wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

pranatacara kelas xi

Total questions: 20

Worksheet time: 38mins

Name
Class
Date
1.

20.     Dhumateng bapa Slamet ingkang kula ... saha para kadang ingkang kula tresnani. Tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara kasebat inggih menika....

a)

A.     Tresnani

b)

B.     Urmati

c)

C.     Kinabekten

d)

D.     Minulya

e)

E.     Bagya

2.

19.     Ingkang saged dipunaturaken dening pranatacara wonten ing perangan panutup kados ing ngandhap menika, kejawi ….

a)

A.    Ngaturaken pambagyaharja

b)

B.    Nyuwunaken pangapunten kagem ingkang hamengku gati/panitya

c)

C.    Nyuwun pangapunten menawi anggenipun nindakaken ayahan pranatacara wonten lepatipun

d)

D.    Ndherekaken ndedonga

e)

E.    Salam panutup

3.

18.     Adicara ingkang angka sekawan inggih menika panutup .... mbok bilih wonten atur ingkang kirang nuju prana saha tindak tanduk kirang nengsemaken, kanthi andhap asoring manah kula nyuwun agunging samudra pangaksami.

Ceceg-ceceg wonten nginggil supados jangkep saged dipunisi ukara ....

a)

A.    Sumangga sareng-sareng kita wiwiti adicara pepanggihan ing dinten menika.

b)

B.    Purnaning wedharing diskusi menika mratandhani bilih adicara sampun paripurna.

c)

C.    Mekaten pangandikan saking Bapak Ketua Sekolah.

d)

D.    Mugi-mugi adicara ingkang karantam menika saged lumampah kanthi winantu barokah saking gusti Allah SWT.

e)

E.    Mekaten menggah runtut reroncening titi laksana adicara pepanggihan ing enjang menika.

4.

17.     Kanthi pangertosan paramasastra pranatacara saged ndhapuk mocap, tembung, ukara, wacana kanthi laras lan leres. Laras tegesipun ….

a)

A.    Pranatacara saged ngrantam trep kaliyan kawontenan saha swasana.

b)

B.    Pranatacara saged ngrantam saha mbabar titi laksana trep kaliyan kawontenan saha swasana.

c)

C.    Saged ngginakaken basa ingkang trep kaliyan paramasastra.

d)

D.    Pranatacara saged nguwaosi kawontenan kanthi sae.

e)

E.    Saged maos titi laras kanthi trep.

5.

16.     Supados saged ngolah basa lan sastra pranatacara kedah saged mangertosi ….

a)

A.    Paramasastra

b)

B.    Unggah-ungguh

c)

C.    Tatakrama

d)

D.    Unggah-ungguh lan tatakrama

e)

E.    Undha-usuk

6.

15.     Metode maos pranatacara ingkang ngginakaken catetan alit inggih menika...

a)

A.    Impromtu

b)

B.    Ekstemporan

c)

C.    Naskah

d)

D.    Apalan

e)

E.    Dadakan

7.

14.     Babagan solah bawa/ trapsila nalika ngandharaken pranatacara inggih menika...

a)

A.   Wibawa

b)

B.    Wirasa

c)

C.    Wiraga

d)

D.    Wirama

e)

E.    Wicara

8.

13.     Dipungatosaken urutan menika!

(1) Ancasing Gati

(2) Atur Pamuji

(3) Salam Pambuka

(4) Panutup

(5) Salam Panutup

(6) Atur Pakurmatan

Urutan struktur teks pranatacara kasebat ingkang leres inggih menika…

a)

A.    1 , 2 , 3 , 4 , 5 , 6

b)

B.    1 , 3 , 2 , 6 , 5 , 4

c)

C.    2 , 6 , 3 , 1 , 5 , 4

d)

D.    3 , 6 , 2 , 1 , 4 , 5

e)

E.    3 , 2 , 6 , 1 , 4 , 5

9.

12.     ”Para pepundhen para pinisepuh ingkang dahat kinabekten”. Ukara menika kalebet perangan ...

a)

A.    Salam pambuka

b)

B.    Tetepungan

c)

C.    Atur pangayubagya

d)

D.    Atur pakurmatan

e)

E.    Atur puji syukur

10.

11.     Ukara ingkang trep kangge murwakani adicara tuladhanipun ….

a)

A.    Ingkang sepindhah sumangga kita dedonga rumiyin.

b)

B.    Kangge mbikak adicara punika sumangga kita dedonga miturut agami sowang-sowang.

c)

C.    Pertami-tami sumangga kita sesarengan panjataken marang Gusti Allah.

d)

D.    Ingkang sepisan sumangga kula lan panjenengan ngaturaken puji syukur dhateng Gusti Ingkang Maha Agung.

e)

E.    Kula minangka pranata adicara badhe ngaturaken rantamaning adicara ing dinten menika.

11.

10.     Tuladha wicara pranatacara ingkang leres inggih menika….

a)

A.    Adicara ingkang angka gangsal inggih menika lain-lain

b)

B.    Dumugi adicara ingkang kaping gangsal inggih menika mancawarni

c)

C.    Acara ingkang angka gangsal inggih menika sanes-sanes

d)

D.    Susunan acara ingkang pungkasan inggih sanes-sanes

e)

E.    Sapunika susunan adicara ingkang angka gangsal inggih menika acara adiwarni

12.

9.     Pranatacara kedah tanggap ing swasana, saged gumbira, saged kucem nawung duhkita menika ateges pranatacara ngugemi prinsip ….

a)

A.    Matanggap

b)

B.    Mawwat

c)

C.    Magatra

d)

D.    Mawastha

e)

E.    Malaghawa

13.

8.     Nalika dados pranatacara kedah maraga, tegesipun ….

a)

A.    Mrantasi lan ngentasi gawe

b)

B.    Mantep lan boten rongeh

c)

C.    Jumeneng jejeg, boten dhoyong

d)

D.    Enthengan lan ngentasi karya

e)

E.    Trampil, sembada ing karya

14.

7.     Pranatacara tindak-tandukipun kedah malaksana, tegesipun ….

a)

A.    Jumeneng kanthi jejeg 

b)

B.    Pantes lan tanggap

c)

C.    Pocapan cetha lan wijang

d)

D.    Luwes lan boten ingah-ingih

e)

E.    Anteb, anteng, boten rongeh

15.

6.     Paraga pranatacara punika kedah saged ngolah raganipun, ing ngandhap punika ingkang leres dipuntindakaken dening paraga pranatacara inggih menika ....

a)

A.    Badan dhoyong

b)

B.    Paningalan namung ningali teks

c)

C.    Astanipun ngapurancang

d)

D.    Tansah lenggah anggenipun ngaturaken acara

e)

E.    Mangu-mangu

16.

5.     Salah setunggaling sarat dados pranatacara ingkang gamben inggih menika kedah gladhen olah swara ing antaranipun kedah wasis wonten babagan wirama wedharing ukara. Wirama wedharing ukara menika ugi dipunsebat...

a)

A.    Artikulasi

b)

B.    Lafal

c)

C.    Wirama gendhing

d)

D.    Intonasi

e)

E.    Vokal

17.

4.     Pocapan/lafal pranatacara kedah cetha, wiramanipun sae. Menika ateges nggatosaken ….

a)

A.     Olah swara

b)

B.    Olah sastra

c)

C.     Olah wirasa

d)

D.     Olah basa

e)

E.     Olah wirama

18.

3.     Cecawis sangunipun pranatacara kados ing ngandhap menika, kejawi ….

a)

A.    Olah swara

b)

B.    Olah basa

c)

C.    Olah sastra

d)

D.    Olah busana

e)

E.    Olah raga

19.

2.     Ingkang boten kalebet dasanamane tembung Pranatacara inggih menika ...

a)

A.    Panata adicara

b)

B.    Panata acara

c)

C.    Pambagyaharja

d)

D.    Pambiwara

e)

E.    Pewara

20.

1.     Pranata adicara menika salah satunggaling paraga ingkang nggadhahi jejibahan … .

a)

A.    Caos seserepan dhumateng para rawuh

b)

B.    Caos panglipur dhumateng ingkang rawuh ing adicara

c)

C.    Nglantaraken titilaksana ing satunggaling adicara

d)

D.    Atur pangandikan ing salebetipun adicara

e)

E.    Maos adicara

Similar Resources on Wayground