Font size
WorksheetsPTS GANJIL BAHASA JAWA KELAS 7 MTS MIFTAHUSSUDUR
Total questions: 50
Worksheet time: 4hrs 10mins
Kang diandharake ana ing wacan deskriptip yaiku.....
ngandharake sawijining panemu
ngandharake kahanan, papan, utawa manungsa
ngandharake informasi
ngandharake proses
Ing ngisor iki seng kelebu tembung kriya (kata kerja) yaiku....
Ayu
Mangan
Adem
Panas
Tembung seng nduwe swara jejeg a yaiku….
Lara
Sapa
Apa
Bapak
Tegese tembung wilangan yaiku….
Kata bilangan
Kata dasar
Kata imbuhan
Kata sifat
Tembung "gumebyar" kadhapuk saka tembung ....
gu- + mebyar
gu- + -me- + -byar
gebyar+ -um-
gebyar- gebyar
Krama Alusipun "Aku" :
Kula
Aku
ingsun
beta
Ukara kang bener kanggo nyuwun izin ora mlebu ekstra kurikuler amarga lara panas, yaiku.....
Pangapunten, pak/bu. Kula badhe izin boten saged mlebet ekstra kurikuler amargi sakit benter.
Pangapunten, pak/bu. Kula badhe izin boten saged tindak ekstra kurikuler amargi gerah benter.
Pangapunten, pak/bu. Kula badhe izin boten saged rawuh ekstra kurikuler amargi sakit benter.
Pangapunten, pak/bu. Kula badhe izin boten saged kondur ekstra kurikuler amargi sakit benter.
Karangan kang isine nggambarake kahanan,panggonan, wong, watak lan liyane saengga wong sing maca kaya-kaya melu ndeleng, melu krungu, lan melu ngrasakake kahanan mau diarani karangan .....
Deskripsi
Narasi
Persuasi
Eksposisi
Karangan kang isine njlentrehna crita nggawe katrangan utawa urutan waktune diarani karangan .....
Deskripsi
Argumentasi
Eksposisi
Narasi
Karangan kang isine jlentrehake data saka hasil penelitian utawa statistik diarani karangan .....
Narasi
Deskripsi
Eksposisi
Argumentasi
Mengko mulih sekolah aku arep mampir omahe kancaku.
Tembung kriya ing ukara mau yaiku ....
Mengko
mulih
omahe
kancaku
Bapak kagungan dhuwit akeh arep kanggo tuku sapi.
Tembung aran kasebut ing ngisor iki kajaba/kecuali ....
bapak
dhuwit
akeh
sapi
Panggonan kedadeyan sing diandarake jroning crita narasi diarani ....
setting
tema
paraga
amanat
Palaporan ngenani sakabehing kedadeyan kang lagi wae dumadi kang kapacak ing medhiya cetak utawa digiyarake lumantar medhiya elektronik diarani ....
geguritan
pawarta
tembang
lelagon
Pawarta kang diwartakake dening wong liya kanggo pamirsa lumantar swara langsung diarani ....
lisan
wacan
tulisan
gagasan
Adhiku nulis layang kanggo Bapak.
Ing ukara kasebut kang kalebu tembung kriya yaiku tembung....
Adhiku
nulis
layang
Bapak
Ibu lan Bapak dhahar sarapan ing pawon.
Ing ukara kasebut kang kalebu tembung panggandheng yaiku tembung....
Ibu
Bapak
lan
dhahar
Tembung aran sing maujud, tuladhane...
kapinteran
pikiran
meja
kawruh
Nyapu, nuthuk, nyiram kalebu tembung
aran
kriya
wilangan
kahanan
Tembung sing mretelake cacah diarani tembung ...
aran
kahanan
wilangan
ancer-ancer
sithik, akeh, siji, loro kalebu tembung ...
wilangan
aran
kahanan
kriya
Pangucapane aksara swara ing basa Jawa kaperang dadi 2, yaiku swara ....
jejeg lan miring
jejeg lan tugel
tugel lan miring
Jinise tembung ana....
7
8
9
10
Gatekna ukara iki.
Gunung Bromo salah sawijining papan wisata kang misuwur ing Jawa Timur. Gunung iki dumunung ing petang kutha yaiku Kabupaten Probolinggo, Pasuruan, Lumajang lan Malang.
Saka ukara ing dhuwur, tembung “iki” kanggo nyulihake (ngganteni) apa?
Gunung Bromo
papan wisata
Jawa Timur
Bromo
Gatekna ukara iki
Gunung Bromo dadi papan wisata kang nyenengake ………… duweni sesawangan kang ora tinemu ing panggonan liya.
Tembung panggandheng kang cocok kanggo nggandheng ukara loro iku yaiku
Yen
lan
nalika
amarga
Krama Alusipun "Aku" :
Kula
Aku
ingsun
beta
Krama Alusipun "mangan" :
nedha
dhahar
mangan
nguntal
Basa kang dinggo bocah-karo bocah utawa saumuran yaiku ….
krama
Krama Alus
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama Lugu
Unggah-ungguh Basa Jawa dibedakake dadi 4 tataran, yaiku ....
Ngoko , ngoko lugu, krama madya, krama alus
Ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, krama alus
Basa ibu, basa ilmu, basa budaya
Basa sanskerta, aksara jawa, basa daerah
Ukara kang bener kanggo nyuwun izin ora mlebu ekstra kurikuler amarga lara panas, yaiku.....
Pangapunten, pak/bu. Kula badhe izin boten saged mlebet ekstra kurikuler amargi sakit benter.
Pangapunten, pak/bu. Kula badhe izin boten saged tindak ekstra kurikuler amargi gerah benter.
Pangapunten, pak/bu. Kula badhe izin boten saged rawuh ekstra kurikuler amargi sakit benter.
Pangapunten, pak/bu. Kula badhe izin boten saged kondur ekstra kurikuler amargi sakit benter.
Rian lan Adit iku kanca saumuran, nalika lagi omong-omongan Rian nakokake tugas sing diwenehi dening pak Robi. Ukara sing trep kanggo nakokake tugase yaiku?
Dit, mau pak Robi matur ana tugas apa ya?
Dit, mau pak Robi ngekeki tugas ta?
tugase pak Robi mau apa ya Dit?
pak Robi ngomong nek ana tugas ya Dit?
simbah (maca) koran
maca
maos
mirsani
ningali
basa kramane TUKU
tumbas
nyilih
mundhut
jajan
piye anggonmu pamit mangkat sekolah?
bu aku pamit budhal sekolah yo?
bu kula pamit tindak sekolahan
bu kula badhe nyuwun pamit bidhal sekolah
bu kula njaluk pamit menyang sekolah
Omahe budhe wonten Semarang. tembung omahe benere ....
daleme
dalemipun
griyanipun
griyane
Basa kang tembunge ngoko kabeh diarani ...
ngoko alus
ngoko lugu
ngoko biasa
ngoko umum
Saben dinten kula sekolah.....sepedha.
numpak
nitih
nganggo
nuntun
Nalika badhe nedha kedah ngangge....tengen.
tangan
suku
asta
mustaka
Nalika kepethuk bapak ibu guru prayogane.....
mecucu
mbesengut
mesem
mrengut
Panjenengan badhe tindak pundi? Ukara kuwi kalebu tataran unggah-ungguh basa...
Ngoko Alus
Ngoko Lugu
Krama
Krama Inggil
Mengko sore, bapak arep tindak menyang toko buku Gramedia. Ukara kuwi kalebu tataran basa
Krama
Ngoko Alus
Krama Inggil
Ngoko Lugu
Bapak : “Ayo wis wengi, padha turu sesuk mangkat esuk!”
Anak : “……”
Lumrahe anak mangsuli nganggo ukara….
Iya Pak
Ora Pak
Inggih Pak
Boten Pak
Siap Pak
Gatekna pratelan dialog ing ngisor iki!
Tira : “Ran, sesuk apa sida ulangan basa Jawa?”
Rani : “Sida Tir, apa kowe ora ngerti?”
Tira : “Ora, jalaran pertemuan minggu kepungkur aku ora mlebu sekolah amarga lara.”
Rani : “Yen ngono mengko sore sinau bareng wae ya Tir neng omahku.”
Tira : “Ya, kebeneran aku mengko arep ngajak Sinta.”
Rani : “Ya, taktunggu tekamu. Kae bel sakolah wis muni. Ayo ndang mlebu kelas.
Pratelan dialog ing ndhuwur nggunakake ragam basa..
ngoko alus
krama lugu
ngoko lugu
krama alus
krama inggil
Gatekna pratelan dialog ing ngisor iki!
(Esuk iku ing kelas lagi pelajaran basa Jawa, Bu Eni wis miwiti pamulangan yaiku bab tembung saroja, para siswa pada mangsuli pitakonane bu Eni, ujug-ujug Bagas teka lan langsung nuju lungguhane)
Bu Eni : “Bagas, geneya kok tekamu telat?”
Bagas : “Nyuwun pangapunten, Bu! Kula kerinan.”
Bu Eni : “Geneya kok tangimu nganti kerinan, Bagas?”
Bagas : “Kalawingi tilem kula kedalon, Bu. Ningali bal-balan wonten TV”
Bu Eni : “Sejatine kowe kabeh iku oleh-oleh wae nonton TV, nanging kudu eling wektu. Yen ora malem minggu ora oleh nganti bengi, sebab esuke kowe kabeh rak kudu mangkat sekolah. Yen nganti telat kowe dhewe sing rugi ta?”
Bagas : “Inggih, Bu!”
Ragam basa kang digunakake Bagas ing pratelan dialog kasebut yaiku....
Ngoko Lugu
Ngoko alus
Krama Alus
Krama lugu
Krama Inggil
Tuladhane tembung saroja yaiku....
Dawa tangane, adus kringet
Putih memplak, ayem tentrem
Gagah prakosa, gedhe endhase
Dhuwure kaya otak-otak mega
Colong jupuk, tipis lambene
Yen diparingi hadiah bu guru ngaturake ........
Inggih bu
Matur nuwun
Nuwun sewu
Sugeng ambal warsa
............... carane nggawe layangan?
Tambung kang bener kanggo ngisi ukara pitakon ing dhuwur yaiku....
Sapa
Kepriye
Kapan
Apa
Ayu lagi (sapu) latar. Tembung sing trep kanggo ngganepi ukara ing jero kurung yaiku...............
Disapu
kosapu
Nyapu
daksapu
Pak Lurah lagi..........menyang kelurahan. Tembung kang pas yaiku....................
Mangkat
Kesah
Tindak
Budhal
18. Basa kramane sore, yaiku. . . .
a. Enjing
b. Dalu
c. Sonten
d. Benjing
