WorksheetsLatihan soal B.jawa
Total questions: 25
Worksheet time: 50mins
Gunung Wilis iku sawijine gunung kanthi sesawangan kang endah. Gunung Wilis manggon ing antarane 6 kabupaten yaiku Trenggalek sisih kidul, Tulungagung sisih kidul, Ponorogo sisih kulon, Madiun sisih lor kulon, Nganjuk sisih lor, kediri sisih etan.
Irah-irahan sing cocok kanggo wacan ing dhuwur yaiku
Kaendahan Gunung Wilis
Gunung Wilis
Plesiran Menyang Gunung
Dolan Menyang Gunung Wilis
Manggon ing dhuwur antarane 2563 saka dhuwure rata segara. Gunung wilis ora mung nyuguhake kaendahan alame. Gunung wilis uga panggone kewan-kewan langka sing isih kejaga wujude. Kayata maneka warna wujud manuk, ula, uga kewan-kewan liya liyane. Thethukulan kang sarwa ijo ngrenggani saambane pereng. Tetanduran mau awujud maneka warna tentanduran sing maneka warna wujude.
Wacan ing dhuwur nyritakake bab ...
isen-isene Gunung Wilis
Panggonane Gunung Wilis
Dhuwure Gunung Wilis
kewan langka ing Gunung Wilis
Ing wayah esuk katon ana pedhut sing ngupengi puncake Gunung Wilis lan sakcedheke. akeh angin sing sumilir nggawa mendhung ing awiyat.
saka wacan ing dhuwur kepriye hawane ing Gunung Wilis ...
Panas
Adhem
Sepi
Ayem tentrem
Wayah esuk ing kawasan Gunung Wilis katon endah banget. Ing sisih wetan katon sumamburat abang. mbaka sethithik srengenge mencorong padhang. Embun-embun kang nelesi gegodhongan saya suwe saya ilang ngulap amarga srengenge tansaya panas.
Kepriye kahanane Gunung Wilis ing wayah esuk ...
Panas banget
Udan deres
Katon endah
Rame Banget
Kaendahane Gunung wilis pancen nuduhake alame sing isih asri. iki dibuktekake saka akehe para taruna Pencinta Alam sing padha napaki penjelajahan ana ing Puncake Gunung Wilis.
Tembung Taruna ing tembung ing dhuwur tegese yaiku ...
Nom-noman
Sepuh
Guru
Warga
Adharan kang cocok kanggo negesi teks Deskripsi yaiku...
Teks sing ditulis kanthi ngandharake samubarang kanthi jlentreh, supaya sing maca ngalami dhewe
Teks sing ditulis kanthi ngandharake samubarang kanthi jlentreh lan sing maca ora perlu ngalami dhewe.
Teks sing ditulis kanthi ngandharake samubarang kanthi jlentreh lan sabanjure gumantung menyang sing maca.
Teks sing ditulis kanthi ngandharake samubarang kanthi jlentreh, saengga sing maca kaya-kaya ngalami dhewe.
Beluk kawah ing Gunung Wilis sumundhul ing wiyati
Wiyati padha karo ...
Bumi
Njero banyu
Njero lemah
Awang-awang/langit
Gunung Wilis kinubengan ing pirang-pirang Kabupaten.
Trenggalek salah sijine wewengkone sing ana sisih ...
Lor
Wetan
Kidul
Kulon
Sajake kok radi ngrekaos pakdhe, punapa boten wonten ingkang ngrencangi.
ngrekaos basa ngokone yaiku ...
Angel
Repot
Longgar
Gampang
Wisata Pantai Prigi manggon ing kecamatan ...
Pule
Watulima
Dongko
Bendungan
“Gunung Semeru “. yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku...
Tulisan aksara jawa ing sisih kiwo pangucape sing bener yaiku ...
Numpak motor mabur
Numpak andhong kuna
Numpak Dhokar kuna
Numpak Dhokar
Andharan sing cocok dadi titikane teks deskripsi yaiku ...
Nggambarake kedadeyan kanthi cetha
Wong maca ora perlu nggambarake gambaran kedadeyan sing kababar ing wacan
Kabeh kedadeyan diurut kanthi urutan wektu
Wong maca ora bisa ngrasakake utawa ngangen-ngangen kedadeyan sing ana
Supaya lingkungan ajeg resik yen buwang uwuh kudu ana pawuhan.
Tembung uwuh tegese yaiku...
Omben
Sampah
Panggonan
Lemah
Pawuhan kadunung saka tembung ...
pa+u+wuh+an
pa+uwuh+an
pa+uwan
pa+wu+an
Saben dina preian akeh wisatawan padha plesiran
plesiran tegese...
Sinau
Sekolah
Rekreasi
Lunga
Sing ora kalebu macem-maceme basa rinengga yaiku ...
Dasanama
Parikan
Pepindhan
Panyendhu
Joni kuwi bathuke nyela cendani, drijine mucuk eri, Lengene ...
Nggendhewa pinentang
Tumengeng tawang
Nraju mas
Blarak sempal
Panyendhu yaiku tembung kanggo ngarani perangane awak sing...
Apik-apik
Ala
diumpamakake
Padha tegese
Masiya kerep dicacat bature Cahyo isih tetep Jembar dhadhane.
Jembar dhadhane tegese yaiku...
Sabar
Gampang nesu
Seneng bantu liyan
Sombong, gumedhe
Yen disawang saka kadohan Mantri bungah kaya ketiban ndaru
ketiban ndaru kalebu tembung ...
Parikan
Pepindhan
Penyandra
Panyendhu
Saben sore bapak ngombe kopi ing teras ngarep.
ukara ing dhuwur yen diowahi nganggo krama inggil ...
Saben sonten bapak ngombe kopi ing teras ngajeng
Saben sonten bapak ngunjuk kopi wonten teras ngajeng.
Saben sore bapak ngunjuk kopi ing teras ngajeng
Saben sonten bapak ngombe kopi wonten teras ngajeng
Teks sing nerangake saweneh kegiatan kanthi runtut lan jelas, nganti sing maca kaya ngalami tenan yaiku ...
Dheskripsi
Narasi
Eksposisi
persuasi
Tembung ing ngisor sing kalebu tembung Pepindhan yaiku...
kupat lawuh kara, lepat disepura
Bangkekane nawon kemit
Ayune kaya Dewi Ratih
Kera mripate
Simbah Mundhut sepeda jengki
Basa ngokone Mundhut yaiku ...
Jupuk
Tuku
Gawa
Nyangking
