NEW
Font size
WorksheetsKinanthi dan Geguritan
Total questions: 50
Worksheet time: 38mins
Kang anggit serat Wedhatama yaiku .....
KGPAA Mangkunegara IV
Paku Alam IV
Paku Alaman IV
KGPAA MangkunegaraN IV
Prasetya Eka Purnomo, S.Pd
Geter raosipun manah
swara para janma tansah jejerit
sakabehe wus kagulung
murka aneng samudra
tirta lan samirana samya gumulung
amung bisa andedonga
kamilawase mring gusti
guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu tembang macapat kasebut ...
8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a
12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i, 7a, 7i
8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 7a, 7i
tembang puisi gagrag lawas kanthi paugeran-paugeran tertentu diarani ...
pidato
langgam
geguritan
sesorah
macapat
cacahe wanda (suku kata) ing saben gatra diarani ...
guru lagu
guru gatra
guru wilangan
guru basa
guru wanda
tembang macapat cacahipun wonten....
10
11
12
13
14
Pupuh Kinanthi ana ing serat wedhatama ana....pada
18
35
15
100
17
Tembung Kinanthi nduweni teges....
dituntun
digandheng
diajak
dibarengi
dibimbing
Wos (isi) sajrone Serat Wedhatama Pupuh Kinanthi yaiku...
Kawicaksanan sejati
ngelmu kang sampurna
tumindak ngati-ati
rasa syukur marang Gusti
piwulang kanggo wong enom lan tuwa
Piwulang Serat Wedhama Pupuh Kinanthi sing katujokake kanggo wong tuwa yaiku....
tansah nganut kabecikan kang wis diwulangake
milah-milah babagan ngelmu kang bener
ora ngunggulake hawa nepsu
waspadha kanggo mangerteni pengalamane urip
ngilangake iri dengki
Setitekna teng ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan!
Meloke yen wis arsa muluk,
Muluk ujare wali,
wola-wali nora nyata,
anggepe pandhita luwih,
kaluwihane tan ana,
kabeh tandha-tandha sepi,
Wos sajrone tembang ndhuwur yaiku....
dadi pandhita mung ing lambe
aja gumedhe nalika ngelmune akeh
dhuwur omongane nanging ora duwe kaluwihan
gojag-gajig ing ati merga hawa nepsu
sembrana marakake cilaka
geguritan iku kangga gampange diarani uga ...
kakawin jawa kuna
kidung jawa pertengahan
tembang macapat
tembang campursari
puisi gagrag anyar
kalebu struktur batin geguritan yaiku ...
tema lan amanat
diksi lan tipografi
enjambemen dan lelewaning basa
purwakanthi lan wirasa
panyitra lan diksi
Aja nangis anakku
Ibumu isih lunga
Sedhela maneh teka
Aja nangis, anakku
Umpama hongkong kuwi mung lor kali
Wis wingi-wingi dakparani
Isi saka geguritan dhuwur yaiku ...
wong tuwa kudu mesti nduweni rasa kangen marang anak
bapak kang goleki bojone nganti tekan lor kali
susahe bapak dening tangise anak, sebab kangen ibune kang lagi nyambut gawe ing hongkong
bapak kang goleki ibu tekan hongkong amarga anake lara
susahe bapak marang ibu kang nyambut gawe golek duit nganti tekan hongkong gawe anak
Salami mung awas eling,
Saking kalih gatra tembang kinanthi ing nginggil nggadhahi pitutur ...
mboten wonten tiyang ingkang saged urip piyambak
sedaya tiyang mesthi mbutuhake tiyang sanes
tiyang begja menika tiyang ingkang eling lan waspada
sangune wong urip mung eling lan waspada
tiyang urip menika kedhah tansah sinau supados migunani
Geguritan tradisional biasanipun ngange bebuka ....
Sun nembang
Sun bebungah
Sun ngudhar
Sun gegurit
Sun medhar
Guru lagu lan guru wilangane tembang kinanthi yaiku …
8i, 8a, 8o, 8a, 7a, 8u, 8a
8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
8i, 8a, 8o, 8a, 7a, 8u, 8a
8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
Ukara-ukara ing ngisor iki kang migunakake basa ngoko alus yaiku....
Panjenengan apa sido wangsul sesuk?
Bapak saweg maos kalawarti.
Bapak dhawuh menawa aku kudu sregep sinau.
Ibu lagi ngeterake adhik les
Bumiku Sampun Sepuh
(Frisca Ramadhani)
Ora nyangka, ora nduga, ora krasa
Bhumiku iki uwis ora enom
Yuswa punjul saka 4.500 miliar tahun
Tua, tua banget
Duh Gusti…
Kula dereng siap
Sangu kula dereng cekap
Amargi tasih kathah luput kula
Luput marang panjenengan, luput marang sepadan
Gusti
Kula tasih pengen ngrasakke dadi wong gedhe
nyenengake bapak kaliyan ibu
ndue anak lan putu
nganti mbesuk bisa mantu
Geguritan padha kaloro tegese….
Wong sing salah pengen nywuwun pangapura
Wong kang nduwe pangarep mukti marang gustine
Wong sing pengen pejah dening gusti
Wong padha pamer bandha dunya merga urip salawase
Aksara jawa ing nduwur diwaca ...
awak garing
iwak goreng
liwat nggoling
iwak garing
Salami mung awas eling, tembung ingkang kacithak kandel ing pethilan sekar menika tegesipun menapa?
tansah
sumerep
was sumelang
mangertos
kengetan
Eling lukitaning alam. Tembung lukita ing pethilan sekar menika tegesipun menapa?
tandha
tetembungan
sumerep
ngertos
enget
Eling lukitaning alam, pethilan sekar menika nggadhahi werdi menapa?
Kedah tansah atos-atos kaliyan pratandha saking alam.
Kedah saged maos pratandha saking alam.
Kedah saged njagi badan saking bebayaning alam.
Kedah ngatos-atos dhumateng bebayaning alam.
Kedah tansah enget wontenipun pratandha saking alam.
Yeku pangreksaning urip. Pethilan sekar menika gadhah werdi menapa?
Mekaten caranipun ngrusak pagesangan.
Mekaten caranipun ngertos pagesangan.
Mekaten caranipun pados pagesangan.
Mekaten caranipun nata pagesangan.
Mekaten caranipun nyobi pagesangan.
Marma den taberi kulup, tembung taberi ing pethilan sekar menika gadhah teges menapa?
mila
sregep
ingkang
anakku
nuladha
Angulah lantiping ati, pethilan sekar menika gadhah werdi menapa?
Sinau utawi gladhen nglandhepaken panjangka.
Sinau utawi gladhen nglandhepaken mripat.
Sinau utawi gladhen nglandhepaken raos.
Sinau utawi gladhen nglandhepaken penggalih.
Sinau utawi gladhen nglandhepaken lathi.
Ngisor iki kang ora kelebu arti saka tembung Wedhatama dewe ateges....
Ngemot ajaran kang apik, sae lan mugunani
Ngemot hubungan kang bingungke
Ngemot budi pakerti
Ngemot Filsafat kang migunani
"Mangka kanthiningt ....
Salami mung awas eling
Eling lukitaning alam
Dadi wiryaning ....
Supadi nir ing sangsaya
Yeku pangreksaning .... "
Ukara kang trep kanggo ngisi tembang ing dhuwur yaiku....
tumuwuh,rumadi,urip
gunawuh,dumadi,urip
tumuwuh,dumadi,urip
tumuwuh,dumadi,antip
"Dene awas ....
Weruh warananing urip
Miwah wisesaning ....
Kang atunggul rina wengi
Kang mukitan ing sarkara
Gumelar ngalam ...."
Tuladha kang trep kanggo nglangkapi tambang ing dhuwur yaiku....
tegesipun, tunggul, sekalir.
tegesipun, tunggal, sekalir.
tegesipun, tunggal, sarkara.
raosanipun, tunggul, sekalir.
Jingglengana geguritan ing ngisor!
Medhitasi Mangsa
Sumono Sandy Asmoro
....
Bumi kae ora nate mbedak-mbedakake
Samubarang kang ana ing sadhuwure
Kabeh winih dithukulake
Ora metung papak lancipe
Isine pethikan geguritan ing dhuwur yaiku manungso ...
Kudu milah lan milih
Tumindak sakarepe
Kang ngina mring sasama
Ora oleh mbeda-mbedake
Kudu bisa mbeda-mbedakake
Uneg-uneg tukang rosok marang calon pemimpin
Dening Siti Purwati, S.Pd.
....
Nanging, jajalen ..... titenana
Yen panjenengan klakon lungguh kursi
Aja maneh kok takon lan nyalami aku
Yen ketemu, noleh wae panjenengan ora duwe wektu!
Opo maneh kok mujudake janji-janji jenengan
Tembung “lungguh kursi” ing pethikan geguritan iku ateges ...
Dadi pemimpin
Dadi Juwara
Lungguh kepenak
Lungguh empuk
Kursi sing empuk
Angen-Angen
Fara Fitriana
Yen ta iso, aku pengin sampurna
Sakora-orane kaya pari ing sawah
Migunani tumrap bebrayan
Nanging tetep ndingkluk andhap asor
Yen ta isa, aku kepingin dadi kelapa
Migunani wiwit oyot nganti janure
Utawa dadi wit ringin
Kuwat ngayomi sapada-pada
Yen ora aku pengin dadi lilin
Menehi pepadhang kanggo liyan
Ning nyatane aku amung manungsa sawantah
Ora rosa nadhan sesangan
Amung bisa netesake luh ing batin
Nalika gawe gela liyan
Tulung, aku aja dipeksa mbangun turut wae
Aku ngerti,
Aku amung ora pengin ana sing lara ati maneh
Aku lan sapa wae sing iso ngayomi
Aku
Aku mung pengin urip mulya kegaro angen-angenku
(Penyebar semangat, No 18-30 April 2016)
Angen-angen iku ngemu teges ...
Gegayuhan sing wus klakon
Gegayuhan sing durung klakon
Kanyatan sing wis dilakoni
Kanyatan sing durung dilaksanake
Kanyatan sing mokal kelakon
Sabar sareh bakal pikoleh
Ukara kasebut kalebu purwakanthi ...
sastra
basa
lumaksita
swara
Unsur-unsur fisik pembangun geguritan
Maca judul
Maca ukara penjelas
Maca lan njingglengi geguritan wiwitan nganti pungkasan
Gawe dudutan tema
Nggancarake amanat
Geguritan kang surasane babagan crita utawa lakon kang nyata utawa mung lamunane pujangga
Balada
Romansa
Ode
Satire
Elegi
Geguritan kang surasane babagan katresnan
Ode
Satire
Elegi
Romansa
Balada
Geguritan asale saka tembung lingga "gurit" sing nduweni teges....
tulisan, tatahan, paragraf
tulisan, tatahan, pacelathon
tulisan, tembung, gancaran
tembang, kidung, tatahan
tembang, kidung, karangan
Geguritan iku wujude bait kang basane cekak, menthes lan endah.
Cekak iku tegese....
nggunakake basa Jawa kuna
tembunge duwe makna kang jero
mingunakake basa kang ringkes
nggunakake purwakanthi swara, sastra lan basa
bisa nganggo tetembungan pilihan
Wis akeh prajurit sing dadi banten
ora sethithik bandha kang kawetu
mung kanggo lelabuh sliramu
ibu pertiwiku,
kang tansah nguripi awakku
Ibu pertiwi,
para taruna nglilakake pawiyatan
amung kanggo perang
ngupadi kamenangan
amrih negara aman
Tema sajrone geguritan ndhuwur yaiku....
agama
pahlawan
kulawarga
lingkungan
panguripan
Wis akeh prajurit sing dadi banten
ora sethithik bandha kang kawetu
mung kanggo lelabuh sliramu
ibu pertiwiku,
kang tansah nguripi awakku
Ibu pertiwi,
para taruna nglilakake pawiyatan
amung kanggo perang
ngupadi kamenangan
amrih negara aman
Sing menehi apa wae kanggo uripe panulis yaiku....
guru
perang
para taruna
ibu pertiwi
kamenangan
Wektu
Mungkuring wektu
Padha ilining ranu lan,
tan kena diambali
Satemene manungsa iku
Nemahi kapitunan kang nyata
Amarga lena marang wektu
Kanggo manembah marang Gusti
Kang Murbeng Dumadi
Mesthi ora bakal
antuk kapitunan
Miturut geguritan ing dhuwur, manungsa bakal nemoni kapitunan amarga....
migunakake wektu kanthi becik
lena marang wektu
wektu mlaku terus
wektu teka dhewe
nyaguhi kuwajiban
olehe ngetung kudu ditaker
pasang pathok kudu bener
Ukara ing ndhuwur kalebu purwakanthi...
purwakanthi lumaksita
purwakanthi guru gatra
purwakanthi guru swara
purwakanthi guru sastra
purwakanthi guru wilangan
Nalika awak dhewe matur dhateng Bapak Ibu, becike nganggo ragam basa apa?
Ngoko Lugu
Ngoko Alus
Krama Lugu
Krama Alus
Ngoko Andhap
Ing ngisor iki kang kalebu tuladha basa krama lugu yaiku . . .
Pak Dhe kula dereng wangsul saking kelurahan
Pak Dhe kula sampun kondur saking kecamatan
Pak Dhe nembe kemawon tindak dhateng kantor
Pak Dhe durung sare amarga ngrampungake tugas
Pak Dhe taksih dhahar kaliyan Ibu wonten warung
"Wekdal Ibu . . . . dhateng peken, kula taksih . . . . wonten kamar"
Kesah-Siram
Tindak-Tilem
Kesah-Sare
Lunga-Turu
Tindak-Turu
Ing ngisor iki basa sing kurang trep karo unggah-ungguh yaiku . . . .
Aku mau bengi ngimpi dholan menyang taman
Ibuku sesuk arep tindak menyang Bandung
Mangga dipuntedha rumiyin tedhanipun
Wekdal eyang sare, adhik dholanan piyambak
Tindakku wingi bareng karo bapak ibu guru
Nalika matur ing rapat RT, kepriye anggonmu njaluk kawigaten?
Keparenga nyela pangandikan dhateng para bapak-bapak sedaya.
Kula suwun bapak-bapak mendel rumiyin, kula badhe matur!
Kepareng nyela atur dhumateng bapak -bapak ingkang nembe wawan pangandikan
Kula suwun panjenengan sedaya mirengaken atur kula menika
saya minta bapak-bapak mendel rumiyin, kula badhe matur!
Simbah : “Kowe mau saka ngendi Na?’
Nana : “Saking ......... budhe Siti Mbah.”
Simbah : “Masmu Joko ana neng ....... ora?”
Nana : “Boten wonten Mbah. Mas Joko tilem wonten ......... Mas Doni.”
Rerangkening tetembungan ingkang trep kangge njangkepi pacelathon kasebat, inggih menika .....
griyanipun - omah - daleme
griyane - griya - omahipun
dalemipun - griya - griyane
dalemipun - omah - griyane
griyanipun - omah - omahe
Ukara ingkang leres menawi lare matur dhateng tiyang sepuh, inggih menika ....
“Turene Bu Giyah, Ibu mau tindak pasar ya?”
“Kula benjing ajeng tindak kaliyan Bu Dhe dhateng Sala.”
“Sik ta Pak, menawi sanes bapak sing njupuk, lajeng sinten?”
“Pak Lurah, sowan kula mriki dipunutus bapak nyaosaken layang menika.”
“Kula pun ngertos kok Pakdhe, wong ibu wingi sampun matur bab menika dhateng kula.”
“Ayo Bu, bareng karo aku wae, yen kowe arep menyang Puskesmas”, pangajake Dira marang bu RT.
Ukara ingkang leres inggih punika...
“Mangga Bu, sareng kula mawon yen ibu ajeng tindak dhateng puskesmas”.
“Mangga Bu, sareng kaliyan kula kemawon, manawi Panjenengan badhe tindak dhateng Puskesmas”.
“Mangga Bu, sareng kaliyan kula kemawon, menawi ajeng tindak dhateng puskesmas”.
“Mangga Bu, sareng kaliyan dalem kemawon, menawi Panjenengan badhe tindak dhateng Puskesmas”.
“Mangga Bu, sareng kaliyan dalem kemawon, menawi sampeyan badhe tindak dhateng Puskesmas.
Ukara kasebut yen ditulis nganggo aksara latin yaiku
Panyen penak wadi bocah sekolah
Panyecen wenak dadi wong sekolah
Pancen penak dadi bocah sekolahan
Pancen wenak dadi wong sekolahan
Panycen penak dadi bocah sekolah
