang lan putih) banjur diterake dening bapak temanten wadon nuju pelaminan kasebut. Bageyan upacara iki, diarani ...

a)

Balangan Gantal

b)

Sinduran

c)

Ngidak Tigan

d)

Bobot Timbang

11.

Makna sajrone upacara panggih manten bageyan "Ngidak Tigan" sing bener ing katrangan-katrangan iki, yaiku ...

a)

Penganten lanang bisa menehi bibit keturunan sing becik lan penganten wadon tansah setya ngabdi marang penganten lanang

b)

Penganten lanang bisa nyukupi kabutuwan pokok lan penganten wadon tansah setya ngabdi marang penganten lanang

c)

Wujud rasa tresna asih lan adil sajrone kulawarga

d)

Penganten kaloro padha-padha aweh welas asih

12.

Urutan ing ngisor iki kalebu urutan upacara Panggih :

a)

dhahar klimah

b)

mlebu kurungan/kranji

c)

balangan gantal

d)

kacar-kucur

13.

Upacara kanggo ibu sing ngandhut janin pitung sasi dipunsebut . . .

a)

tedhak siten

b)

bekakak saparan

c)

grebeg besar

d)

tingkeban

14.

Upacara adat minangka pengetan maulud Nabi Muhammad, dipunarani . . .

a)

grebeg besar

b)

grebeg mulud

c)

bekakak

d)

tedhak siten

15.

Tembung-tembung kang asring digunakan ing geguritan aq ujud tembung.....

a)

Entar

b)

Dasanama

c)

Saroja

d)

Wangsulan a, b, lan c bener

16.

Manut gambar ing samping iki, irah-irahan kang cocog kanggo gambar yaiku...

a)

Kali cilik ing ngarep omah

b)

Milining banyu kali

c)

Kali kang reget sampah

d)

Asrining kali ing kampungku

17.

pangucapane aksara lan tembung kudu wuwuh lan cetha, diarani ...

a)

artikulasi

b)

diksi

c)

tempo

d)

dinamika

e)

intonasi

18.

alon cepete pangucapan, dijumbuhake karo napas lan swasana sing pengin di wedharake diarani ...

a)

artikulasi

b)

diksi

c)

tempo

d)

dinamika

e)

modulasi

19.

Aja nangis anakku

Ibumu isih lunga

Sedhela maneh teka

Aja nangis, anakku

Umpama hongkong kuwi mung lor kali

Wis wingi-wingi dakparani


Ing geguritan dhuwur, panggurit dadi ...

a)

bapak

b)

ibu

c)

anak

d)

putu

e)

sedulur

20.
Endahing geguritan kuwi gumantung kaya ing ngisor iki, kajaba ...
a)
A. Wirama
b)
B. Runtute purwakanthi
c)
C. Pamilihane tembung kang runtut
d)
D. Anane tembung andhahan kang karimbag mawa ater-ater, seselan, utawa rangkep
21.

Jagone Wis Kluruk Dening : J. Bilawa

Cukuurukuuk,

Kae jagone kluruk,

Cecekerakek,

Gek golek isi pincuk,

Jago kluruk celuk-celuk,

Celuluking wanci esuk,

Nggugah sing padha ngepluk,

Gregah tangi ngrambah rai,

Jenggirat myat eling sholat,

Bening banyu suci batine,

Tawaduk niate nyembah Gustine,

Ngiter donyane ya nguber akherate,

Jagone kluruk ing pangkringan,

Ngelingake sing arep padha golek pangan.

Tembung Gek golek isi pincuk nduweni teges ...

a)
A. Tuku sega lan lawuh
b)
B. Jupuk sega lan lawuh
c)
C. Golek kanggo ngisi pincuk kang wis digawe
d)
D. Golek rejeki/nafkah kanggo nyukupi butuh
22.

Jagone Wis Kluruk Dening : J. Bilawa

Cukuurukuuk,

Kae jagone kluruk,

Cecekerakek,

Gek golek isi pincuk,

Jago kluruk celuk-celuk,

Celuluking wanci esuk,

Nggugah sing padha ngepluk,

Gregah tangi ngrambah rai,

Jenggirat myat eling sholat,

Bening banyu suci batine,

Tawaduk niate nyembah Gustine,

Ngiter donyane ya nguber akherate,

Jagone kluruk ing pangkringan,

Ngelingake sing arep padha golek pangan.

Tema kang ana ing sajroning geguritan iki yaiku ...

a)
A. Pepeling marang Gusthi
b)
B. Jago Kluruk
c)
C. Gage tangi turu
d)
D. Golek pincuk amarga luwe
23.
Ing ngisor iki kang klebu dasanamane angin yaiku ...
a)
A. Arga
b)
B. Bawana
c)
C. Bayu
d)
D. Agni
24.
Pamilihing tembung kanggo gawe geguritan iku umume ...
a)
A. Ora duwe makna
b)
B. Nganggo tembung kawi
c)
C. Duwe makna kang longgar
d)
D. Duwe makna kang endah lan mentes
25.

Lelandheaan utawa pokok masalah kang di rembug ing guritan, diarani.....

a)

Tema

b)

Diksi

c)

Rima

d)

Amanat