NEW
Font size
WorksheetsPENILAIAN HARIAN PAWARTA
Total questions: 10
Worksheet time: 30mins
Ngancik wulan siyam utawa pasa, cacah ewon bebrayan ing sakiwa tengening kutha Tegal nganakake tradisi Padusan. Tradisi iku turun temurun ditindakake dening warga ing sakupenge gunung Slamet ing sisih lor kulon. Kepara malah padusan Guci dadi objek wisata kang misuwur ing kecamatan Bumijawa, kabupaten Tegal. Tradisi padusan kuwi duwe maksud kanggo reresik awak minangka simbol reresik kanggo ngadhepi wulan pasa.
Irah-irahan kang trep kanggo pawarta ing dhuwur yaiku . . . .
Reresik
Tradisi Padusan Guci
Pasa ing Kutha Tegal
Nyambut Ramadan ing Guci
Adus Banyu Panas ing Guci
Perangan sinten ing sajrone pawarta iku jlentrehake tiyang utawa pawongan kang ana ing sajrone kedadeyan prastawa ing kedadeyan.
Ing ngisor iki ukara kang nuduhake perangan sinten ing pawarta yaiku . . . .
Lakon Lair Jroning Kubur antuk predikat tata artistik kanthi pangalembana
Festival Kethoprak Gaul#4 dianakake ing dina rebo-kemis, 16-17 Nopember 2016
Kang mimpang predikat pangalembana Festival Kethoprak Gaul#4 dipilih dening dewan juri
Pedhut Bumi Tuban mbabar crita ngenani sesambungan tresna antarane Sri Huning lan Raden Wiratmaya
Festival Kethoprak Gaul#4 dianakake ing Gedung B8 Fakultas Bahasa dan Seni (FBS) Unnes kampus Sekaran
Perangan kala menapa ing sajrone pawarta iku jlentrehake dina lan wektu anggone prastawa ing kedadeyan.
Ing ngisor iki ukara kang nuduhake perangan kala menapa ing pawarta yaiku . . . .
Pesawat Garuda landing saka runway 09, kepleset ana ing sisih kidul Apron terminal A
Pesawat Garuda kang kepleset itu pesawat kanthi nomer registrasi PK GNK - GA 258
Pesawat Garuda kepleset ing Bandara Adisutjipto dina rebo (1/2/2017) 19.51 wengi
Pesawat Garuda ana ing sisih lor landasan kanthi posisi madhep sisih timur laut
Pesawat Garuda kang kepleset mabur saka Cengkareng nuju Yogyakarta
4 petugas Dinas Kesehatan ngagem APD jangkep, setu siyang murugi SMP Negeri 7 Kitha Tegal kangge nindakaken SWAB dhateng siswa lan dwija.
Saka pethilan pawarta ing dhuwur kalebu perangan pawarta 5W+1 H yaiku . . . .
Punapa
Ing pundi
Kados pundi
Kala menapa
Kenging menapa
Ewonan warga saking 23 RW ing Kelurahan Semanggi tumut Kirab Budaya nempuh lampah 4 km tumuju sangandhaping kreteg Mojo. Lampahing Kirab dipun regengaken maneka Kridha Seni, antawisipun Pagelaran tari sarta sandiwara ingkang gambaraken greget gotong royong kanthi mikul kajeng ageng sumusul para ibu ingkang bekta dhedharan. Puncaking Krida dipun regengaken pentas seni lan budaya dhateng Panggung Bantaran Bengawan Solo. Ancasipun kangge ngengetaken warga dhateng sejarah kampung Semanggi.
(Kapethik saking giyaran Jogja TV, 4 Desember 2016)
Saka pethilan pawarta ing dhuwur, apa suraos pawarta ing dhuwur?
Kirab Budaya kitha Surakarta
Kirab Budaya Grebeg Semanggi
Kirab Kridha Seni tari lan sandiwara
Pentas seni lan budaya Panggung Bantaran Bengawan Solo
Kirab Budaya kangge ngengetaken warga dhateng sejarah kampung Semanggi
(1) Karnaval Kecamatan Gringsing warsa 2019
(2) dinten kemis tanggal 29 Agustus 2019
(3) ing dalan pantura Gringsing, saking R.M.Raos Eco dumugi R.M.Sendang Wungu
(4) Acara karnaval kecamatan Gringsing dipun wiwiti tabuh 13.00 WNIK kempal wonten ing R.M.Raos Eco mlampah ngetan dumugi finish ing R.M.Sendang Wungu kirang langkung 1,5 km. Saben tim duweni kreativitas piyambak. Tema batik lan budaya nuswantara dados pilihan peserta karnaval.
(5) Karnaval kecamatan Gringsing kangge nyengkuyung pengetan dinten kamardikan Republik Indonesia kaping 74 lan raos guyub rukun masarakat Gringsing
Saka perangan pawarta ing dhuwur kang dadi perangan kenging menapa yaiku ing nomer . . . .
1
2
3
4
5
Pesawat kasebut metu landasan sak uga mendarat saka runway 09 karo kondisi cuaca udan. Kondisi crew lan awak pesawat slamet saiki lagi proses evakuasi. Wondene saka penelususran liwat situs Flight Radar, pesawat kasebut sadurunge muter-muter ndhisik. Kuwi katon saka rute pamaburan padha karo sing ana neng Flight Radar.
Saka pethilan pawarta ing dhuwur kalebu perangan pawarta 5W+1 H yaiku . . . .
Punapa
Ing pundi
Kala menapa
Kados pundi
Kenging menapa
303 siswa SMP lan SMA se-derajat ing Kabupaten Sleman ingkang gadhah prestasi ing bidang akademik lan non akademik inggih ing tataran nasional menapa dene internasional nampi beasiswa saking pamarentah kabupaten Sleman. Beasiswa kasebat dipun pasrahaken dening Bupati Sleman, Sri Purnomo dhateng para siswa wau mapan ing gedhung Serba Guna Sleman. Beasiswa ingkang dipuntampi dening siswa kathah piyambak 5 yuta rupiah. Dene kangge 303 siswa kalawau gunggung beasiswa ingkang dipunparingaken inggih 700 yuta rupiah. Miturut Sri Purnomo, beasiswa menika kejawi minangka wujud tandha pangalembana ugi kangge njurung gregetipun para siswa supados langkung sregep sinau lan gladhen satemah saged nggayuh prestasi ingkang langkung sae malih.
Subardi, Jogja TV
Saka pawarta ing dhuwur, kang dadi wos surasane pawarta yaiku . . . .
Pamrentah kabupaten Sleman maringi beasiswa prestasi marang 303 siswa
Pamrentah kabupaten Sleman maringi beasiswa marang siswa SMP lan SMA
Siswa SMP lan SMA nampa beasiswa saking pamarentah ing gedhung serba Guna Sleman
Sri Purnomo maringake beasiswa kang gunggunge 700 yuta rupiyah marang 303 siswa ing Sleman
Pamarentah kabupaten Sleman maringi beasiswa prestasi marang 303 siswa SMP lan SMA minangka tandha pangalembana
Rebo (27/7) antawisipun tabuh 21.30, setunggal baita kagunganipun nelayan kelep ing Pantai Utara Pemalang, Jawa Tengah. Kedadosan menika dipun dugi amargi baita ingkang diputitih dening 18 tiyang menika kenging ombak ageng nalika ing tengah-tengah seganten. Rahayunipun 16 tiyang saged manggih wilujeng. Ananging, kalih tiyang sanesipun, Surinto (37) lan Darno (55), dereng saged dipunpanggihi.
Pethilan ing ngandhap menika ingkang boten jumbuh kaliyan pawarta ing nginggil inggih menika . . . .
Kacilakan menika kedadosan nalika dinten Rebo surya kaping 27 Juli
Baita ingkang nandhang cilaka menika dipuntitih dening 18 tiyang
Kacilakan menika kedadosan ing kitha Pemalang, Jawa Tengah
Ing kacilakan menika kalih tiyang boten saged manggih wilujeng
Ing kedadosan menika Surinto (55) dereng saged dipunpanggihi
Ajang Pekan Olahraga Pelajar Daerah (POPDA) 2020 tataran Kitha Semarang digelar malih 27-31 Januari 2020. Adon antawis tataran SD, SMP, SMA, SMK dipun kepyakaken langsung dening Walikota Semarang Hendrar Prihadi ing KORPRI Lomba Juang, senen enjing.
Gatosaken ukara jangkepan pawarta saking Semarang TV ing ngandhap punika!
(1) Hendrar ugi meling supados para pandherek tetep njagi sportivitas.
(2) Para atlet menika badhe tandhing ing 18 cabang olahraga lan dipundampingi dening 175 official.
(3) POPDA 2020 dipundhereki 1700 pandherek saking 16 koordinator satuan pendidikan (Korsatpen) se-kitha Semarang.
(4) Kepala Dinas Pemuda dan Olahraga (DISPORA) kitha Semarang, Suhindoyo mratelakaken Pekan Olahraga Pelajar Daerah, POPDA 2020 minangka ajang seleksi para atlet siswa ing bidang olahraga ingkang mengajeng ndherek salebeting POPDA Jawa Tengah.
(5) Walikota kota Semarang Hendrar Prihadi mratelakaken POPDA menika minangka sarana kangge silaturahmi, andhum pengalaman lan teknik antawis atlet. Kejawi menika POPDA kitha Semarang badhe byantu ngasah keprigelan para atlet lan ajang gladhen mental sesambeting ndherek kompetisi.
Saking pawarta ing nginggil punika, urutaning ukara kangge njangkepi perangan pawarta inggih menika . . . .
4-3-5-2-1
4-3-2-5-1
2-3-4-5-1
3-2-5-1-4
2-5-1-4-3
